Cerkak – Kembang Pasren

Spread the love

download.

Cerkak Dening Impian Nopitasari

Kamomot ana ing Jagad Jawa Solopos, 23 April 2015

Katuturake dening: Endah Fitriana

 

Sapungkure udan, hawane adhem lan isih ninggal tlethik-tlethik banyu. Ing akasa katon kluwung kanthi warna kang nengsemake. Orkes kodhok theyot theblung lan ganda lempung nambahi swasana sangsaya sengsem. Mangsa rendheng durung pamit ing sasi Maret.

Indras katon gupuh nggawa barang-barange sinambi payungan. Mlaku tumuju emper omahe. Tanduran pasren maneka warna ing sakupenge omahe sajak mbageake tekane kenya ayu iku. 

“Assalamualaikum,” Indras uluk salam.

“Wa’alaikumussalam.” Bapake mangsuli salam putri kinasihe iku.

“Nyuwun pangapunten, Bapak, Indras radi telat wangsul, wau kebetheng wonten griyanipun rencang, jawahipun deres mboten terang-terang,” ujare Indras sambi ngaras astane bapake.

“Iya kene mau udan angin, aku samar, awakmu kok ora mulih-mulih, dak telpon kok swarane hapemu muni tibake keri neng omah iki mau,” ngendikane bapake karo ngelungke hapene.

Indras nampani hape saka bapake. Sawuse dicek, ora ana telpon utawa pesen sing wigati. Dheweke memburi saprelu salin lan gawe wedang jahe kanggo bapake.

“Bapak, menika jahenipun,” Indras ndelehake jahe ing meja. Bapake ora ana. Digoleki, pranyata ing emper.

“Entuk kamboja saka ngendi, Ndras? Apik banget yen dinggo pasren,” pitakone bapake, pandulune ora uwal saka kembang kamboja kang ing pot cilik iku.

“Oh, menika paringanipun Bu Pramesthi,” wangsulane Indras sajak gumun. Ora padatan bapake nggatekake kembang-kembang pasren kang asring digawa mulih dheweke.

“Pramesthi?”

 

e Indras iku, amung meneng. Sajak ana bab kang ngreridhu pikire. Indras gumun. Wis ping pindho ngaturi bapake ngunjuk jahe ora diwangsuli. Lagi sing kaping telu bapake gelem mlebu omah.

***

“Duwe pacar ayu ngono kok ora mbok kenalke ibu ngono ta, Nan? Kebangeten kowe kuwi,” ujare Pramesthi sinambi nguceg-uceg rambute putrane iku.

“Pacar napa ta, Bu. Namung rencang biyasa kok.” wangsulane Danan.

“Halah kaya ibu ora tau enom wae. Bocahe ayu, sopan, gek duwe kawigaten marang tanduran, mula ibu ya seneng banget menehi kamboja sing paling daksenengi, ora rugi,”

“Biyasa mawon ta, Bu. Wong nggih mahasiswi Jurusan Biologi, wajar remen tanduran,” ujare Danan.

“Kalebu nandur tresna neng atimu, ya?” godhane Esthi.

“Ibu ki lhoo..,” Danan kang maune nyoba biyasa wae ora bisa ngapusi apa sing mentas dingendikake ibune. Raine malih abang, isin banget.

Esthi amung ngguyu. Anake wis gedhe, ngono batine. Pancen mau Danan mulih ora kaya padatan. Padatane mulih ya dhewe. Hla kok mau mboncengke cewek. Anggone nepungake mung sawates kanca, nanging Esthi duwe panggraita seje. 

Pranyata dheweke cepet akrab karo Indras. Pawadane mampir mrono mau golek bibit tanduran karnivora kang ditandur Danan kanggo acara Ayo Berkebun sesuke. Pranyata Indras kepencut kamboja-kamboja ing plataran. 

“Kula kok malah kepencut kamboja ingkang ageng kiyambak menika, Bu? Kamboja pethak ingkang dipun siriki tiyang kathah, kaprah dipun sebut kembang kuburan, nanging sing niku kok pripun ngaten, kados wonten cariyos sanglebetipun?” ngono jarene Indras.

“Pancen Ndhuk, kamboja kae kamboja kebak kenangan. Mbok nganti kapan wae ora bakal tak kethok, akeh crita ngenani kamboja iku,” Esthi ora ngerti yagene dheweke gampang kandha mengkono marang wong sing lagi ditepungi, padatan yen ditakoi yagene kamboja kuwi ora tau ditebang, wangsulane mung sakenane.

