Cerkak – Kecidhuk

Spread the love

DOWNLOAD

Cerkak Indah Darmastuti

Kamomot ing Solopos, Jagad Sastra Kemis Wage 28 Agustus 2014

Kawaca dening: Luna Kharisma

 

Esuk iku, kaya adat sabene aku menyang pasar mbonceng Mas Pandi, saperlu adol endhog pitik kanggo nyambung urip. Tuku beras, gula, teh sing wus meh entek. Uga katul lan sega aking kanggo pakan pitik ingon-ingonku sing cacahe luwih saka 30.

Iya pitik-pitik iku kang dadi sakaguru urip sak bubare Mas Pandi kena pemutusan hubungan kerja utawa PHK saka pabrik kaos. Dhuwit pesangon kang ora sepira kuwi dak tukokake pitik.

Pitik sing sekawit mung sejodho tak rumat nganti ngrembaka lan saiki kena dicakake kanggo nambal butuh. Kala-kala, aku nggoreng endhog menawa lagi ora duwe lawuh, uga mbeleh pitik menawa lagi ana perlu.

Anggonku ngingu pitik kuwi jan jane uga rekasa. Aku tau ngalami sedina kepaten pitik pitu. Jian tobat tenan. Mulane sakdurunge pitik mati, kudu dibeleh dhisik. Nganti saben dina lawuh pitik goreng, semur pitik utawa pitik bumbu kecap. Umpama konangan pamerentah, pitik-pitikku mesthi dikukut kabeh banjur diobong urip-uripan. Dipidhana kanthi jalaran katutuh dosa nyebarake flu burung. Umpama ngono tenan, apa bakal aku diwenehi modhal kanggo miwiti ngingu pitik maneh?

  Begjane Mas Pandi tanggap. Sadurunge pitik ingon-ingonku mati kabeh, sing iseh waras lan seger banjur didol. Murah rapapa sing penting ngasilake dhuwit. Yen wus tekan kahanan ngono kuwi, aku kudu bribik-bribik maneh. Nylametake pitik-pitik sing blas ra kambon lelara dingkelen. Lan saiki, pitikku wus ngrembaka maneh. Kena nggo tambal butuh. Mas Pandi uga wiwit nyerateni maneh kanthi gemati. Ora nggresula maneh menawa aku njaluk tulung dheweke tuku pakan kaya ing Minggu esuk iki.

  Wis kepara suwe anggonku bebrayan karo Mas Pandi. Sak durunge ningkah, aku yang-yangan sawetara wektu banjur pepacangan nganti tuking dina aku nyaguhi nalika dheweke nglamar aku, telung taun kepungkur. Sing tak ngerteni, Mas Pandi ora seneng ndem-ndeman, ora seneng gaple. Ora senang main kertu remi, ceki, utawa balakndol. Nanging, dheweke seneng nonton adu jago. Seneng melu ngregengake menawa kanca-kancane padha tatohan nganggo dhuwit. Dheweke ora melu totohan amarga pancen ora duwe dhuwit.

Tau mbiyen kae aku ngamuk, amarga jagoku sing arane Senthun, digelandang karo Mas Pandi, banjur dibanyoni lan digawa ning prapatan saperlu diadu. Bareng ngerti mangkono, aku banjur cincing nututi menyang prapatan ngepasi Senthun diadu, digabrus-gabrus mungsuhe. Keranjingan! Aku muntab. Ora nunggu suwe aku langsung nrabas, nyekel Senthun. Dak kempit dak gawa mulih karo ndremimil. Senthun isih menggeh-menggeh, awake ndredheg ana ing kempitanku.

 

“Ha thik penak, ora ngopeni. Ora ngrumat kok arep ngembat. Karo maneh apa ora mesakne jago iki, salah apa kudu dikon padudon karo sapepadhane.” Muringku ra ketulungan.

