Golek Jalaran

Spread the love

Cerkak anggitan Indah Darmastuti
Kamomot ana ing Jagad Jawa, Solopos, Maret 2016
Kawaca dening: Mada Darmawan Putra
Ilustrasi Musik Endah Fitriana

Wus patang dina iki aku ana ngomah ijen, sepi lan sajak ngelangut. Esuk tangi turu resik-resik omah banjur mangkat nyambut gawe ana ing kantor asuransi. Pancen bapak lan ibuku lagi ana perlu ning omahe paklik-ku sing manggon ana ing njaban kutha, seminggu suwene. Retno adhiku ketampa magang ada ana sawijing perusahaan farmasi ing Tangerang.  

Jan-jane, yen mung perkara urip ijen lan resik-resik omah utawa gawe lawuh dhewe kango mangan, kuwi ora sepira, sing dadi mumetku ki gaweyan sing ditinggalake Retno kanggo aku. Ngopeni asu sing dadi klangenane wus antarane limang sasi.

Retno ngewanti-wanti aja nganti aku kelalen makani sedina ping papat. Ngadusi cukup rong ndina pisan. Saben-saben kirim sms isine mung ngelingake bab asu-ne. Wis, njudhegne tenan. Kaya mau esuk, tangi turu aku lagi arep ning WC, hla kok dheweke sms: “Mas, aja lali mengko Kanestren diadusi. Vitamin uga diwenehake. Eman-eman ndak lara.” Rak cilaka ta? SMS ora nakokake kamase mangan lawuh apa, sehat apa ora, ning omah dewe repot apa ora, hla kok malah jur mrentahi kon ngurus open-opene. Ndongkol tenan atiku. Nanging piye maneh, tresnaku karo adhiku ontang anting ki ya ra kira-kira. Dadi nalika dheweke kandha yen ketampa magang, aku seneng tenan. Ora dadi ngapa yen kudu ajar urip menyang kutha liya, kabeh kudu ditatagi kanggo sangu urip. Nanging aku kaget lan ora nyangka babar blas, menawa seneng dan dukunganku kuwi kudu ditebus nganggo ribet rekasa lan mangkel kaya mengkene. Ngurusi asu.

            “Tulung diopeni dhisik, asu-ku ya mas. Mung telung sasi. Kanestren ora gampang rewel lan wus mapan kok.”

            “Asem! Kuwi abot ya Ret! Mbok kana dititipake kancamu utawa digawa menyang penitipan asu. Wus ngono njenengke asu kok ya kaya jeneng obat panu. Apa ora ana jeneng liya tho?”

            “Weee….. obat panu piye ta, kuwi ana sujarahe ya maaass… asu ras Chihuahua kok dipadhakne obat panu.” Retno sajak mengkel. Aku tetep njegadhul.

“Eh Mas.. bab jeneng kuwi, bareng aku mudeng jebul kuwi arane bojone Semar nggon Punakawan kae. Kanestri. Ning kerep sinebut Kanestren.”

            “Hla, malah pelecehan kuwi jenenge.”

“Hla wes kebacut. Karo meneh aku njupuk jeneng kuwi amarga asu kuwi sing menehi kancaku bule  sing manggon ana ing kutha Cannes, Perancis.” ngono pembelane Retno.

            Wis embuh. Pokoke aku mangkel, nanging uga ngalah karo adhiku. Sida asu kuwi sing ngopeni aku antarane telung sasi. Nanging yen tak tinggal nyambut gawe, ibuku sing ngurus pangane Kanes.

Sing dadi ati maneh, lan banget njudhegne yaiku wektu Retno meling supaya pendhak Minggu esuk, aku kudu nggawa Kanes menyang Car Free Day, pase ana ing cedhak Sriwedari. Amarga ing kana, saben minggu, wong-wong kang duwe asu pada ngumpul. Aku rada kaget. Jebul ning kutha Sala iki uga ana geng per-asu-an kaya ning kutha-kutha negara manca.

            “Ndolanke asu kuwi ya penting hlo mas… ben kenal karo kancane sapadha asu. Jal awakmu yen suwe ra ketemu kanca-kanca kae piye rasane?”

            “Kuwi asumu, dudu asuku.”

            “Halaahhh.. mung njaluk tulung ngono we kok… Ing kana rena-rena ras-e hlo mas. Ana bulldog. Ana pudel, Dalmatian, ras Akita. Uga ana kaya jenis asuku iki, Chihuahua. Wes tha… mengko awakmu mesthi seneng nonton asu maneka warna. Lucu-lucu tenan. Aku ra ngapusi.”

            “Ret! Pancen kebangeten kok kowe ki. Tega-tegane ngakon kamasmu angon asu. Isa suwek-suwek raiku menawa ketemu kancaku. Arep dadi kepiye awakku dipoyoki menawa aku ngeterake asumu srawungan karo asu liya. Wes, aku pilih mbok kon umbah-umbah telung ember timbang mbok kon angon asu.”  