“Wah, napa inggih, Bu? Mbok kula dipuncriyosi,” Indras katon adreng.

“Oleh, nanging kapan-kapan wae ya, mula dolana rene maneh. Iki dakwenehi kamboja siji olehku nyetek saka kamboja gedhe iku, isih neng pot, tanduren neng omah ya, kenang-kenangan saka ibu,”

“Walah, matur nuwun sanget, Bu Esthi,”

***

Indras gumun marang bapake. Bapake kang wis pensiun saka tentara iku ujug-ujug asring nggatekake kamboja pawehe Bu Esthi. Bapake kuwi pancen seneng nandur-nandur, nanging akeh-akehe woh-wohan utawa sayuran, yen kembang pasren ora pati seneng. Pancen aneh banget. Yagene kok bapake seneng banget karo kembang kuwi?

“Ndras, kapan-kapan bapak jaken neng nggone Bu Esthi ya?” Wimbadi miwiti omong.

“Lah, wonten kawigatosan menapa, Pak? Bapak tepang kaliyan Bu Esthi menika?” Indras bali takon.

“Mung pengen ngerti wae koleksi tandurane, jaremu wingi panjenengane seneng nandur-nandur uga, aku pengen nyuwun winih jambu peking yen oleh,”

“Oh inggih, mangkih kula sanjang Mas Danan menawi wonten kampus,”

“O ya, sajake awakmu kok raket banget karo Danan kuwi?” Wimbadi wiwit golek sisik melik.

Indras bingung anggone arep mangsuli. Didhedhes bapake kaya ngono rasane kaya dadi mungsuh sing diinterogasi, ngelingi bapake kuwi purnawirawan tentara.

“Ora usah selak, Bapak ora nesu kok. Waton dheweke bocah apik lan tanggung jawab Bapak bakal mangestoni. Awakmu wis gedhe, pancen wis wayahe,” ujare Wimbadi karo nyawang anake kang raine ndadak malih abang.

“Nggih sampun, Bapak, kula ngampus rumiyin, assalamu’alaikum,” 

Wimbadi mangsuli salam karo mesem lan gedheg-gedheg. Ah, donyane cah enom, batine. Dheweke dadi kelingan jaman nom-nomane dhewe. Jaman semana dheweke ya duwe sir-siran aran Pramesthi. Olehe ngesir wiwit jaman SD, 

Dheweke ora nunggal sekolah amarga dheweke sekolah ing SD mligi kanggo cah lanang, Pramesthi ing sekolah seje. Ing tembe ora dinyana, tresnane ora keplok sisih. Pramesthi ngimbangi tresnane. 

Jaman cilikane Wimbadi isih ngonangi geger 65. Akeh wong kang dibrondong tentara. Kalebu bapake Pramesthi. Wiwit iku sesambungane Wimbadi lan Pramesthi nemoni pepalang. Nalika jaman wis gumanti, Wimbadi mlebu dadi tentara. 

Bab kuwi saya ndadekake ibune Pramesthi ora sarujuk. Dheweke isih trauma marang wong sing nganggo sragam loreng. Tresnane Pramesthi lan Wimbadi dipaksa kudu pedhot. Sajake tresnane Pramesthi wis kasok kanggo Wimbadi, kanthi sesidheman, wong loro iku tetep sesambungan lumantar layang kang dislamurake.

Nalika iku Wimbadi oleh tugas neng Aceh saperlu melu operasi Jaring Merah II. Nalika arep mangkat, Wimbadi pamitan marang Pramesthi. Pramesthi nangis aneng dhadhane Wimbadi. Wimbadi ngelungke kembang kamboja kanggo simbol kasetyan.

“Tanduren, openana, yen kembang kuwi isih urip ngrembuyung, pratandha aku isih urip, semana uga tresnaku. Yen kembang kuwi mati, bisa wae aku ya mati. Awakmu oleh milih wong liya kanggo neruske uripmu,” ujare Wimbadi kang ndadekae Pramesthi saya seru anggone ngesok luh.

“Iya, Mas, bakal dak openi kamboja iki. Aku janji ora bakal ngiwa, aku tetep setya marang sliramu, tresnaku wis ora bisa diliya,” wong loro iku rerangkulan.

