Cerkak – Ibu

Spread the love

DOWNLOAD

Ibu

dening ; Astuti Parengkuh

Wis nganti ora kepetung anggonku mlebu aneng Pasar Gedhe. Nanging esuk mau nalikane tangi turu, wetengku sing rasane kaya kalilit-lilit tali, marakake aku kangen mangan sega Soto aneng njero Pasar. Bab sega soto kuwi, pancen wis misuwur menawa siji-sijining sega soto sing paling enak. Jan-jane aku ora mung crita babagan sega soto mau. Nanging perkara kedadeyan kang runtut mbarengi aku kepengin mrono. Sawise ngrampungi gaweyan kayata umbah-umbah, isah-isah lan ngrapekake omah supaya yen disawang ora kaya kapal pecah, aku banjur nyengklak pit onthel. Aku nuju Pasar Gedhe.

Kasunyatan esuk iki aku nyawang  ana baliho gedhe kapancang aneng ndhuwur lawang Pasar Gedhe. Pengetan menawa ing dina iki Pasar Gedhe kang uga diarani pasar Hardjanegara umure genep 85 tahun. Luwih tuwa sithik saka yuswane simbah sing taun iki genep 83 taun. Sakwise nitipke pit jengki werna biru pundhutane Ibu, aku banjur mlaku nuju warung soto aneng njero pasar.

Panggonane pancen rada mlebu menawa liwat lawang ngarep. Nanging bejane, aku bisa ngumbah mata merga ngliwati bakul buah lan bakul iwak pitik sing ayu moblong-moblong bengesan abang mbranang, sok-sok werna  kuning kunir lan nganggo pupur putih kinclong. Mungkin dheweke melu sing diarani ‘perawatan wajah’ sarta kanthi penganggone mas-masan kayata kalung rante sing bandhule gedhe sak wingka-wingka. Aku banjur noleh dadaku sing kosong mlompong, lan grayak-grayak kuping sing tanpa nganggo suweng utawa anting-anting.

“Pundhuti, Den nganten…”swara bakul nawakake dagangane.

“Mboten, Bu. Matur nuwun. Naming ajeng jajan soto kemawon,”bubar wangsulan  mangkono aku banjur wae mlaku ndlidir merga wedi mundhak kentekan sega soto. Hla lumrah wae, sapa ngerti yen aneng acara tanggap warsa ing dina iki pasar gedhe ramene kaya ngene. Aneng sak kiwa tengenku, bakul-bakul wis padha ngadhep sega tumpeng, sega kuning uga sega gudhang. Ora beda karo bakul soto sing arep tak tuju. Ana ing dhasarane uga wis cemepak tampah cacah loro sing isine sega  kuning awujud tumpeng.

“Sekul soto daging kaliyan wedang jeruk setunggal, nggih Bu,”aku banjur nggolek panggonan ana ing sisih mburi. Kepeneran warung soto iki madhep ngalor, dadi aku meruhi wong-wong kang padha arep munggah undhak-undhakan, panggonan bakul iwak laut utawa iwak kali.

“Dangu mboten jajan mriki, Mbak. Kadhingaren ugi mboten kalih Ibu,”Bu bakul sego soto ora meruhi kabar menawa Ibu gerah wis sakwetara wektu. “Ibu gerah, Bu. Sampun kalih  taun langkung.”

Pungkasan aku diajak Ibu menyang Pasar Gedhe nalikane Ibu mundhut jamu godhog. Bakule jamu manggon adhep-adhepan karo bakul dhawet ayu sing uga misuwur iku. Warung soto langgananku iki panggonane mung jarak puluhan jangkah saka bakul jamu.

