Cerkak – Padha Dene

Spread the love

download

Cerkak dening: Indah Darmastuti

Kamomot Jagad Jawa Solopos

Katurake dening Endah Fitriana.

Musik: Alfa Krisma

 

Sri lagi mulih saka pasar nalika Karmo isih muring-muring entek amek kurang golek. Bojone sing mau isih turu nalika dheweke budhal pasar, wus ngadheg ana tengah lawang karo malangkerik. Ambegane menggeh-menggeh kaya bubar dioyak kirik. Sri kami tenggengen  nyawang bojone sing wujude mosak masik kaya bubar kena lesus. Rambute modal madul, klambine ora genep olehe mbenikake, sandale selen sing kiwa japit ijo, sing tengen japit biru.  Sri pingin ngakak, nanging dheweke nganggep kuwi ora patut.

Sri mlaku cepet karo nayngking blanjane. Bojone durung meneng olehe muring-muring, malah nanggo nuding-nuding tangane, karo nyebut Yu Jikem bakul gorengan sing manggon ana prapatan cedhak lampu bangjo. Sri menga-mengo delengi kiwa-tengen apa ana tangga sing nggatekake uringe bojone. Isa njalari Sri isin menawa disawang tangga teparo.

“Ana apa ta, Mas?” pitakone Sri karo nyelehake blanjane ana lincak, banjur lungguh lan nyawang bojone. Kringete dleweran ana gulu lan klambi geger mburi wus teles. Sanajan isih esuk, nanging hawane dina iku panas tenan. Tambah maneh ngerti bojone sing sajak muntab ora ketulungan.

“Delengen kebon mburi kae!” wangsulane Karmo tanpa ngowahi bantere swara. Sri banjur gage tumuju kebon kepingin ngerti apa sing njalari bojone muntab. Tekan kebon, Sri ndeleng saben pojok lan apa bae kang ana ing kebon. Ora ana bedane. Kebon amba kang dipageri bethek dhuwur lan ketutup wit-witan kuwi disawang Sri isih padha nalika ditinggal dheweke menyang pasar. Wit kluwih lan nangka isih padha. Wit pelem lan rambutan uga ora malih. Banjur apa prakarane? Swara batine Sri.

Sepisan maneh, Sri nggoleki mbok menawa ana sing ilang. Nanging tetep ora nemokake. Dheweke gumun, apa salahe Yu Jikem kok esuk-esuk nganti entuk pisuhan saka bojone kaya mengkono?

Kebone Sri pancen kalebu amba. Ditanduri wit kluwih, nangka, pelem, gedhang, pace, talok lan belimbing. Kuwi wit-witan sing gedhe. Wit-witan sing cilik-cilik uga akeh. Saka lombok jemprit nganti godhong pandan. Kembang mondokaki lan menur uga ana. Kabeh kuwi amarga saka anyepe tangane bojone. Sasat apa bae kang ditandur bojone mesthi kasil. Tuwuh lan ngrembaka. Malah woh-wohane uga bisa kanggo cagak butuh.

Bab kasile Karmo anggone tetanem kuwi kerep dienggo gaman Sri kanggo ngece Fajar,  adhi ontang anting sing kuliyah ana fakultas Pertanian UNS. Kandhane Sri, Fajar kuwi kuliyah ana fakultas pertanian jurusan listrik.

“Hla apa ana ta, Sri?” pitakone Karmo katon tenanan. Sri ngguyu kepingkel-pingkel ora mandheg-mandheg, sawetara Karma ora mudeng apa sing digeguyu Sri. Dheweke njegadul amarga bingung.

“Mesthi wae ora ana ta, Mas.”

“Hla awakmu mau ngomong apa?”

“Iya banjur apa arane si Fajar kuwi? wong jare kuliyah ana fakultas pertanian kok angger nandur wit-witan mesthi mati. Mindah uwit esuk, sorene alum. Mindah sore esuke ngglethak. Kuwi mesthi amarga tangane Fajar ana setrum listrike.” Karmo mung ngguyu sithik karo nyawang adhine ipe sing cengingas-cengingis karo ngedhep koran ngisi TTS.

“Rasah digagas mbakyumu, Jar. Jarno wae. Ben sak muni-munine.”