Nanging cerita urip pancen ora bisa dibadhe. Ngarepake rampung tugas saka Aceh, Wimbadi oleh kabar kang wose ngandhaake yen Pramesthi arep ningkah. Atine lara. Dheweke nganggep Esthi cidra ing janji. 

Aneng ndesa padha wae. Esthi krungu kabar yen Wimbadi wis tiwas sajroning tugas mburu Gerakan Aceh Merdeka (GAM). Esthi banget anggone nandang sungkawa nganti lara sawetara wektu.

***

“Mas, aku oleh dolan neng omahmu maneh, ta?” pitakone Indras marang Danan.

“Ya oleh wae, Wa. Malah diarep-arep ibu terus kok. Ibu mesthi seneng,” wangsulane Danan. 

Danan yen nyeluk Indras pancen ora Indras, nanging Wawa, semono uga kanca-kancane. Jeneng pepake Amurwa Pradnya Sang Indraswari. Pancen jeneng sing mrebawani.

“Nanging, Bapak kepengin ndherek…,”

Danan kaget.

“Bapak  seneng karo jambu peking, awakmu lak nduwe ta neng omah?” 

“Oh iya, sumangga wae. Mung kaget, kok ora biyasane bapakmu arep melu,”

Indras meneng, batine nyarujuki kandhane Danan. Pancen ora biyasa bapake kepengin melu dolan ngono. 

Sidane Indras sida dolan nggone Bu Esthi. Bapake sida melu. Sasuwene neng dalan mau bapake gumun, dalan sing dilewati kaya-kaya wis ora asing maneh. Apamaneh nalika Indras alok “Stop, Bapak, wonten mriki,” Wimbadi kaya-kaya ora bisa medhun saka montor. 

Balunge kaya dilolosi nalika mlebu pekarangan omahe ibuke Danan kuwi. Apamaneh nyawang kamboja kang ing ngarep omah, kamboja sing wis katon tuwa. Ora salah maneh, iki Pramesthi gegantilaning atine mbiyen.

“Wah cepet banget. Ayo, Wa, mlebu..,”

“Mas, tepungake, iki Pak Wimbadi, bapakku, Bapak, menika Mas Danan, Dyan Dananjaya, putranipun Bu Pramesthi.”

Wong lanang beda umur iku salaman. Krungu jenenge diceluk, Pramesthi metu saka omah arep mbagekake. Nalika ngerti ana wong lanang sandhinge Indras, Pramesthi kaya reca ing bunderan Gladhag, ora bisa obah. Semono uga Wimbadi.

“Wimbadi….”

“Pramesthi….”

***

“Piye kabarmu, Es?” Wimbadi mbukak rembug kang sawetara wektu mung meneng-menengan wae. Danan lan Indras ing taman padha ngobrol dhewe.

“Ya kaya ngene, ngopeni tanduran,” wangsulane Esthi.

“Kambojamu isih urip ya, Es?”

“Dak openi terus, ora bakal tak kethok sasuwene aku isih urip,”

Swasana bali amem, padha ngenam pikire dhewe-dhewe. Padha dhudhah-dhudhah kaskaya lawas sing wis suwe kependhem.

“Bojomu neng ngendi, Es? Aku pengin tepung,” Wimbadi nyoba golek topik omongan sing kepenak.

Ora dikira, Esthi malah nangis. Wimbadi bingung.

“Ngapa Es? Apa bojomu wis ora ana? Aku njaluk ngapura yen ngono, dudu karepku…”

“Kowe pancen tega, Mas..”

Pramesthi nyeritaake lelakone urip sawise ditinggal Wimbadi tugas. Dheweke wis dioyak-oyak ibune dikon ningkah. Dheweke ora gelem. Wusana embuh piye, ngepasi ana berita prajurit kang gugur nalika operasi militer, dheweke krungu yen ana prajurit aran Wimbadi sing gugur. 

Atine ajur mumur. Bab iki ndadekake ibune Pramesthi saya adreng ngakon dheweke ningkah karo pria pilihane ibune. Kelangan Wimbadi kaya-kaya padha wae kelangan semangat uripe.

