Lugut ing Ati

Spread the love

                                     

Anggitan lan kawaca Dening Yessita Dewi
Ilustrasi musik Endah Fitriana

            Lindri, kanca raketku awit saka cilik. Omahe adu geger, dadi yen jaman semana aku adus nganggo ember, mesthi Lindri melu ngedrel arep melu adus. Kungkum karo cengingisan, gedhe-gedhenan ember. Wates mburi omahku karo omahe Lindri papringan sing ora patia ngrembuyung. Wis, yen dadi siji mesthi pating jlerit, sok guyang-guyangan banyu, uncal-uncalan sabun. Wusanane aku karo Lindri saya njerit amarga dicebleki ibu utawa mbak Ninik sing rumangsa kebrebegen, uga eman marang banyu sing wis diangsu. Saka cilik nganti sekolah aku karo Lindri ora tahu uwal, senadyan saka SMP nganti kuliah ora dadi siji. Lindri kuliah neng Semarang, aku cukup neng Sala mbacutake ing jurusan sing wis dadi angen-angen. Saiki wis padha nyambut gawe, Lindri oleh papan gaweyan ing salah siji kantor Bank neng kutha Semarang. Aku sing seneng nggambar lan njait saiki ngrintis nggawe modiste dhewe. Lumayan, pesenan klambi utawa melu pameran dadi dalanku mbangun koneksi.

Awan iki mau Lindri mampir ngajak jagongan. Amarga wis suwe anggone ora ketemu, aku nutup kios cilik sing daksewa kanggo usaha. Pancen nyenengake ketemu kanca raket, crita samubarang, aba milkshake karo kenthang goreng amirika, terus roti isine sawi, keju, tomat karo apa embuh. Karo pegawe bank pancen beda jajane, mbiyen nyega kucing karo ngeteh jahe wis mayar karang cah sekolah. Saiki? Jan jane aku ora papa yen neng wedangan utawa nyega goreng pinggir dalan. Nanging Lindri wis ngajak mlebu neng warung..eh, cafe. Jyan, rada kamso sithik aku ki. Cafe beda karo warung ya, Nduuu.. tujune Lindri ora sadhar yen aku isih wagu.

“ Win, aku arep ningkah sasi ngarep, kowe kudu teka !,” Lindri crita katon sumringah. Aku cekikan. Ana ukara sing wis bola-bali aku krungu lan mesti marai aku cekikan. Ukara sing asring Ibu nuturi aku. 

“ Nigkah?! Kapan? Karo sapa, kok ora tahu rasan-rasan yen kowe wis nduwe yang..,”

“ Durung ngerti, lagi sasi ngarep rembug tuwa.,”

“ Wis suwe anggonmu kenal ta, Ndri?

“ Yaa.. durung jane. Nanging aku rumangsa ayem yen jejer Mas Had..,”

“ Oh, jenenge Mas Had? Had.. sapa?,”

“ Hadi..,”

Aku ngekek, Lindri njiwit karo mecucu.

“ Kok ngguyu ta, emoh aku!,”

“ Lha kowe lucu kok, tak kira jeneng dhawane Hadirin..,”

Lindri melu ngguyu kemekelen. Jeneng khusus pancen penting kanggo uwong sing wigati ing ati. Suk, aku ya ngono ah! Aja takon kapan, ora sopan!

Sedina iku aku karo Lindri runtang-runtung, nganti dak kon ngancani golek renda kanggo kebaya pesenan.

“ Oiya, Win.. suk, aku gawekne kebaya kanggo ijab lan resepsi ya. Awas yen ora gelem!,”

“ Iyaa.. tak gawekake, wernane apa kira-kira?,”

“ Suk wae yen wis genah tak japri ya, kowe kan ngerti ta seleraku,”

“ Inggiiihhh.. Mas Manteeennn..,”

“ Kowe ki lho, isih celelekan wae.. mengko angel jodho mbuh!,”

“ Hloo, kok malah nyepatani ki piye ta..,”

“ Ora nyepatani nanging ngelingake..,”

Iya, nganti seprene aku durung gandheng maneh karo wong lanang. Embuh ngapa, mbiyen wis tahu nanging mandeg tengah dalan. Rumangsaku ora ana lampu abang, nanging kok bubar. Bapak lan Ibu wis sarujuk kari ngenteni ditembung, nanging yen pancen durung jodho arep kepriye maneh. Dumadakan, aku kelingan karo salah siji pawongan sing ora sengaja ketemu neng toko buku. Kedadeyan iku telung sasi kepungkur sak durunge Lindri mulih prei. Mas Seno, uga pindahan saka Semarang.

