Rumah

Puisi Aris Rahman Yusuf
Narator Indah Darmastuti
Ilustrasi Musik Endah Fitriana

Ketika terbangun di subuh hening
ricikan air terdengar dari kamar mandi
kaubasuh kepala hingga kaki
saat usai tubuh memancar bening
Gadis kecil menggelar sajadah
berdoa meminta rumah
rumah persembahan
bukti bakti kepada orang tua
Usia masihlah belia
uang tak ada
apalagi harta
Gadis kecil lalu sibuk merangkai kata
ia susun satu per satu batu bata
ditorehkan pada kertas kosong
sebelum berangkat sekolah
kertas diberikan kepada ibu
Rumah kita telah tua, katanya
ibu, di kertas ini ada rumah baru
aku bangun dengan kata
singgahlah di situ, bu
hiasi dan isi perabotannya dengan doa
hingga usia beranjak dewasa

Mojokerto, 29042016

Kidung Asmara Mangsa Rendeng

Cerkak Abednego Afriadi
Kamomot ana ing Jagad Jawa Solopos, Desember 2012
Katuturake dening Endah Fitriana
Ilustrasi musik Endah Fitriana

Desember 2012

Watara telung dina iki, saben krungu pepujen Kidhung Pasamuan saka greja wetan omah, sirahe Bandi mesti mumet. Pepujen Dalu Suci iku sing agawe dheweke kelingan marang kedadeyan setahun kepungkur.

Desember 2011

Pak Pendheta Stefanus Legowo meling para nom-noman greja diwajibake latihan koor lan sandiwara kanggo ngregengake Natal. Pendheta sing sadurunge dhines ing greja pepanthan Kulonprogo, Daerah Istimewa Yogyakartam iku duwe pengarep-arep nambahi pakaryan nerak wewaler lan agama.

Apamaneh, durung ana sesasi iki sawijining warga greja konangan nyolong dhuwit pisungsung lan kegaruk polisi jalaran mendem kewer-kewer aing prapatan. Bandi, sawijining nom-noman, didhapuk maragani Yusuf ing sajroning sandiwara Natal.

Bandi ya seneng-seneng wae amarga digandhengake karo Winong, sing maragani Maria. Winong kuwi manis, rambute dawa sak bangkekan, kulite langsep, lambene tipis, alise njlirit nanggal sepisan, idepe ndengking, alus tembunge lan jero ngelmune.

Pak Giyatmo, bapake Winong, dadi anggora majelis greja lan carik. Bu Yayuk, ibune Winong, kepala sekolah. Sapa sing gelem semaya dikongkon ngeterake mulih tekan omahe? Sapa sing kewanen nyampluk tangane sing lagi gondhelan bangkekan nalika diboncengake pit montor liwat jeglongan?

Sanadyan durung tau melu teater, nanging saka prejengane kuwi Bandi wis lumayan patut. Rambute ngombak, alise kandel, lan irunge kaya cucuk manuk bethet. Rada patut yen dipacak kayadene wong Timur Tengah. Nanging kurang siji, lambene rada ndomble.

”Kowe sing paling patut maragani Yusuf, Ban,” kandhane Pakdhe Bibit, seniman sing kaijabah ngracik sandiwara ing greja saben pawiwahan Natal lan Paskah. Pakdhe Bibit iku pancen pinter mbombong Bandi.

Ya mung Bandi iku sing gelem didhapuk dadi pasangane Maria sing diparagani Winong. Sawetara nom-noman liyane milih didhapuk dadi telung wong Majus saka wetan lan tukang angon wedhus, sanadyan yen gelem ngakoni, akeh nom-noman iku sing duwe rasa ketarik marang Winong.

Saliyane kuwi, para nom-noman uga milih melu grup band lagu greja kareben diarani alim nanging gaul. Sepisanan gladhen, awake Bandi gembrobyos, jobine greja iku dirasaake kaya miring manengen lan mangiwa.

Anggone maca serat kayadene ilate kesrimpet-srimpet, lan kamisosolen nalika nyawang Winong saka cedhak. Rasane dadi campur bawur, antaraning seneng lan isin. Seneng amarga nyawang wanodya sing ayu menik-menik, isin amarga Bandi ngrumangsani yen raine dhewe kebak kukul.

Apa maneh yen dheweke lali durung kober sikatan sadurunge gladhen, mesti ora wani ngomong banter lan nyedhaki Winong. Sumelang yen ambune jangan lodheh, sambel teri, lan gereh pethek sing dipangan awan sadurunge gladhen sumebar tekan irunge Winong.

