Cerkak – Tangga Anyar

 

download

Harapan 1 lomba Cerkak Yayasan Karmel –Malang

Anggitan: Indah Darmastuti

Katuturake dening: Endah Fitriana

 

Wus antarane rong minggu iki, omah sing adhep-adhepan karo omahku iku ora suwung maneh. Kapan kae sawijining pawongan, lanang, ijen, teka menyang Pak RT saperlu kulanuwun lan ngabarake menawa dheweke ngontrak omah cilik sing wus rada suwe ora dipanggoni. 

Pawakane cilik dhuwur. Rambute rada gondrong. Sajake dheweke angel ngguyu lan tansah pasang ulat kang nuduhake anggone kenceng olehe mikir. Nanging ora maido yen mripate dheweke pancen apik lan alise uga ketel.    

Sak banjure dheweke mung nekani kiwa tengen, ngarep mburi ulas-ulase lan patute wong neneka ana kampung liya. Aku karo bojoku nemoni dheweke ana sak jroning sore kang adem. Grimis riwis-riwis. Lan pisan-pindho kaprungu gludhug saka langit.

“Namung piyambakan kemawon tho, Mas Dali?” pitakone bojoku.

“Inggih.”

“Badhe pinten taun manggen wonten mriki?”

“Setunggal.”

“Sak derange lenggahipun wonten pundi?”

“Bali.”

Jebul sing uthil ora mung guyune, nanging uga cethil guneme. Bojoku sing takon nrethek kok mung dijawab sak tembung sak tembung. Jabangbayik .

“Lajeng badhe dinten menapa wiwit manggen griya punika?”

“Sakminika,” aku njumbul. Gumun. Wus cetha kahanan omah kuwi blas ora memper dipanggoni kok ya ora diupakara dhisik supaya rada kepenak olehe turu. Tangeh lamun dheweke ora ngerti menawa cendelane wus padha nglothok kabeh cet-e. Malah sing iring kiwa rada sengkleh lan padha njepat pakune. Jiaannnn… kebangeten tenan! Mengkono swara batinku.

“Mangga dipun ambali, teh panas namung kalian blanggreng.” Aku nyela, banjur bojoku lan Mas Dali meh barengan njupuk blanggreng sing isih anget. Bubar kuwi wus ora ana maneh sing bisa nggarahi bojoku ngajak crita. Ditawani rokok jebul ora udut. Bojoku mati gaya.

Wus antarane bubar Magrib, dheweke pamit mulih. Mung pirang jangkah thok wus tekan omah bobrok kuwi. Saka cendela, aku iso nyawang dheweke nyurung lawang banjur mlebu lan lawang mau bali ditutup krekep. Nanging lampu isih padhang njingglang.

“Nasib, Win. Suwe ngadepi omah suwung, banjur ana sing manggon wae kok sajake yo suwung.” Ngono celathune bojoku karo kukur-kukur sirah. Aku mung ngguyu.

“Kok nyalawadi ya, Mas?”

“Iya. Sajake uga ora seneng bebrayan karo tangga teparo.”

“Wes lah, ditonton wae.” Bojoku banjur pamit arep nutukake anggone ngetik, gawe laporan kanggo kantor pusat. Aku ringkes-ringkes gelas lan sedela-sedela nglongok omah bobrok ngarepan.   

Wengi wus lingsir, swara jangkrik gembranggang. Kala-kala keprungu swara manuk gagak utawa bencik mabur ngalor. Ing papan turu iku, aku lan bojoku isih kober ngrasani Mas Dali. Kira-kira apa sing dadi penggawene, banjur apa sing nggarahi dheweke pindah saka Bali. Ah, embuh. Ngerti-ngerti aku wus angler.

Esuk wus teka. Srengenge nyunar mencorong nalika aku mbukak cendela sisih wetan, banjur bukak candela ngarepan. Omah bobrok iku ora malih kaya mau bengi. Tetep tutupan krekep. Ora beda ana sing manggon apa ora. 

Rada awan sithik, bakul janganan sing adat sabene liwat wus bengok-bengok karo ngonekake bel pit onthel. Kring krong kring krong…

“Kangkung, mbayung, wortel, thokolaaaaaneeee buuuuu….” Siji loro ibu-ibu sing manggon ing kiwa tengenku padha metu. Nglumpuk ana prapatan, ngupeng Yu Sarmi bakul janganan.

“Sing manggoni omah suwung kuwi menungsa apa dudu ya?” Bu Sugeng mbukak rerembugan. 

“Iya. Sajake kok ngengleng ngono.”

“Jane bagus yaaa… nggiantheng.”

“Haallllaahh.. nggiantheng yen sarap meh nggo apa!!” sauté Bu Ugik.