            Awan gemlanthang sak nalika dadi adhem amarga aku mlebu ing toko buku gedhe. Dina iki aku arep golek buku disain kebaya. Aku wis nggambar, nanging rumangsaku ana sing durung mathuk. Rekake arep golek inspirasi, sapa ngerti ana sing pas. Durung nganti ketemu bukune, aku weruh novel sing wis suwe pingin daktuku. Jon Moyes, novel romantis. Mak cek! Hloh, buku kandel iku padha-padha ana sing nyekeli, kaya rebutan. Mak deg! Aku karo uwong kuwi meneng, pandeng-pandengan sawetara. Bruk! Buku sing digawa mas-mas kuwi tiba kabeh. Aku nulungi, eh.. isih kelakon nyekel buku sing padha. Jan, kaya drama korea kae jane. Ning iki luwih marai trataban. Ndredeg. Piye ora nggregeli, aku adhep-adhepan karo uwong bagus, dhuwur, tur mesthi seneng maca. Wis, mirip aktor Gong Yoo sing main neng tipi kae, Goblin. Tipeku banget. Aku mesem, mase melu mesem. Ngajak salaman.. utawa kenalan ya?

“ Seno..,” eseme entheng banget, semanak.

“ Windu..,” aku uga mesem nanging karo wedi, mbok menawa ngerti yen aku grogi.

“ Windu? Asmane manis, kaya priyayine.. ,”

Cleesss..! aku njiwit jenthik, lara! Iki dudu impen-impen, iki kasunyatan! Dhuh, maturnuwun Gusti diparingi tiyang bagus, eh..

Ora suwe anggonku tepung karo Mas Seno, wis criwis crita ngalor-ngidul. Mas Seno lagi wae pindah saka Semarang, kantor sing dadi papan gaweyan diwajibake pindah tugas sak wayah-wayah. Kekancan antarane aku karo Mas Seno dibacutake lumantar inbox lan whatsapps. Embuh ngapa, lagi ketemu pisan wis kaya gathuk banget. Pacelathon sing kewetu lucu-lucu. Sok-sok ya rada serius sithik yen ngobrol bab abot. Paling klop yen criwis bab buku karo film, wis, hpku nganti entek batune. Sasate aku dadi luwih kemepyar yen lagi nggambar disain klambi. Ana semangat anyar. Apa maneh arep ana pameran Industri Kreatif, aku kudu nyepakake rancangan anyar.

            Bab Mas Seno aku ora tau crita karo Lindri, suk wae yen wis pas wektune. Saben ana sela wektu utawa sesuk dinane prei, Mas Seno ngampiri ngajak mlaku-mlaku. Ing sak wijining wengi, bapak tindak tugas luar kota. Aku maca buku neng ngarep tivi.

‘ Ndhuk, kekancanmu karo Mas Seno iku sejatine arep kepriye?,” Ibu lenggah neng sandingku.

“ Kula kaliyan Mas Seno taksih kekancan biasa kok, Bu,” aku wis deg-degan.

“ Hla kok wis runtang-runtung? Ora ilok yen durung genah kok kerep bebarengan,”

“ Mboten kok, namung yen sela kemawon. Mas Seno niku tiyang sibuk, kula nggih kedah netepi pesenan ingkang numpuk,”

“ Ya wis, eling, Ndhuk.. kowe bocah wadon aja gelem yen mung kanggo ampiran,”

Aku manthuk. Ibu ningali berita. Atiku kaya dirambati semut, pating kremut. Ngendikane Ibu ora luput, nanging sak suwene iki ora ana ukara sing menjurus nggambarake rasa ati masiya aku ya ngenteni. Thiit! Hpku muni, ana pesen seka aplikasi WA, Mas Seno.

“ Windu, aku ora isa turu. Piye iki?,” Mas Seno nulis ditambahi gambar lucu. Aku  ngguyu.

“ Ngitung endog kodok, Mas..”

“ Ora isa merem, saben merem kelingan Windu..,” ana gambar konfeti akeh banget. Mak byar! Atiku kaya disebar kembang api, anget, padhang. Aku mesem bungah. Semut sing mau ana ing ati wis ilang, saiki kaya ana konser isine drum kabeh. Pating jedhung. Chatting karo Mas Seno nganti wengi, aku merem karo mesem. Impen wengi iki katon endah banget. Ora wagu kaya biyasane.

