Cerkak – Dina Iki Aku Ulang Tahun 

Spread the love

Cerkak Dening: Gayuh R Saputra

Kamomot ana ing Majalah Jayabaya, Minggu III, Agustus 2013  

Katururake Dening: Endah Fitriana

untuk mengunduh file suara, silakan klik di sini.

 

Seminggu maneh kuliyah semester enem wis rampung. Tegese  aku wis bakal mardika saka kuliyah, tugas, lan kegiyatan-kegiyatan kampus. Ing pungkasaning semester iki aku kudu ngrampungake LPJ kanggo tutup masa jabatan. Ing semester ngarep pangajabku wis ora nduwe tanggung jawab kejaba pilihan ketua BEM Fakultas sapungkurku. Dadi aku bisa fokus nggonku kuliyah. Sejene ngono wis wayahe nyiapake nggawe proposal kanggo bahan skripsi.

Jare kanca-kancaku aku iki kedanan pangkat lan jabatan. Yagene wis semester tuwa barang isih dadi mahasiswa abadi. Sabane kampus, yen libur arang mulih. Kok ya gelem-geleme ngurusi bab sing, aloke kanca-kanca ssaben ketemu karo aku. Ning iku ora dakreken. Anggonku nyalon ketua BEM iki merga kedanan pangkat lan jabata,. mung pengin golek pengalaman.

“Mung trima golek pengalaman? Apa isih kurang anggonmu neng? Apa neng semester tuwa iki ora mikir masa depan lan skripsimu?” aloke Liana, kanca raketku wiwit semester siji.

 “Ya ora ngono. Awakmu ngerti progam kerjane awake dhewe mbiyen ora oleh palilah saka pak Karman. Yen mengko aku dadi bisa dakterusake.” wangsulanku marang Liana.

“Ya uwis Her yen kuwi wis dadi tekadmu. Mung siji pesenku, kuliyahmu aja nganti kethetheran. Semester lima ki akeh-akehe tugas. Durung mengko ana kuliyah semantik barang.”

Ora krasa wektu setaun. Tugas-tugasku ing organisasi wis daktindakake. Apa kang dadi visi misiku wis kasembadan. Saiki aku bali dadi mahasiswa biyasa maneh ing sisaning semester nem iki. Senajan wis mardika saka organisasi, nanging kaya ana sing isih nggandhuli. Rasane aku iki kaya ora bisa uwal saka ruang BEM, papan semedi saben dinaku.

Aku lam-lamen marang salah sijining anggotaku kang dadi ketua koordinasi bidhang kesenian, Zayin Selviana saka jurusan basa Inggris. Kerjane apik, pinter, lan apa kang dadi jejibahane ditindakake kanthi tanggung jawab. Mangka uga  grapyak. Bisa diarani aku lagi kasmaran marang Zayin.

“Apa? Awakmu seneng karo Zayin? Ora kliru ta iki?  pitakone Liana sajak ora percaya nalika dakcritani.

“Ora kok. Apa sing dakomongake iki pancen bener. Masa aku ngapusi? Mula ewangana aku, iki sik tahap pedhekate.” wangsulanku ngyakinake Liana.

“Ngewangi piye? Mak comblang ngono apa piye? Ngertiya ya Her, Zayin kuwi kanca nunggal kos karo aku. Dadi aku luwih ngerti tinimbang awakmu. Karodene dheweke wis nduwe pacar, jenenge Danang kuliyah ing ITS. Apa sing arep mbokarep-arep? Kok kaya ora ana bocah wedok liya.” Liana tambah akeh anggone ngomong.

Aku tanggap marang Liana. Dheweke mesthi ora sarujuk yen aku pedhekate karo Zayin. Ora kaya biyasane dheweke srengen yen dakcritani perkara ngene iki. Kamangka niyatku crita kuwi mung merga dheweke kanca raketku supaya nyengkuyung. Kok malah Ngundhamana entek-entekan. Yen dudu Liana, apa arep crita marang Erlina utawa Ana sing jago gosip kae?