Babagan Ibu kang gerah, aku sing kapernah putra ragil kudu nduweni tanggung jawab. Masku mbarep, Mas Panggih wis manggon netep ing kutha Ngayogyakarta karo anak lan bojone. Terus masku nomor loro, Mas Iyan saiki dines ana ing manca yaiku negara adidaya Amerika.  Ana ing serat elektronik sing dikirimke seminggu kepungkur, Mas Iyan menehi kabar menawa tugas dines wis rampung ing sasi ngarep. Luwih cepet telung wulan, amarga wes rampung sak kabeh ing urusan.

Menawa Mas Panggih, dheweke seminggu pisan mulih Sala nanging yo mung sedhela, ora luwih sakjam banjur bali maneh. Ing pungkasan tilik Ibu dina wingi, Mas Panggih nyedhaki aku sing lagi nyetrika ing kamar mburi. Sakwise nginguk sedhela, Mas Panggih banjur ngomong, “Ning, butuhe Ibu kabeh pira? Iki tak tinggali ana ing ngisor taplak meja dhahar.” Sawise kuwi, let sepuluh menit, aku wis krungu swara klakson mobile Mas Panggih sing banjur nutup lawang regol ngarep omah. Dhuwit ana ing amplop sing isine kandel banjur tak lebokake dompet, sing kebak catetan resep-resep Ibu lan kebutuhan liyane.

“Wening, Ibu kayane wes ora butuh dhuwite masmu,”ngendikane Ibu marakke atiku sir-siran, kaya dene ati kang diasah karo welat. Miris.

“Ibu ngendikan punapa?”Ibu banjur tak cedhaki lan tak elus-elus tangan lan sikile. “Ibu kersa dhahar sekul soto Pasar Gedhe? Benjing kula tumbaske nggih?”Ibu tak rayu supayane lali karo kelakuane Mas Panggih. Sing mara teka mung sak rem-e mripat, bajur lunga mak klepat. Kaya playune iwak sepat.

Ibu banjur manggut-manggut. Aku krasa bungah, nanging ora nganti suwe. Ngendikane Ibu marai aku kaget lan mikir. “Hla yen aku mangan daging, gulaku mengko mundhak maneh. Piye mengko ngendikane Pak Dokter?” Ladalah! Aku lali menawa ibu kasirik dening dhaharan daging, lan panganan apa wae sing mawa gula. “Sekedhik kemawon, Bu. Kagem tamba kangen,”aku wangsulan.

Lamunanku mandheg. “Bu, soto daging dibeta mantuk nggih?” Aku banjur ngetokake rantang stainless steel sing tak cangking. “Kagem Ibu to, Mbak?”Ora semaur, aku mung manthuk saklimah.

Nalikane mulih, aku sengaja ngliwati bakul jadah blondho lan lenjongan. Ibu tak tumbaske sithik, kanggo tamba kangen dhahar panganan Pasar. Liwat lawang ngarep, aku mampir sedhela aneng bakul lading merga lading ngomah wes ora landhep. Jan-jane ana cacah lima lading, nanging wes loro sing ilang. Ora merga dicolong wong utawa ketlingsut, nanging bareng tak eling-eling lading loro kuwi mau katut nalikane aku mbuwang sampah ana ing kranjang. Owalah!

Sak elingku, biyasane yen aku lagi masak tempe sing diwungkus godhong gedhang. Saking cilike lading sing kanggo, yen nylempit dadi yen kebuwang ora ketok. Wingi kae Ibu kersa tak masakke jangan lodheh lan tahu tempe goreng nanging ora pati kenthel santene “Aja  kenthel-kenthel, Ning. Ora pareng Pak Dokter,”ngendikane Ibu.

Lagi ngepit metu saka Pasar Gedhe, mripatku wis kagodha dening werna-werni lampion sing gumandhul ana ing pinggir kali pepe. Ora suwe anggonku mikir, aku banjur ngetokke telpun gegem sing nang njero kantongan rok. Sakwise jeprat-jepret sakperlune, banjur foto-foto mau tak kirimke Mas Iyan liwat Whattsapp. “Selak bakda Cina, grebeg Sudira sing mesti meriah ana ing Pasar Gedhe lan sak cedhake, kapan Mas Iyan mulih niliki Ibu? Aku uga kangen marang Siwi lan Deni, Mas.”