            Dina setu ngene iki aku mangkat rada awan. Rampung resik-resik omah lan olah-olah dhapur ngrewangi Ibu, aku leyeh-leyeh ing ngisor papringan mburi omah. Ngeteh, maca koran. Papringan gadhing sing mbiyen mung sak larik, saiki saya ngrembuyung. Manuk pating cemuwit, garengpung golek kanca tepung.

“ Ndhuk, ana tamu. Mas Seno..,” Ibu nimbali. Aku menyat saka kursi goyang. Kadingaren isuk wis tekan kene, ana apa ya?

“ Eh, Mas Seno. Njanur gunung, “

“ Iya, mau arep golek sarapan kok terus menggok kene, aku ya gumun,” Mas Seno mesem.

“ Oh, arep sarapan kene sisan piye, Mas? Aku ya durung sarapan kok,”

“ Iya, Nak Seno, iki mau ndilalah wis matengan.. ayo, Ndhuk.. cepakna piring,” Ibu nyumanggakake Mas Seno.

“ Dhuh, kok dados ngresahi Ibu ta punika..,”

“ Halah, ora.. ayo ta, ben Windu ana kancane. Yen dhewe malah sok ora sarapan,”

Aku nyepakake piring lan gelas. Sop ayam karo tempe tahu, sega panas. Pas karo ati lan kahanan.  Dina iku aku ora bukak toko, mrei. Tujune pesenan wis kari packing. Mas Seno ngajak mlaku-mlaku neng Cemara Sewu. Aku ora ngerti yen suk bakal ana bab kang marai ampeg.

            Rasa ing ati isih rapet dak simpen ngati Lindri Cuti wingi. Dina iki aku ngrampungke gaweyan karo persiapan pameran. Salah siji kebaya sing arep dak pamerke iku jaitan tanganku , sirku daksimpen kanggo aku dhewe. Biasane ya aku, nanging yen rame direwangi pegawe-pegaweku. Jaitan kebaya iku dak garap jaman durung bukak usaha, saiki metu saka lemari njero. Ana sing kudu dibenerke kana lan kene. Klinthing! Aku krungu lawang ngarep ana sing teka, swara pegaweku neng ngarepan.

“ Windu!,” Lindri wis ngadeg neng ngarepku katon sumringah. Aku bungah.

“ Lindri?! Kok ora kanda yen prei? Kapan mulih?,”

“ Aku lagi teka mau isuk, iki arep ngurusi ningkahan. Nginguk sedhela wae, mengko aku tak mampir meneh, wis ya!,” Lindri ngglethakake oleh-oleh terus gage metu. Sak klepatan aku kaya paham wong lanang sing mboncengke Lindri. Sapa ya, kok kaya..? ah, ora mungkin.

            Aku mulih rada kesoren. Nginguk mburi omah, rame banget. Ibu ndhekep pundhakku.

“ Lindri mau ditembung, saiki rembug tuwa. Ndang dicepetke ningkah soale Lindri arep pindah Jakarta,” Ibu banjur nyirami wit kembang angsoka lan kembang sepatu sing ngrembuyung ijo. Sak klepat, ana wewayang sing rumangsaku pancen aku ora isa luput. Hem kothak-kothak rena ijo ireng ora manglingi. Swara abot adem sing tansah ora tahu ngalih saka kupingku sak durunge aku turu. Aku lungguh nglentruk. Ora isa crita kaya ngapa rasane ati. Karo jangan tumpang sing lentreg semu pait kae sajake atiku luwih letheg.

“ Windu..!,” Lindri katon mlaku nyedhak, sumringah. Wong lanang sing neng mburine Lindri iku sing dak wedeni, aku ora bisa mlayu mlebu. Aku menyat saka lincak, Lindri ngadeg karo nggandeng.. Mas Seno! Tenan, sirahku rasane kaya siwur sing dithutuk nganti remuk. Ngelu. Aku kaya kena lugut sing akeh banget. Perih, angel dilangi.

“ Eh, Lindri.. lagi akeh tamu sajake ya?,” pitakon sing dak anggep isa nylamurake rasa ampegku. Mas Seno ngadeg nggejejer ora jenak.