Wis pokoke entek amek kurang golek anggone ngrasani Mas Dali. Aku mung nggatekake apa sing dirembug tangga teparoku.

Nanging pancen nggumunake. Wiwit bojoku budhal ngantor nganti awan, lawang kuwi mau tetep tutupan krekep. Mung sepisan dheweke mbukak cendela sengkleh saperlu ngulati bocah-bocah cilik sing padha mangkat sekolah. Bubar kuwi, tutup maneh cendelane. Tobat tenan. Pancen nyalawadi.

Jebul wus dadi pakulinan. Saben esuk, dheweke mbukak cendela anguk-anguk nyawang bocah-bocah mangkat sekolah. Tangga teparo wus ora rewes maneh. Kesel anggone ngrasani. Nganti tumeka ing sawijing sore. Aku karo bojoku bubar mangan bareng. Ing ngarepan ana wong dodhog-dodhog lawang. Bojoku banjur mlaku rada kesusu.

“Eh… mangga pinarak, Mas Dali.” Swarane bojoku katon dibanterake.

“Wiinn.. ana Mas Dali. Tulung digawekake wedang yaa..”

“Yaa….” Wangsulanku rada lirih.

Aku ora nemoni. Mung nyelehake gelas cacah loro, criping pohung sak lodhong lan ondhe-ondhe ceplus sak piring. Nanging aku kober nyawang sedela, dheweke katon kesel.

Ya sak wetara anggone bojoku nemoni Mas Dali. Aku nguping saka mburi lawang. Ora akeh sing dirembug, nanging aku trenyuh lan atiku kaya diris-iris. Aku ora mungkin kleru krungu, menawa Mas Dali nembung supaya saben esuk diolehake njaluk sego wayu. Turahane wingi. Bojoku rada sabar anggone ngadhepi dheweke. Ati-ati anggone omong lan takon ngapa kok ndadak sego wayu. 

“Yen sega waras ya gene tho, Mas?”

“Mboten. Wayu kemawon. Setengah piring cekap.” Mripatku meh mbrebes. Nanging kaya dina sak durunge, Mas Dali cethil rembug lan ora isa diowahi. Pokoke sega wayu. Bojoku seleh. Banjur nyanggupi menawa ing wayah esuk, dheweke oleh njupuk sega wayu turahan mangan bengi.

Mengkono wus kelakon luwih saka seminggu, saben esuk dheweke ndodhog omahku nggawa piring gembreng nadah sega wayu saka aku. Wis, ya mung ngono thok. Ora ana maneh sing diperlokake.

Banjur meh setengah sasi, wektu kuwi pener dina minggu. Bojoku prei anggone ngantor. Aku celathu, mung sembranan omong menawa aku kepingin nginjen apa sing dilakokake Mas Dali ing njero ngomah kuwi kok nganti ora gelem metu lan mung trima njaluk sega wayu. Bojoku ngira-ira, apa Mas Dali kuwi lagi laku prihatin. Nglakoni utawa ngluwari ujar.

“Wah, aja-aja Mas Dali kuwi wong sekti ya, Mas?”

“Hla embuh. Ning aku kok ya kepingin nginjen ya, Win.”

“Kana injen wae. Reka-reka arep mertamu.”

“Mengko malah dikira arep maling rak kojur.”

“Halaaahh.. omah bobrok ngono, sing arep dimaling apa.”

Hush!!   Mbok dijaga yen guneman.”

“Hla kasunyatane pancen ngono. Apa awake dhewe tau ngerti Mas Dali pindahan angkut-angkut barang? Tetukon abrak? Ora tha? Mung pisan kae angkut-angkut kerdus gedhe-gedhe mbuh isi apa.” aku ngeyel.

“Iya bener. Nanging ya ora becik menawa kowe alok kaya mengkono.”

“Ya ben!” wangsulanku karo ngguyu.

“Ndang, cepet injen wae mas…” Bojoku katon mikir, nimbang-nimbang, karo tangane mijet-mijet janggut. Mripate nyawang nduwur. Banjur noleh ngiwa, nyawang omah sing lawange tutupan, cendelane meh semplok rada mbukak sithik.

“Apa ngene wae, Mas. Wenehono, kirimono sega waras lan lawuh tahu karo karak. Jangan asem anget karo sambel. Kana ndang! Mesakne yen mung mangan sega wayu terus.”

Sajake bojoku kengguh. Banjur njaluk aku nyepakake kaya sing dak tawakake. Ora nganggo suwe, aku banjur bali menyang bojoku karo nggawa mangan sak komplitan.