“Apa dupeh wis sms-an njur mbokanggep dheweke uga seneng karo kowe? Hah, aja kegedhen rumangsa, Her. Pancen dheweke kuwi karo sapa wae grapyak. Ora maido yen sms-an karo awakmu bantere kaya Arga Lawu. Hla wong karo Irawan wae ya sering sms-an. Kamangka Irawan kuwi wis nduwe pacar jenenge Fitra. Apa ya bisa diarani Zayin kuwi dhemen karo Irawan? Dhasare apa? Mula aja dupeh wis sering sms njur mbokarani yen Zayin kuwi seneng kowe. Huh, Ge-Er!” sepisan maneh Liana ngundhamana.

Kandhane Liana kuwi pancen teges ngandhut sewu makna. Yen perkara Zayin wis nduwe pacar kuwi lamat-lamat aku ya tau krungu. Bareng daktakoni langsung, dheweke nyauri yen sesambungane klawan Danang saiki nggantung, bisa diarani lagi panas-panase. Jarene sedhela maneh bakal putus. Hla apa ora seneng yen krungu tembung kaya mangkono? Ateges anggonku pe-de-ka-te antuk dalan padhang alias ana harapan. Kok Liana ora sarujuk?

Ora dakreken. Liana kuwi kaya dene krikil tumrap lakuku. Blas ora mujudake kanca sejati. Sing cetha kanthi ngitungi  lumakune wektu lan munyere pandhom jam, sesambunganku klawan Zayin tansaya cedhak. Yen cecaturan wis ora kakehan guyon utawa jaim-jaiman. Malah saiki wis ora sms-an maneh kaya padatane saben wengi. Yen ana kalodhangan aku kerep dolan menyang kose, utawa yen dheweke repot cukup daktelpun wae wis bisa dadi tetambane lara wuyung. Ngugemi bebasan jare witing tresna kuwi saka kulina, mula aku rumangsa cocog karo Zayin. Ing pangajab bisaa dheweke dadi kanca atiku kanggo saiki lan sateruse.

Kaya kang wis dakrancang wingi-wingine, Zayin bakal dakajak metu pas dina ulang tahunku seminggu maneh. Embuh arep metu menyang ngendi isih durung nduwe gambaran. Cethane mulih saka dolan dakajak mampir menyang lesehan ikan bakar Rumadi ngarep sate ayame cak Ndut. Ora ana acara mirunggan, mung kepengin nganakake syukuran cilik-cilikan. Saliyane papane uga cocog lan nyantai kanggo cecaturan, ing kono uga rencanane bakal dakuntabake sakabehe rasa kang sasuwene iki dakpendhem.

“Mokal, Her. Mokal. Rancanganmu kuwi bakal mlese saka kekarepanmu. Aja kegedhen angen-angen kaya cebol nggayuh lintang. Kok wani-wanine ngajak Zayin metu, kathik ngajak dinner neng Rumadi barang. Kok semugih men, hla wong biyasane wae mung neng penyetan Vida. Yen ora pengin atimu lara, aluwung mbok wurungake niyatmu kuwi. Kuwi yen omonganku mbokgagas, dene ora ya mangga kersa. Sing jelas aku kakehan omong ngene merga perduli karo kowe!”

Iki kaping pindhone Liana ora nyarujuki kekarepanku. Malah apa kang dadi rancanganku kuwi dientahi lan dipaido entek-entekan. Yen wis kaya ngene iki arep piye maneh. Nduwe kanca raket siji-sijine wis ora bisa diandelne maneh. Wis ora sadalan karo pamikirku. Tegese aku kudu maju perang dhewe. Perang mungsuh aji gendham asmaadhana duweke Zayin kuwi.

Nanging bareng rancangan wis tinata kanthi mateng, dumadakan kahanan malik gambyang. Esem ngujiwat  saka lambe tipise Zayin kang dakantu-antu saben ketemu kuwi wis ora kawetu maneh. Saben ketemu ing kampus mesthi endha cepet-cepet ngalih saka panduluku. Iki ora kaya biyasane yen ketemu ngana kae banjur mesem njur ora lali takon utawa aruh-aruh. Daktelpun lan sms bola-bali meksa ora ana wangsulane. Kamangka dina ulang tahunku mung kari sedina sesuk kuwi. Lan dheweke uga wis nyaguhi yen gelem dakajak metu.