“ Iki, dak kenalke karo calonku.. ya iki sing jenenge Mas Hadi. Mas, iki kanca kenthelku, Windu. Suk ijab karo resepsi aku bakale nganggo kebaya rancangane Windu,”

Mas Seno glagepan. Aku ngajak salaman ethok-ethok rung kenal.

“ Oh, niki ta asmane Mas Hadi calonipun Lindri? Tepangaken, kula Windu..,”

“ Mm.. Hadi Suseno.. “

Aku ora arep takon kenangapa Mas Seno ora crita yen arep dadi manten. Nanging yen dipikir ya ngapa crita karo aku, aku ki sapa? Duh, iyuunngg..

“ Lindriii.. Pakdhe Marto arep konduurr..,” Mbak Ninik ngawe Lindri. Lindri gage mulih. Mas Seno isih ngadeg ing ngarepku. Aku meneng wae, pipiku wis panas. Mripatku rasane kaya nganggo kacamata seka botol kandel banget. Abot. Blawur.

“ Windu, aku.. njaluk ngapura. Sak temene iki dudu kekarepanku nglamar Lindri,”

“ Mas Seno, tak kira wis ora ana sing kudu digenahke. Aku ngerti yen awak dhewe mung kekancan,”

“ Windu, sak temene aku…,”

Aku ora kuwat maneh krungu swarane Mas Seno. Aku mlayu mlebu, ora ngerti yen Ibu mirsani sinambi nyirami samping omah.

            Kabeh sing wis dakampet ambrol. Rasa seseg ing dhadha dadi iluh kang deres, nilas abuh ing tlapukan mata. Ora ngerti wayah, ora ninggal kamar, ora obah.

“ Ndhuk cah ayu, iki susu soklate dimimik dhisik ya,” Ibu ngeluk kaya jaman aku isih cilik. Biasane mbiyen aku terus manut, mimik susu. Nanging saiki, tangi wae aras-arasen.

“ Ndhuk, urip pancen ora kudu kaya sing dikarepake. Nanging kabeh mau menungsa sak drema nglakoni,”

Aku obah banjur tangi. Lungguh. Pasuryan Ibu katon peteng.

“ Ibu, Lindri pun weling yen benjang ijab lan resepsi kaliyan Mas Seno pesen kebaya kalih kula. Kula kedah pripun ibuuu..,” aku ngguguk.

“ Apa Lindri ngerti yeng kowe karo Mas Seno wis tepung?,”

Aku gedheg. Ibu nayogyani.

“ Ya wis, cukup tok simpen critamu karo Mas Seno. Lakoni kanthi ikhlas, pancen abot. Ora kabeh nasib pait iku ala, ndhuk. Sing sabar, cah ayu..,”

Wengi kuwi krasa nyenyet. Aku merem, meksa kudu turu.

            “ Winduu..! Bu, Windu wonten?,” swarane Lindri kaya biyasane, cemengkling.

“ Eh, lha kok isuk-isuk wis tekan kene ta, Ndhuk? Isih cuti?,” Ibu saka pawon nggawa piring isi gedhang goreng.

“ Nggih, bu.. ajeng ngejak Windu sarapan bareng kaliyan Mas Hadi uga,.. Ibu, punika tepangaken Mas Hadi,” Lindri narik tangane Mas Seno sing ethok-ethok nonton pigura cemanthel ing tembok. Ibu nyalami Mas Seno, kaya durung nate tepung. Mas Seno kikuk.

“ Kula ibunipun Windu, mmm.. iki mau Windu isuk-isuk wis mangkat. Kanda yen arep ngoyake pesenan kebayakmu, ndhuk..,”

“ Ooo, ngaten ta, tiwas kula ampiri.. nggih sampun, mangke kula tak mampir mrika,”

Ora suwe Lindri karo Mas Seno banjur pamit. Ibu nyawang wong sak kloron iku karo ngunjal ambegan. Lindri nggandheng lengene Mas Seno.

            Aku mung isa nyawang kebaya rena putih sing dak gawe seka broklat alus. Kebaya iku pancen kanggo aku, mula golek bahan sing apik tenan. Kebaya sing wis dadi sak durunge ketemu Mas Seno. Ah, Mas Seno. Kenangapa Lindri kudu karo Mas Seno? Apa ya karo Lindri chattingane padha kaya yen karo aku? Rasa ampeg iki isih mbethetheg. Aku genti nyawang kebaya sing durung dadi, kaine isih daklilitke neng manekin. Bahan rena balung iku pesenane Lindri, broklat kebak manik.