Tekan ngomah, Senthun tak dusi, tak pakani katul lan tak lela-lela. Swiwi lan cenggere sing getihen tak wenehi tentir, banjur tak kurungi ing wetan omah. Tak sawang-sawang terus, Senthun nyekukruk sajake depresi. Aku ngira dheweke kaget, ora tau-taune kerengan ning gelanggang kok ngerti-ngerti diedepake tanpa antan-antan. 

Nalika Mas Pandi mulih, dheweke tak genah-genahake. Tak ujar-ujari. Rumangsane jago kuwi seneng po yen digabrus-gabrus nganti godres getih? Apa seneng menawa gulune ketunjeb jalune mungsuhe? Tak omongi kaya mengkono, dheweke mung meneng wae. Muter-muter tombol gelombang radio, nggoleki siaran kethoprak.

  Sawuse iku, dheweke kapok. Malah dadi nggatekake pitik-pitik ingon-ingonku. Menawa esuk, nalika dheweke tangi turu mesthi banjur ngresiki kandhang lan nyepaki pakan. Ing wayah sore, ngandhangake pitik-pitik mau, ngitung cacahe lan melu ngupakara menawa ana pitik sing lereg-lereg katerak penyakit dingkelen.

  Nganti tiba titi wancine, dheweke nyekseni pitik-pitik mau kena dijagakake kanggo tambal butuh. Nalika dheweke masuk angin, mutah-mutah terus. Kudu tuku obat kamangka ora duwe dhuwit. Aku banjur nyekel babon siji, tak gawa menyang pasar. Dhuwit pepayonne kuwi banjur tak anggo tuku obat. Turah Rp 9000, tak anggo tuku timlo supaya Mas Pandi antuk seger-segeran. Dheweke ngrumangsani menawa babon kuwi sing nebus kesarasane. Mulane dheweke sansaya sregep ngopeni pitik-pitik ingon-ingonku lan ora tau maneh ndongkrok ning prapatan nonton adu jago.

  “Mas,” clulukku saka boncengan pit onthel sing digenjot dheweke alon-alon.

  “Ngapa?” wangsulane dheweke karo mengo nengen sithik.

  “Iki mengko rada akeh sing kudu dituku, mengko aku mulih mlaku wae. Sampeyan mboncengake sekarung beras, katul lan sega aking.”

  “Hla apa becike mengko tak unjal wae? Aku ngulehake katul banjur mapag awakmu?”

  “Ngono ya kena. Mengko tak tunggu ning tokone Nyah Pojok ya?”

  Enggok-enggoan wus kliwat. Mas Pandi tumuli ngerem pit onthel pener ning ngarep warung sing adate nampani endhog pitikku. Mas Pandi banjur bablas ngetan.

  Apa sing tak perlokake wus entuk kabeh, aku banjur mlaku menyang toko Nyah Pojok kaya kangsenanku karo Mas Pandi mau. Mas Pandi lagi bar nyelehake sakkarung beras sing dituku saka Nyah Pojok. Ngerti tekaku, dheweke banjur ngomong, “tutugna dhisik. Aku arep tuku katul lan sega aking. Mengko aku mrene maneh.” Aku manthuk. Mas Pandi banjur njupuk pit, mancal pedhal arah ngalor. Aku banjur itungan-itungan karo Nyah Pojok. Ngalap nyaur utang. Mbayar utang sasi kepungkur, lan utang maneh kanggo kebutuhan sasi iki. Ya mung merga pitik-pitik mau sansaya suwe, utangku selot suda.

  Durung suwe anggonku itung-itungan karo Nyah Pojok, dumadakan ning sisih lor ana gegeran. Akeh uwong padha mlayu-mlayu saprelu mangerteni kedadeyane. Aku lan wong-wong sing ngantri tuku ning Nyah Pojok melu-melu. Akeh wong bengok-bengok. Mrentah-mrentah. Malah kepara banter ana sing nglawan.

  “Kula mboten… kula mboten..” mangkono celathune sawijining wong sing dak krungu.

  “Ora usah kakehan rame! Munggah! Munggah!”