            “Yowis, Mas. Ora usah saben Minggu. Aku mung njaluk raketang pisan utawa pindo wae, terno asuku menyang CFD. Mengko menawa magangku wus rampung, awakmu tak tukokake jaket apik byanget. Piye? Gelem ya mas?” ngono Retno ngrayu aku. Aku mung meneng wae. Nanging banjur gogloh atiku nalika deweke nyedhak banjur ngesun pipiku. Asem!

            Sida Minggu esuk kuwi, kanthi ati anyel aku tangi lan gage resik-resik omah, banjur njupuk pit saperlu angon Kanes menyang CFD. Wes, pisan iki wae. Sing baku aku wus ngluari janji karo adhiku. Dak kandel-kandelake raiku. Ndemimil ndonga muga-muga ora kepethuk kancaku.

            Tenan. Ana ing cedhak Sriwedari, penere ngarep gedhung Graha Wisata, akeh asu maneka warna lagi dingon karo sing duwe. Bocah enom-enom. Lanang lan wadon, ayu-ayu lan bagus-bagus. Senalika aku bingung. Gugup kudu kepriye. Kanes jingkrak-jingkak. Rante dak cekel kenceng supaya Kanes ora mbradat.

            Sawuse aku nyendhekake pit onthel, aku nuntun, ngetutake laku asune Retno. Tak akoni aku rada grogi. Dak ulati meneh kaos oblongku werna soklat tuwa, lan kathok cendhakku werna soklat enom. Bareng tak tamat-tamatake, kok aku kembaran karo asune Retno. Kanes ki wulune werna putih, soklat enom lan soklat tuwa. Dhewe konyal-kanyil sajak kangen banget karo kanca-kancane. Suwara jegog maneka warna. Jroning atiku, gembrundel, anyel karo Retno.

            Wis, becike aku rada ngadoh wae. Aku tuku roti, banjur lungguh ana pinggiran dalan. Nyawang-nyawang pawongan kang rena-rena. Malah ana arak-arakan kaya demo. Padha dandan jaritan karo nggawa-nggawa tampah ditulisi: “Sala Damai, Sala Permai.” Hla rumangsane lagi perang pa? kok kon damai? Ana-ana wae. Aku ngicipi roti, Kanes nyawang aku sajak pingin. Roti dak cuwil-cuwil, dak uncalake menyang Kanes. Langsung sikat entek.

            Dumadakan, ana wadon nyedak ing panggonanku lungguhan. Dheweke uga ngetutake asune. Lumayan gedhe. Aku ora ngerti kuwi ras apa. Werna ireng nanging sajake ora galak. Aku nggraita menawa asune wong wadon mau sajake ngesir asune Retno. Katitik asu sakeloron wus pada cedhak-cedhak kenalan lan banjur uleng ning ndalan. Aku kaget, gugup lan ora ngerti kudu piye. Banjur wong wadon mau njaluk rante sing tak cekel. Dheweke nyekeli rante loro.

            “Asune jenenge sapa mas?” pitakone karo mengo nyawang aku. Swarane alus. Lambene tipis lan irunge mancung apik.

            “Kanes.” Wangsulanku rada grogi.

            “Apik. Lucu lan resik. Chihuahua pancen lucu. Tuku pira?”

            “Kuwi sing menehi kancaku. Saka kutha Cannes. Mulane dak jenengke kanes.” Batinku seneng, bejane Retno wus crita bab jeneng lan asale asune. Nanging yowes ben wae, tak daku si Kanes kuwi. Nanging aku wegah nyebut kanestren. Kanggoku, kuwi jeneng ora keren blas.

            “Wah. Top. Iki sajake asuku nemu kanca.” Dheweke mendhek banjur ngepuk-puk asune.

            “Sapa jenenge?”

            “Nero.” Wangsulane wong wadon mau tanpa noleh ning aku. Aku judheg. Wong-wong ki yen nengeri asu kok sakarepe dhewe. Asune Retno dijenengke kaya bojone Semar. Iki asune wong wadon ayu lencir kuning dijenengke pada karo kaisar Romawi sing gendheng. Piye ora gendheng wong kutha Roma diobong nganti ludes.

            “Saben minggu mrene ya, mas? Kok aku kok ora tau ketemu.”

            “Iya. Kala-kala ning kene, kala-kala ning sisih kana.” Wangsulanku ngawur. Dheweke mesem, manis ra eram. Kathok cendak jin biru lan singlet putih kuwi nggarahi aku kesengsem. Aku pingin banget ngerti jenenge. Nanging bingung olehku arep takon.

Dumakadan dhewe lungguh ning jejerku, banjur celathu:

            “Asuku sajake duwe chemistry karo asumu, Mas.” Aku manthuk lan mbatin, aku uga pingin awakmu duwe chemistry karo awakku, cah ayu. Ayune tumpuk undung.

            “Jenengmu sapa mbak?”

            “Nawangwulan.” Wuihh.. pantes. Midodari tenan ki. Midodari lagi angon asu.

            “Jenengmu apik banget, mbak. Kaya bojone Jaka Tarub.” Dheweke mung mesem lan ora takon genti sapa jenengku. Hla rak lucu menawa aku langsung omong sapa jenengku tanpa ditakoni. Mulane aku meneng wae.

