Geguritan – Susure Simbah

Klik tombolĀ  di bawah ini untuk mendengarkan suara

Anggitan Endah Fitriana

Katuturake dening Endah Fitriana

 

Klik di sini untuk mengunduh suara.

 

Glodhag…….krompyang….pyarrrr…

Swara njelehi…..?

Ora!!

Kanggoku kaya dene jineman uler kambang

Panglipur setya

Kang ndadekke lambeku ra njegadhul

Lha Simbah….??

Ya ben

Nyangking garan sapu….,

nyincing tapih…,

ngoyak aku

Susure lho mbah..

Lha…., ra tiba tenan to….

Si mbah krungkep

ndhepani lemah

kang teles

luhe….

19 Maret 2010 pukul 22.35

 

Bagikan Postingan ini

Leave a Comment