“Mas Pram kang dijodhoake karo aku iku pranyata priya sing apik. Dheweke welas nyawang kahananku, wusana dheweke ora meksa ningkahan karo aku, malah aku diwenehi gaweyan mulang ing sawijining sekolah TK, ben aku kelipur. Aku emoh ningkah yen ora karo awakmu, Mas,”

“Nanging..Danan iku..?” Wimbadi nyoba nakyinake

“Danan iku sejatine ponakanku. Anake adhiku kang kacilakan karambol welasan taun kepungkur. Dheweke ninggal karo bojone, dene Danan selamet, dak openi, dak rengkuh kayadene anakku dhewe,”

“Dadi…,” Wimbadi ora bisa nerusake ukarane. Esthi amung manthuk.

“Semono uga aku. Indras kae dudu anakku dhewe, aku uga ora tau ningkahan karo sapa wae,” Wimbadi genten cerita. Esthi amung mlongo.

“Nalika kuwi pancen ana prajurit sing gugur nalika nggrebeg markase Yusuf Ali, pimpinan GAM wektu iku. Prajurit loro iku salah sijine jenenge Wimbadi, nanging dudu Wimbadi aku. Wektu iku aku ora melu operasi. Aku melu operasi maneh nalika Yusuf Ali kasil ditembak dening Pak Heru Suprapto, komandanku,”

“Aku seneng wusanane target sasuwene iki bisa dilumpuhake ngepasi tugasku rampung ing kana, tegese aku bisa mulih ngejawa. Nanging aku entuk layang saka awakmu ngabarake yen awakmu arep ningkahan. Bisa kok bayangke ajure atiku ngerteni awakmu pranyata ora setya…,”

“Masya Allah, aku ora tau ngirim layang kaya ngono, Mas? Malah layang-layangku sing ora tau mbok wales. Nanging ngono, aku tansah setya marang awakmu, kamboja kuwi seksine,” ujare Esthi kaget. 

Dheweke lagi ngerti ana crita kaya ngono. Dheweke paham, mungkin iku rekayasa ibune biyen supaya dheweke ora ngarep-ngarep Wimbadi lan gelem ningkah karo Pramono.

“Awakmu ora tau kirim layang marang aku..? Apa…?,” Wimbadi bisa nggraita. Layang-layang kuwi ora tau tekan marang sing dituju.

Wimbadi nerusake critane “Aku ora sida mulih, ora sida ngejawa, nanging sawetara wektu manggon ing Aceh. kabeneran ana tugas maneh, dadi bisa nglalekake lara atiku. Wektu kuwi, aku duwe kanca raket tilas GAM sing tansah diburu wong-wong kang rumangsa dikhianati dheweke. Ngerti ana bebaya, anake wadon kang isih bayi dikon ngrumat aku, kon nggawa menyang Jawa, akhire aku mulih ngejawa. Supaya ngilangi tlacak, jenenge anak iku tak ganti Indras, tak gulawenthah kayadene bocah Jawa. Aku uga ora golek kabar bab awakmu. Wis dudu hakku maneh. Pikirku wektu iku awakmu wis bagya karo wong liya, ora ngerti yen critane kaya ngene,”

Wong loro padha meneng, Esthi isih mingseg-mingseg, sajak nggetuni lakon uripe. “Iki kabeh wis dadi garising pepesthen, Es. Arep dikaya ngapa yen awake dhewe ora jodho ya tetep ora jodho. Gusti sing wenang nemtokake nasib kawulane, ora prelu digetuni,” Wimbadi coba nglipur.

Esthi amung manthuk. 

“Bapak pripun, ta? Ngendikane badhe nyuwun winih jambu peking kok malah asik teng mriki mawon?” Indras ujug-ujug mrana mrono.

“I..iya, Nduk, iki mau asik jagongan karo Bu Esthi. Lak tenan ta, Bu Esthi iki kancane bapak sekolah biyen.”

“Lah, ibu ki kagungan kanca lawas top kados Pak Wim ngaten mboten nate criyos?” Danan melu nambahi rembug.

“Ya kene-kene, lungguh kene kabeh, ibu dak crita. Ibu karo Pak Wim iku biyen…..,”

Langite katon mendhung, sedhela maneh udan. Angin tumiyup kuwawa nggugurake kembang-kembang kamboja ing plataran iku. Kembang-kembang pasren sore iku dadi seksi menawa ana ati kang wus ora kegubet mendhung maneh. 

Mendhung lan udan sasuwene iku wus ganti dadi kluwung. Kluwung pancen metu keri, sapungkure udan, nalika bagaskara ngatonake sunare.

***

 

Temukan kami di sini!

Leave a Comment