  “Kae.. kae.. ana sing mlayu menyang njaratan. ayo dioyak! dioyak ndang cepet!!” banjur swara-swara gedebugan padha akehe karo swara wong bengok-bengok.

  “Adhuh biyung… sakit, Pak!” swara iku banter banget.

 Aku mlayu nyedhak. Miyak-miyak wong kang kemruyuk rapet ing papan kuwi. Aku jinjit-jinjit supaya ngerteni apa sing lagi kedadeyan.

  “Ana apa ta iki?” pitakonku marang wong wadon kang nggendong tenggok.

  “Cidhukan, mbak. Kae mau garukan sing padha main gaple ning njaratan.”

  “O… walah.. akeh sing kecidhuk?” pitakonku maneh.

  “Iya, akeh. Ning uga akeh sing padha mlayu nylametake awake dhewe-dhewe. Malah kepara ana sing nyemplung kali barang.”

  “Hla ya esuk-esuk kok main gaple! Ben kapok!” swarane wong wadon sing nyandhang dhaster abang. “Ben! Kapokmu kapan!” unine maneh. Sajake pancen getem-getem tenan dheweke karo pawongan sing seneng gaple. Aku mung meneng bae, banjur jinjit-jinjit maneh.

  “Hlohh…. hLoh… kae.. kae…” aku nrabas. Miyak bokong-bokong lan gegere uwong. Nyrudhul nganti tekan ngarep dhewe.

  “Mas…. Mas… Mas Pandi!” bengokku saingan karo bengokan liya-liyane. Tanganku ngawe-awe. Sajake Mas Pandi krungu bengokanku, banjur dheweke clilengan nggoleki.

  “Massssss….” pambengokku sepisan maneh, banter lan dawa.

Mas Pandi nemu mripatku. Dheweke uga ngawe-awe. Nanging karo ngguyu. Malah kepara nyekakak. Asem! Apa karepe?

Dheweke banjur dijorok-jorokake karo wong-wong sing nganggo sragam ijo, supaya endang munggah ning bak trek. Akeh tenan sing wus ning ndhuwur trek. Aku mlayu nututi pingin ngerti sebab musababe. Apa Mas Pandi main gaple? Aku kok ra percaya amarga dheweke ora seneng lan ora bisa. Utawa mung melu toh-tohan thok?  Mosok iya? Wong wektune ora kacek suwe karo anggone ninggalake aku ning tokone Nyah Pojok.

  Pas aku mlayu lan wus cedhak, aku disingkrihake dening petugas sragam ijo mau. Banjur bak trek langsung ditutup. Mas Pandi nyedhak ana tutup kap trek.

  “Bali… ndang balio, Nis! Aku ora apa-apa. Precaya wae!” pambengoke Mas Pandi mbarengi trek mlaku ninggalake krukyukan wong-wong ing protelon gedhe iki. Atiku remuk sanalika. Nanging ora ana wektu kanggo nangis. Aku precaya menawa Mas Pandi mung korban salah cidhuk.

  Aku banjur mlayu bali njujug menyang warung katul sing ora adoh saka papan kuwi. Pit kebo dhuweke Mas Pandi ngglethek semende wit krambil sajak nelangsa, ana ngarepe warung katul. aku nyelakake mampir ning Mbah Nem sing dodol katul.

  “Mbah… kuwi mau piye kok bojoku iso katut? Wong kuwi mau arep mrene tuku katul lan sega aking. Apa dheweke melu main?”

  “Ora. Wong mau bojomu lagi wae nyelehake pit, arep mlaku mrene kok ngerti-ngerti ana garukan. Hla bojomu nyedhak sajake mung pingin ngerti, eh, malah kecidhuk sisan. Aku mbengok-mbengok. “Niku sanes.. niku sanes” ning ora digagas. Malah bojomu mung ngguyu  kaya bocah ra genep, banjur manut wae nalika digelandang pawongan sragam ijo.”