Karmo pancen tresna karo adhine ipe sing doyane maca ora jamak. Buku-bukune gedhe-gedhe nggedibel kabeh kaya kapal induk. Dheweke seneng isa mbiyantu nguliyahake adhine Sri. Nyengkuyung nalika Sri duwe krentek nyekolahake adhine sing wus ora ketunggonan bapa biyung nganti sak tutug. Arepo mung nyambut gawe ana bengkel montor, Karmo kasile lumayan. Isa nyisihake kanggo urun tuku buku lan bayar kuliyah. Lan ora isa diselaki menawa woh-wohan ing kebon mburi iku uga melu nyekolahake Fajar.

 

“Piye, Sri? mungguh awakmu ngerti, mangkel ora atimu?” pitakone Karma sing embuh kapan tekane, ngerti-ngerti wus ana ing mburine Sri.

“Hla ana apa ta, Mas? aku mudheng ki!”

“Jabangbayik! dadi awakmu clilang-clileng wiwit mau ki ora mudeng ta? iya? ora ngerti menawa gedhang kepok sing manglung ana pekarangane Yu Jikem kuwi wus dipanen dheweke esuk mau?” Sri kaget banjur noleh sisih kidul. Namatake wit gedhang sing wus suluh, pancen ora pati ketok, nanging deboge wus ora mentiyung kaya wingi. Kamangka wingi wus rembugan menawa gedhang iku arep dipanen Karmo dina iki.

“Kang Mijan mau esuk dodhog-dodhog lawang nggugah aku. Ngabari menawa gedhang kepok suluh sing manglung metu kuwi dipanen karo Yu Jikem. Jenggerat aku tangi banjur mlayu menyang mburi. Yu Jikem lagi nggotong gedhang satundun sajak bungah. Haiya banjur tak labrak.”

“Gusti Allaah…” Sri ngelus dada.

“Banjur kepriye Yu Jikem, Mas?”

“Jare Yu Jikem, gedhang kuwi mesti wae dadi jatahe dheweke wong uwohe nlole ana pekarangane. Tuntute sing padha gogrok ngregeti pekarangane. Jare dupeh aku ora tahu nyaponi, sing nyaponi ya dheweke, banjur gedhang kuwi dadi darbeke. Trondolo tenan ta? penemu saka ngendi kaya ngono kuwi hara?” Sri ngunjal ambegan, banjur nyunggar rambute nganggo tangan.

“Mesthi wae ora isa kaya mengkono ta, Sri. Yen awake dhewe manen, mesthi Yu Jikem uga komanan ra ketang selirang. Hla kok iki dipanen dhewe tanpa kandha karo sing duwe. Rak ya kranjingan ta?”

“Ya uwis, Mas. Ora usah didawakne prakarane. Awake dhewe isih duwe akeh. Kae sing ana sisih kulon uga wus suluh, lan klapa uga awoh akeh. Wes ta, idhep-idhep ngamal karo tangga,” pungkase Sri karo mlaku mlebu ngomah.

“Hla kok penak men. Yu Jikem ora nandur kok manen. Bola bali wong yen ngeyel kaya grontol ya golek menange dhewe. Wus ngono gedhang kuwi mau ora didum karo tangga liyane. malah jare arep dingo bakulan gorengan. Bakul kok ra modhal. Mentolo mlintheng ben ndegek gegere.” Karmo isih malangkerik nalika Sri wus ana njero omah. Nggawe kopi panas, banjur diwenehake bojone.

“Ngopi wae, Mas. Aku mau tuku ketan karo klepon. Iki aku arep olah bobor mbayung karo mbacem tempe. Minggu-Minggu dienggo nglaras wae. Bab Yu Jikem, ya wis disekarep. Mesakake dheweke wus tuwa, gek isih gelem nyambut gawe. Sak umpama bapa-ibuku isih sugeng, mesthi ya ora kabotan menawa woh-wohan saka kebon mburi uga dicicip tangga teparo,” ujare Sri nentremake ati. Karmo meneng. Nampa kopi sing isih kemebul saka tangane Sri. Ndamoni sedela banjur nyucup kopi karo sumendhe ana korsi prenjalin.

Sri wus ayem nalika ngerti bojone ilang muntabe. Ora muring-muring kaya mau. Malah nalika Fajar mulih saka futsal, dheweke wus bali gojekan maneh. Wus wani alok karo Fajar.

“Cah saiki pancen ceng-ceng po. Mosok bal-balan kok lapangane mung sak kemul, piye leh arep mlayu banter, dingo mengo wae wus gabrusan. Ada-adane sapa ngono, lapangan sing kudune jembar kaya sawah sepathok kok diungkret.”