            “Sekolah apa kuliah, Mbak?”

            “Aku kuliyah, Mas.” Wangsulan ngono dheweke karo menga-mengo. Banjur ndeleng aku tumuli kandha:

            “Aku titip Nero sedela mas, aku pingin es coklat kae.”

            “Wes, aku wae sing tuku. Tunggunen sedela.” Aku banjur mangkat, Kanes tak tinggal karo bacah wadon mau. Nalika aku bali, Kanes ana ing pangkune Nawangwulan. Dielus-elus sajak ndemenakake. Aku meri. Pingin rasane nggenteni Kanes.

            “Maturnuwun ya, Mas.” Kandhane Nawang karo nampani es sing dak lungake. Wektu sabanjure, aku lan Nawang wus crita-crita akeh. Ora krasa menawa srengenge wus dhuwur. Aku lan Nawang banjur mingset lan mulih.

            Ning sajroning laku mulih kuwi, aku ngguya-ngguya semu ngampet. Seneng banget atiku. Gek kepriye suwarane Retno menawa aku crita bab iki. Tekan ngomah aku dadi nggatekake banget karo Kanes. Dak lus-lus dak rumati lan rasane ora sabar nunggu dina Minggu.      Lan Minggu iku, aku luwih esuk anggonku tangi, nganti ibuku gumun. Sumringah ora kaya sakdurunge. Aku matut-matut klambi, lan ngarep supaya Nero kangen karo Kanes. SMS saka Retno sing ngelingake bab asu-ne tak wangsuli cekak: “Siyaappp!!!”

            Aku mangkat menyang CFD. Lungguh ana papan sing seminggu kepungkur dak anggo lungguh. Tenan, Nawangluwan rada mlayu keseret karana Nero sajak wus ngaampet kangen. Aku ngguyu, dheweke uga ngguyu. Aku nukokake es kaya seminggu kepungkur, lan aku uga jagongan maneh karo Nawang. Pingin rasane Retno nambah wektu magang, lan ngarep uga Nero ora selingkuh karo asu liya.

            Ngono wus mlaku telung minggu anggone aku angon asune Retno. Lan telung minggu uga aku ketemu lan jagongan karo Nawang. Minggu kaping papat kuwi aku sangsaya sumringah. Aku wus sangu cemilan rada akeh, lan nyepakake rembugan sing dak rasa nyenengke kanggo Nawang. Aku adus kanthi seneng, pit wus dak lap nganti kempling. Kanes uga sumringah kaya aku. Buntute kopat-kapit, wira-wiri, konyal-kanyil. Krasa menawa sedela maneh bakal ketemu yang-e.

            “Kok sregep men tho Pri?” Pitakone ibu karo gumun.

            “Retno ki hlo Bu. Meling supaya asune di-ngon ning Car Free Day saben minggu. Karo meneh dak rasa pancen bener menawa asu ki uga kudu ditemokake karo kanca-kancane. Jadi ya, aku kudu sabar lan ngalah nurute pemalinge Retno. Kanes ben seneng.” Ngono wangsulanku. Ibuku mung ngguyu banjur mlaku menyang kolah.

            Kaya adat sabene, aku wus nongkrong ning ngarep Plaza Sriwedari. Karo nontoni wong-wong sing pada golek hiburan lan jajanan ning CFD, aku pasang gaya sing dak rasa paling macho. Wes rada sawetara aku nunggu, Nawang lan Nero durung katon. Atiku ngarep, muga-muga Nawang ora ana apa-apa.

Dumadakan Kanes jingkark-jingkrak. Aku ngerti kuwi tandane ambune Nero wus kaendus. Atiku deg-degan. Apa maneh wektu krungu jegog-e Nero. Aku sangsaya deg-degan. Kamangka mung jegog-e Nero, dudu guyune Nawang, nanging atiku ora isa dicolong. Blaka suta, aku kangen banget karo Nawang.

            Nanging aku mlongo, amarga dudu Nawang sing nuntun Nero. Aku isih kami tenggengen wektu Kanes wus kangen-kangenan karo Nero. Uleng menyang ndalan. Wong sing nuntun Nero mau banjur nyedhaki aku. Aku merinding, amarga wong sing nuntun Nero wus ganti pawongan lanang gedhe dhuwur, lengene di tato naga, rambute rada dawa.

            “Panjenengan sinten mas?” pitakonku nalika wong mau ngajak ngguyu aku.

            “Kula ingkang kapsrahan nglatih asu punika. Asu Kintamani punika wiwit sekawan dinten kepengker sampun kula latih. Lajeng Mbak Nawang paring dhawuh menawi saben Minggu enjing supados dipun beta mriki saperlu panggih kaliyan Chihuahua.”

            “Duh, asu…asu..” swara batinku karo ndeleng Kanes lan Nero sing isih uleng kangen-kangenan. Asu keranjingan. Sapenake ngumbar kasmaran, ora bakal nggagas aku sing ndeleleg. Larane ki ning kene!! bengoke atiku. []