  “Ora genah! Yowes, Mbah… Nuwun ya. ” aku banjur njupuk pit kebo kuwi, nyengklak nggenjot mulih kepara ngebut. Bingung, gembledheg, lan mikir becike kudu piye. Nganti lali urusan karo Nyah Pojok. Wis, tutugne mengko wae. Iki ngurus bojo sing kecidhuk dhisik. Mangkono tetege atiku.

  Tekan ngomah aku nggoleki Mardi, ponakanku sing isih sinau ana STM. Aku kandha saprelune, banjur rembugan karo dheweke piye penake, lan apa sing kudu ndang ditindakake. Dheweke pancen pinter lan tanggap. Prigel lan cakcek. Aku dijak menyang nggone Pak Sukra, warga kang kelebu mudeng bab-bab wigati sing ana gandeng cenenge kepulisen. Pak Sukra banjur nuduhake dalan lan cara supaya aku lan Mardi teka ning kapulisen.

  Diboncengake Mardi aku menyang kantor pulisi. Jantungku isih ser-seran. Sikilku isih ndredeg. Aku wedi menawa Mas Mardi bakal dipilara ing kana. Kamangka dheweke mung dadi korban. Tekan kanor pulisi, aku lan Mardi nunggu sedela banjur diceluk supaya ngadhep. Aku lapur kanthi ati-ati. Rinci lan nyaguhi menawa pulisi butuh bukti lan seksi. Lapuranku digarap. Banjur aku dikon nunggu ana ing panggonan kan adem, sepi nanging ora pati jembar.

  Kepara suwe aku lan Mardi nunggu, banjur ana petugas mlebu ngiring Mas Pandi. Aku lan Mardi ngadheg meh barengan.

  “Semah sampeyan saged wangsul samenika, Bu.” Ngono kandhane pulisi kuwi.

  “Matur sembah nuwun, Pak.” wangsulanku.

  “Nyuwun pangapunten, menawi petugas punika lepat ingkang nyidhuk.” Aku manthuk, banjur enggal-enggal njaluk pamit.

  Aku lan Mas Pandi numpak becak, Mardi ngonthel ing mburine. Ning ndalan, ing sakroning becak aku takon karo Mas Pandi, piye mula bukane kok nganti isa kecidhuk.

  “Jane aku mau bisa wangsulan menawa aku dudu perangan sing main gaple. Aku bisa gage mlebu menyang warunge Mbah Nem. Ning aku malah nyedhak, wektu petugas nyekel pundhakku, aku manut wae. Aku ki kepingin ngerti piye para petugas kuwi ngupakara tukang botoh. Aku precaya menawa ning kantor pulisi aku bisa mbela awakku. Dadi rikala aku munggah trek lan awakmu ngawe-awe, mulane aku meling gek ndang bali wae, tenangno pikirmu.”

  “Asem! Dadi ngono critane? Tega temen awakmu! Ra ngrasakne aku bingung, nggregeli, mulih gembrobyos ngepit ngebut. Mardi lan aku repot-repot ngurus lan njaluk tulung tangga. Urusan utang tak tinggal semprung, katul kapiran. Jebul awalmu mung nyoba-nyoba ngrasakne piye dicidhuk. Semprul tenan. Ngertiya ngono aku ra gagas. Tak tinggal mulih banjur makani pitik. Dicidhuk karepmu ora karepmu!”

  “Ha ha ha.. mbok aja kaya ngono ta cah ayu…” Celathune Mas Pandi karo ngrangkul pundhakku. Aku mrengut, nanging Mas Pandi ora mandheg anggone ngerayu. Jare aku bojo sing gemati, sing iso dindelake. Aku mlengos karo mencep. Nanging sejatine atiku bungah ora karu-karuwan. Banjur Mas Pandi alon-alon nyelehake tangane ana wetengku.

  “Muga-muga anakku ora mbeling kaya bapake.” Kandhaku ning cedhak kupinge Mas Pandi. Dheweke mung mesem.

Wektu kuwi uga, aku ngerti sejatine atiku sansaya kesengsem. []      

 

Temukan kami di sini!

Leave a Comment