“Hla saiki wus ora ana lapangan, Mas. Kabeh dadi perumahan, arep kepriye maneh, saiki apa-apa pancen kudu ngimbangi, kalebu bab lapangan bal sing butuh lemah amba. Karo maneh gabrusan iku uga isa ndadekake gayeng kok. Ora mung lapangan, pekarangan omah uga wus ora ana sing gedhe, tegese ora ana sing isa kepenak kanggo dolanan. Ning kejaba pekarangane awake dhewe ya, Mas, isih isa kanggo badminton.” Fajar blenyengan, nanging mung ditanggepi adem karo kakange ipe.

Sri meh wae keselak nalika krungu ujare Fajar mau. Nanging banjur ngunjal ambegan nalika nyawang Karmo sajak mat tenan anggone udud. Ora katon tilase prakara gedhang.

Nanging Sri luput. Dheweke ora nggraita menawa bojone isih ngincim lan nandur dendam ada dadane.

Sore kuwi bubar udan. Sri lagi bali saka arisan PKK, nalika dheweke krungu ana wong muring-muring ana omahe. Swara wong wadon sajak galak kaya buta keluwen pingin mbrakot. Siji-loro swarane bojone uga ora kalah banter. Gemblodhag. Sri ora wani mlebu omah. Dheweke ngadheg mepet ana tengen lawang karo nguping wong wadon sing ngunek-unekake bojone.

“Kowe isa tak lapurke pulisi!” Sri kaget. Ana apa kok nganti tekan kepulisen?

“Lapurno aku ora wedi. Hla salahku apa?”

“Isih takon! kowe ta sing nyrampang pitikku? rasah selak!”

“Iya. Bener. Banjur arep apa?”

“Ya tak lapurke pulisi amarga kowe mbedhog pitikku.”

“Salahe pitikmu mau saba ana pekaranganku. Ngeker-eker tanduranku. Ya tak sikat. Sapa sing akon pitikmu saba ana pekaranganku?”

“Edan maneh kowe, pitik kuwi ora ngerti udur. Kowe nggusah rak ya isa ta?”

“Wus tak gusah isih ngeyel, bali maneh, ngeker-eker tanduranku maneh. Ya banjur tak srampang. Apa bedane karo woh gedhangku sing manglung ana pekaranganmu? padha ta?” Sri ngremet-ngremet tangane. Dheweke isa nggraita prakarane.

“Pitik luwih larang tinimbang gedhang!” ngono pambelane Yu Jikem.

“Ra urusan! pokoke saiki wus babag!” pungakase Karmo sajak marem wus isa mbales wangsulan.

“Bola-bali caturan karo bakul ungkal!”

“Sapa sing bakul ungkal? wong aku nyambut gawe ning bengkel montor kok! dudu bakul ungkal.”

“Mbuh!”

“Yu, coba pikiren. Patang ndina kepungkur, awakmu manen gedhangku, amarga awohe manglung lan gogrokane ngregeti pekaranganmu, aku nesu awakmu ora rumangsa kleru. Hla banjur saiki, pitikmu saba ana pekaranganku, ngrusak tanduranku banjur pitik kuwi tak enteki kok awakmu ra trima! aja kuwatir, Yu, mengko yen wus digawe opor karo bojoku, awakmu tak wenehi wes!”

“Ora sudi!”

“Yo beneran, wong gedhangku sing kok panen uga mbok anggo bakulan. Bathi. Tangga-tteparo ora kok wenehi. kanggo ijole, mengko Kang Mijan tak wenehane opor.”

Yu Jikem kluntrung-kluntrung metu saka omahe Sri. Mripate kembeng-kembeng. Sri cepet-cepet ndlesep, nyingkir ndelik mepet tembok karo ngindik lakune Yu Jikem, nganti dheweke ora ketok. Banjur Sri minger, lendhetan tembok omah karo nata ambegan.

Langit ning sisih Lor isih mendung mentiyung. Gremis riwis-riwis, nelesi pekarangan. Nalika Sri mengo nengen, dheweke nyawang tenggok bobrok kanggo ngadahi uwuh. Ing njerone iku ana wulu pitik nglumbruk. wulu werno ireng, soga semu abang lan soklat. Kuwi mesthi wulune Jali, jagone Yu Jikem.

“Dhuh, Gusti nyuwun sabar.” Pasambate Sri karo mbrebes mili. []

Temukan kami di sini!

Leave a Comment