Saka cendela, aku nyawang bojoku mlaku tumuju lawang kuwi. Dodhog-dodhog. Mung sedela, banjur Mas Dali mbukak lawang. Sajake ora mranani, katitik bojoku ora dikon mlebu. Tetep arep-arepan ana lawang. Wus sak wetara, bojoku tetep ana ing ngarep lawang. 

Aku muntab. Arep tak labrak wong edan siji kuwi. Cepet-cepet aku nusul bojoku. Ngerti aku teka, Mas Dali banjur rada blingsatan. Sajake gigrik nyawang raiku.

“Mangga Mbak, Mas.. nganti kesupen ngaturi pinarak. Nanging mboten wonten menapa-menapa. Banjur badhe lenggah pundi.”

Aku mlebu ndisiki bojoku sing isih nyangking rantang. Byyuuhh.. iki omah apa tarangan pitik! Koran-koran bekas pating bekakrah. Banyu ana ing ember nganti kecing. Aku nutup irung. Nanging aku kaget, nyawang ing nduwur meja kuwi. Ana saperangan patung.

“Nyuwun pangapunten, Mbak. Mbambet sanget.” Aku meneng wae, isih nyawang patung Bung Karno sing isih bopeng-bopeng raine. Piring gembreng sing adat saben kanggo nyadhong sega wayu kuwi wus gluprut mblenyek-mblenyek.

Sajake Mas Dali ngerti apa sing tak batin. Dheweke nyedhak meja elek, njupuk piring tumuli omong menawa sega wayu sing saben esuk dijaluk iku, banjur diulet karo koran bekas sing wus dikum banyu, banjur dicampur lem pathi kanji saperlu dadi material kanggo gawe patung.

“Inggih kangge dolanan punika menawai saben enjing kula nyuwun sekul wayu. Menawi ngangge sekul waras, nggih eman-eman. Ugi dadosipun mboten sae. Mekaten, Mbak.” 

“Waalahhh..tak kira…” dheweke mung mesem. Sajake ngerti karep uniku. Nanging aku nyawang, mripate Mas Dali kok rada kembeng-kembeng. Hlah! Jebul gembeng mase iki! Bojoku nyelehake rantang, banjur nyekel pundake Mas Dali.

“Mas, niki jangane asem bojo kula enak banget. Mangga tho.. sampun dipun tampik.”

Mas Dali nurut. Rantang dibukak bojoku banjur diwenehake dheweke. Sing ndadekake atiku trenyuh, dheweke mangan karo crita menawa saben dheweke neneka ana ing sawijing panggonan, mesthi dituduh wong gendheng. Malah ana sing tega ngusir. Hla kok iki malah ngirimi pangan lan nggatekake.

“Sak menika kula nembe nggarap dolanan, Mas. Patung dada tokoh-tokoh kondang. Ngoyak kangge pameran ing Manca Negari, tahun ngajeng. Nggih kula kedah nggarap wonten ing panggenan kang sepen, lan mboten ngabari rencang-rencang supados saged tememen anggen kula nggarap. Kula mesthi pindah malih menawi wonten rencang ingkang mangertosi panggenan kula.” Aku ngrungokake gunemane Mas Dali, karo nyawang rupa-rupa sing ana ing nduwur meja kekrepen. Aku ngerti sapa wae sing wus digarap Mas Dali. Sing paling pinggir kae Bung Hatta, jejer karo Bunda Theresa. Banjur Bu Kartini cedak karo Mbak Merryl Monroe. Karo kuwi sing ana tengah kuwi rak Paklik Che Guevara sisihan karo Mbak Anggun C Sasmi. Liyane aku ora ngerti amarga durung dialusi lan diwernani. Isih lawaran wujud dluwang emplek-emplekan. 

Tak sawang, Mas Dali sajak marem ngentekake sego jangan asem lawuh tahu lan karak. Mangane cepet banget. Ngelapi cangkeme nganggo lengen klambine banjur noleh bojoku sing lungguh ana sisihe.

“Mas, Mbak, mangke menawi sampun rampung jangkah kula, kula badhe damel patung Mbak Wiwin kaliyan Mas Sambodo. Kagem kenang-kenangan.” 

“Badhalaaa…. Malah entuk pakurmatan.” Ngono bengoke bojoku amarga bungah.

Aku ngguyu, lan sak jeroning atiku wus duwe tekad menawa mengko bakal nyisihake sega sing rada akeh. Bojoku nyawang aku, sajake kepingin ngomong menawa sesuk becike ditambahi anggone ngliwet. Mas Dali ora prelu jajan saben awan. Yen mung njatah sedina pisan lawuh sak anane mesthi ora kabotan. []

Bagikan Postingan ini

Leave a Comment