Sumelang yen Winong dadi wegah melu sandiwara jalaran kamigilanen marang ababe Bandi. Sansaya suwe, Bandi sansaya ketarik marang Winong, nanging durung wani ngutarakake.

Bandi mung wani nyawang saka cedhak nalika gladhen sandiwara. Mung wani mbayangake raine Winong nalika ngalamun ing kamar sinambi ngeloni guling. Sansaya suwe Bandi uga temata anggone nyandhang.

Sadurunge mangkat gladhen, dheweke ora lali nyemproti awake nganggo wewangen, sikatan sing resik lan nglengani rambute nganti klimis. Ibune dhewe nganti gumun amarga dadi boros anggone blanja odhol, sabun lan sampo. Sangertine ibune, Bandi iku keset. Yen ora dioprak-oprak kon adus, ya ora adus.

***

Langit ing ndhuwur greja katon peteng sanadyan isih jam 16.00 WIB. Ora ana angin, nanging gludhuge nyamber-nyamber. Manuk-manuk sriti pada baris rerentengan ngubengi menara gentha greja sing dibangun sadurunge kamardikan.

Kuwi pratandha meh abyor tangise mendhung sing gemandhul ing langit. Wedhus-wedhus sing dingon gage diulihake menyang kandhang dening tukang angon, mangkono uga bebek, menthok, pitik, sapi lan kebo.

Bandi wis dandan mlithit lan klimis banjur nyetater pit montor plethuke lan gage methuk Winong amarga kabeh panitya Natal diwajibake tekan greja rong jam sadurunge liturgi diwiwiti.

Gembregesing awak jalaran kudanan pirang-pirang dina ora dadi pepalang niyate Bandi dadi paraga ing sandiwara Natal, semana uga Winong sing wiwit mangkat wis katon pucet raine.

Ora krasa, genthajam ana ing tembok greja wis kemlonthang ping enem. Pratandha ngibadah kudu diwiwiti, semana uga sandiwarane.

***

Pepujen Dalu Suci mbukak wiwitan sandiwara. Yusuf lan Maria mlaku thimik-thimik golek panggonan kanggo nginep. ”Adhuh, Mas. Aku wis ora kuwat!!” ujare Maria.

”Sabar ya, Dhik! Iki ora ana kamar sing kosong. Anane kandhang wedhus. Piye, Dhik? Ra papa?” semaure Yusuf.

”Iya, Mas. Nanging, aku wis ora kuwat,” ngono ujare Maria karo nyekeli sirah.

Bandi dadi bingung, amarga wangsulane Winong kasebut ora kapetung mlebu ing jroning naskah sandiwara. Bandi sansaya kaget amarga Winong sing maragani Maria iku gemlethak, semaput.

”Hlo, Dhik! Dhik! Dhik! Dhik Maria…!” ujare Bandi bingung, antaraning maragani Yusuf lan sumelang saktenane.

Bandi gage menehi pitulungan kayadene sing diwulangake ing Pramuka. Dheweke nyoba gawe napas buatan. Ngibadah Natal sore iku dadi geger amarga tumindake Bandi.

Bu Yayuk, ibune Winong, katon abang ireng kisinan, banjur marani Bandi karo nyemprot raine Bandi nganggo hairspray supaya ngrampungi anggone nyebul lambene Winong. Amarga ora kuwat marang ambune hairspray, Bandi malah dadi melu-melu semaput.

Sandiwara kapeksa dibubarake, nanging ibadah tetep mlaku kaya sing wis dijadwalake. Bandi tangi jalaran krungu pepujen Dalu Suci, nanging isih krasa neg jalaran kambonan hairspray sing isih tumemplek pliket ing raine.

Desember 2012

Mula tekan seprene Bandi uga ambu-ambunen hairspray nalika krungu pepujen Kidhung Pasamuan. Ibune nganti gumun.

”Hla wong ngrungokake ndhangdhut wae bisa melu njoget ngleter, mongsok yen krungu Kidhung Pasamuan malah mumet? Apa kowe iki kesurupan dhemit?” pitakone ibune.

”Wah, nggih mboten ta, Bu. Wong kula niki mboten seneng dolanan jaelangkung kangge pados sonji capjiki kok,” ngono semaure Bandi karo ngamril busi pit montor Honda plethuk sing arep dinggo methuk Winong sing wis ngenteni ana ngarep warung mi ayam sapinggire alun-alun kabupaten.

>