Ana ing telpun gegem, ora ana tulisan yen Mas Iyan lagi online. Ya wis, sing penting aku wis kirim kabar. Sepuluh menit sak banjure aku wis tekan ngomah lan meruhi Ibu lagi sarean ana ing dipan teras omah. Pasuryane Ibu samsaya katon layu. Putih pucet koyo dluwang. Ibu tak aturi dhahar sega soto sing wis cumawis. “Masmu Iyan, sidane kapan mulih?”ngendikane Ibu marai aku ngilu idu.

Mas Iyan janji menawa sasi ngarep wis mulih ana ing negara Indonesia. Nanging dheweke isih duwe urusan ana Jakarta sawetara wektu. Aku ora mungkin matur karo Ibu yen Mas Iyan bali ing wektu sing pas. Salah-salah mengko mundhak marakke ibu gela yen Mas Iyan ora sida mulih ing tanggal sing wis dibunderi Ibu ana ing tanggalan sing gumantung ing kamar tamu.

Aku wis duwe pangarep-arep menawa Mas Iyan besuk mulih, arep tak ajak mangan soto ana ing Pasar Gedhe. Lan jajan panganan sembarang apa wae sing digelar ana ing dhasaran kana, kayata : lenjongan, jadah blondho, dawet ayu utawa panganan tenongan sing didhasarke karo tacik-tacik ana ing njero pasar sisih kulon.

Ing dina Minggu sakwise, Mas Panggih teka karo anak lan sisihane. Nanging kaya adat sabene, tekane ora nganti suwe. Mung sakperlu nyawang Ibu sedhela. Sisihane Mas Panggih wis ngajak mulih nalikane Ibu anyak sare. “Wis, amplope ndang diwenehke Wening, Mas. Aku selak meeting  ana kantor,”bisik-bisik swarane Mbak Watik krungu neng kupingku.   

Kedadeyan ngono kuwi wis biyasa kanggone Ibu, uga aku. Pancen awit Mas Panggih mbangun bale wisma karo Mbak Watik lan duwe omah ana ing Ngayogyakarta lan saiki wis patutan anak loro, kawigatine marang Ibu mung sakperlune. Ora beda nalika Ibu gerah sak suwene telung tahun iki.Semana uga nalikane Mas Iyan meksa mangkat dines ana ing Amerika, Ibu wis mlebu-metu ndhokteran lan sing ragat yo kakangmasku sakkeloron kuwi.  

Aku lan mas-masku wis ditinggal seda Bapak nalika isih cilik-cilik. Aku isih kelingan nalikane Bapak disarekake ana ing kuburan, wektu kuwi aku isih nganggo kathok kodhok jaitane ibu, lungsurane Mas Iyan. Mas Panggih bubar disunat lan Mas Iyan wis klebu pramuka siyaga, antarane kelas telu SD.

Ngancik sasi Pebruari. Wis kalebu tanggal tengah-tengah, 15, nanging durung ana kabar menawa Mas Iyan arep bali saka Amerika. Aneng serat elektronik sing dikirim telung dina kepungkur, Mas Iyan isih ayem-ayem wae ngabarake menawa bubar piknik ana ing welasan negara bagian. Mas Iyan kirim-kirim foto piknik bareng anak lan bojone. Ibu melu bungah atine nalikane mirsani gambar-gambar mau.

“Ning, Iyan bali kapan? Nek wis tekan ngomah kabari aku ya?”telpune Mas Panggih ngagetke lamunanku sing nglangut. Sakjane, tekane Mas Iyan lan Mas Panggih bebarengan ana omah iki wis tak antu-antu kanthi suwe. Aku arep omong babagan sing wigati.