Pikiranku malih semrawut. Arep nindakake apa wae tansah ora jenak. Dakcoba ndudut saka kadadeyan iki, apa iya Zayin arep gawe kejutan marang aku kanthi ngendhani saben sapatemon lan telpunku? Banjur mengko yen wis nyedhaki jam rolas wengi dheweke telpun njur ngucapake ulang tahun. Ah, mbok menawa kaya mangkono dheweke iku. Atiku nyicil ayem muga-muga bener pangiraku. 

Atiku wiwit goreh maneh nalika pandhom jam nudhuhake angka setengah rolas. Nyedhaki wektu gumantine dina kuwi ora ana sms utawa telpun saka Zayin. Anane mung sms-sms ora nggenah saka operator lan kanca-kanca sing ora penting kuwi. Kamangka mripat rasane wis kaya digandhuli trek tronton. Ngantuke ora umum. Dumadakan ringtone HP-ku muni. Age-age dakcandhak.

“Selamat ulang tahun Her, semoga panjang umur. Sukses!” ngono unine sms.

Rasa senengku dumadakan wae ilang bareng ngerti yen sing sms Liana, dudu Zayin. Ora let suwi maneh uga kasusul puluhan sms kanthi inti isine uga padha saka kanca-kanca, yaiku ngucapake ambal warsa. Sms-sms kuwi mung dakwaca tanpa mbalesi siji mbaka siji. Ing kahanan kaya ngono kuwi punjere pikiranku mung ngrantu tekane sms utawa telpun saka Zayin. Nganti wektu wis nyandhak parak isuk ora ana sms utawa telpun saka Zayin. Arep daktelpun kok sajake piye, wong arep ngucapake ulang tahun kok kudu dielingake dhisik. Ora marem rasane.

Nganti mletheke srengenge, jebul rancanganku kuwi mlese adoh saka angen-angen. Nomere Zayin daktelpun wis ora aktip maneh. Ing kampus uga ora bisa ditemoni, jarene ora nduwe wektu. Saben daktakoni wangsulane ora ngepenakake, kaya-kaya wis lali dina wingi naliakne isih runtang-runtung karo aku. Kabeh wis malik gembyang. Aku wis kelangan suwiwi kanggo mabur nggoleki Zayin sing kaya wingi.

“Aku rak wis bola-bali ngomong ta Her. Bocah sing mbok arep-arep bisa ngucapake ulang tahunmu ing dina iki kuwi ora gampang kawujud kaya rancanganmu. Coba pikiren, apa kurang padhang anggonmu nyawang Zayin kuwi sapa? Apa ora titen yen sejatine kowe kuwi ora beda kara kanca-kancane Zayin sing liyane. Sadhara Her kowe kuwi sapa, wis dudu Herman ketua BEM fakultas maneh. Kok angen-angenmu sundhul langit. Bareng suwiwimu semplah njur ceblok, ta? Krasa lara ta? Begja ceblokmu ora menyang tengahing segara, ceblokmu isih daktampani.” kandhane Liana bareng daksambati.

Aku meneng sauntara. Ora mangsuli apa-apa kajaba mung nyawang mripate Liana. Dakpikir-pikir ana benere.

“Ning bareng sing mbokenteni kuwi jebul sms-ku, njur apa sing mboktindakake? Ora mbokreken kan? Aku wis ngira kuwi. Mula ing dina iki bakal dakambali maneh, selamat ulang tahun Her.” sawise muni ngono banjur ngalih ninggalake aku kanthi ngempet wutahing luh saka mripat beninge.

Sapungkure Liana ngalih aku lagi krasa. Jebul semono gedhene kawigatene marang aku. Ora pisan pindho anggone ngomongi kanggo apikku. Ing kahanan kaya mangkono aku mung mburu senengku dhewe. Ora ngira kang dakantu-antu tekane, jebul Liana kang jumedhul. Saiki lagi krasa larane wong nandur karep kang ora ketekan. Ah, pikiranku tansaya judheg bareng pangarep-arepku pupus, mlese saka angen-angen.  

Dina iki aku pancen ulang tahun. Kudune aku luwih seneng merga umurku tambah tuwa setahun. Wis samesthine aku kudu ngrancang urip kanggo mecaki panguripan anyar kanggo mbukak wiramaning dalan kang bakal dakangkah.

 

Jaya Baya No. 51 – Minggu III Agustus 2013

Temukan kami di sini!

Leave a Comment