Aku arep kandha karo Mas Panggih lan Mas Iyan menawa aku wis ana sing ngesir lan kepengin urip mbangun bale wisma.  Bab tanggung jawab sapa sing genti ngopeni Ibu, wis arep tak pasrahke marang dheweke sakkeloron.

Tekan wektune, Mas Iyan teka ana ing omah lan sujud ngabekti  marang Ibu. Nalikane Mas Iyan teka karo anak lan sisihane, sedhela banjur kuwi Mas Panggih teka saka kutha Ngayogyakarta. Komplit ngajak anak lan sisihane uga.

Mas Iyan tak ajak menyang Pasar Gedhe sakperlu aku nuruti apa sing mbiyen dadi pepenginanku : jajan ana ing pasar. Nanging kedadeyan sing sak tenane luput saka pikiranku. Mobil sing ditumpangi aku lan Mas Iyan sakkeluarga malah dienggokake ana ing Mall lan Mas Iyan ngajak mangan iwak pitik sing arane Fried Chicken. Aku ora wani nulak. Mas Iyan sing ngragati uripku lan Ibu sak suwene seprene.

Panganan iwak pitik sing wis cumepak ana ing ngarepku ora tak demok. Aku ora tau lan ora kulina mangan enak koyo ngono mau. Uripke wis kulina kanthi panganan masakan Ibu lan masakan saka tanganku dhewe, olah-olahanku dhewe. Aku ora tau duwe pepenginan ngambah Mall lan sakpiturute. Sak ngertiku pasar sing apik lan komplit kuwi yo mung Pasar Gedhe. “Ya wis, yen Wening ora doyan diwungkus wae. Eman-eman wis kebacut dibayar,”Mas Iyan omong kanthi entheng. Sisihane, sing aran Mbak Yanti mung mesem sithik. Aku isin banget. Umurku sing wis kalebu ngancik telulikur taun iki rumangsa ndesa banget, urip ana ing kutha Sala tapi mikire isih tradisional.

Sak banjure tekan omah, Mas Panggih isih lungguhan karo anak bojone lan dikancani Ibu. Mas Iyan numbaske Ibu oleh-oleh iwak pitik Fried Chicken.

Sakwise padha meneng, anteng, lan ati lerem aku ngira-ira kapan wektune aku omong. Jan-jane ilatku krasa magel, ujug-ujug awakku gemeter, lan atiku mak ser-ser. Nanging aku kudu kuwat merga iki ana sesambungane karo uripku ing mangsa ngarep.

“Mas-Mas, lan Ibu. Aku arep matur menawa jan-jane aku wis duwe sir-siran lan priya kuwi sedhela maneh arep nembung marang Ibu lan Mas –Mas,”omonganku lancar kayadene banyu kali sing mili bubar wayah udan. Apa maneh raiku, mesti abang mbranang utawa malah pucet kaya mayit. Nanging aku kudu wani. Kudu wani.

“Wening ningkahe taun ngarep wae. Aja saiki. Aku isih nyelengi ragat kanggo sekolah bocah-bocah,”Mas Panggih mbales omonganku.

“Ning, aja rabi saiki ya. Aku uga isih nyelengi kanggo tuku omah. Kowe ngerti dhewe, aku ngragati gerahe Ibu ya wis entek akeh,”Mas Iyan omong kanthi lirih supaya Ibu ora mireng.

Nanging Ibu wis pirsa gelagate menawa kakangmasku bakal endha menawa aku arep rabi taun iki. Ibu mung meneng, nanging ujug-ujug wae Ibu ngendika yen krasa mumet lan awake lemes.

“Ibu aja semapuuut..!!!” Mas Iyan njerit. Mas Panggih gage-gage ngrungkebi Ibu. Aku ora bisa nulak tangis. Getun rasane atiku, kenapa meksa supaya mas-masku enggal ngrabekke aku. Aku ora wani matur, menawa sakjane aku wis kesel ngopeni Ibu sing gerah stroke. Kesel banget.

***

 

Temukan kami di sini!

Leave a Comment