“ Aku kudu kuwat. Iki dudu salahe Lindri, dheweke ora ngerti yen aku cedhak karo Mas Seno,” aku menyat nutup lawang toko, aku arep nggarap iki tanpa akeh uwong. Ben ndang gelis rampung, ndang golek tamba lara tresna. Lara tresna, duh, tibake kaya ngene iki..

“ Windu! Kok tutup?,” Lindri mbukak rolling door sing ora rapet. Aku kaget.

“ Lhoh, Lindri?! Kok.. tekan kene?,” rada gela, amarga aku lagi ora nepsu ketemu kancaku siji iki. Apa maneh karo wong lanang sing ngadeg neng mburine Lindri. Lindri wis mlaku-mlaku nonton kebaya-kebaya sing biyasane disewa, karo klambi-klambi sing suk arep kanggo pameran. Dumadakan, Lindri mandeg neng ngarep lemari sing lawange mbukak.

“ Windu, aku nganggo kebaya iki wae..,”

Aku noleh. Lindri wis njupuk kebaya putih sing dak simpen kanggo aku dhewe.

“ Kuwi ukuranku, keciliken yen mbok enggo. Iki wae, pitung ndina engkas dadi,”

“ Emoh, aku pingin ijab nganggo iki wae..,”

Mas Seno ngematke aku. Aku ethoke ora ngerti. Ora nggagas.

“ Ndri, kan kowe wis pesen bahan ta? Iki wae, wis digawe pola kari njait kok.. kuwi koleksine Mbak Windu dadi ora samubarang uwong isa nganggo,” Mas Seno sajake ngewaki.

Lindri mecucu,” Mosok karo aku ora oleh mbok enggo ta, Win?!,”

“ Ya wis, yen cukup enggonen ora apa-apa,”

Aku wis ora nduwe daya maneh. Kebaya iku pancen dak gawe lan suk bakale yen aku dadi manten. Nanging wis kadung, pangarep atiku wis ucul. Kebaya iku uga dakculake kanggo kanca raket sing bakale dadi bojone Mas Seno, pangarep sejatine atiku. Lindri lunjak-lunjak seneng banget. Aku dikekep kenceng karo bengok-bengok.

“ Kok kowe nangis, Win..?,” Lindri kaget, katon bingung.

“ Oh, aku nangis bungah amarga kanca raketku arep dadi manten. Suk mben dadi angel yen arep ketemu, kowe mesti sibuk,” aku semaur alesan. Mas Seno ngematke aku saya panteng. Lugut ing atiku saya kandel. Perih nanging ora ketok wujude.

                                                ****

            Wis telung sasi kebaya pesenane Lindri isih neng lemari butikku. Wis telung sasi iki uga aku pameran mubeng ing kutha-kutha gedhe kayata Surabaya, Semarang, Bandung. Jakarta sasi ngarep siyap mangkat maneh. Aku lungguh dhewe, kelingan telung sasi kepungkur, sak uwise ketemu Lindri sing karep nganggo kebayaku, aku nglembur rampung banjur cepak-cepak kanggo pameran. Ibu ngendika yen nikahane Lindri diundur amarga calone sing lanang kudu pendidikan singkat neng Medan rong sasi. Kawit ngerti yen Mas Seno arep ningkah karo Lindri, aku wis ora nate kontak maneh. Mas Seno kadang sok nge-Ping utawa kirim emotikon neng inbox. Aku ora tahu semaur. Atiku durung mari, nanging wis ora apa-apa.

            “ Windu..,” Lindri ngadeg neng ngarep lawang. Aku kaget, banjur noleh, mesem seneng weruh kanca sing wis telung sasi iki ora nate tak angkat telpune. Aku karo Lindri kekep-kekepan.

“ Windu, aku ora sida rabi..,”

“ He..?”

“ Win, aku ora bisa meksa karep lan atiku, Mas Hadi blaka marang aku. Kabeh..,”

Aku ora bisa ngira apa sing bakale arep kedadeyan. Nanging aku ngerti, yen saiki dhadhaku kaya digebugi nganggo bantal cilik.

“ Win, kenangapa kowe ora crita karo aku yen Mas Hadi iku Mas Seno-mu? Kenangapa kowe meneng wae rikala aku meksa nganggo kebayamu? aku rumangsa wis dadi kanca sing paling ala kanggo kowe! Aku ora tahu gelem ngrungakake crita-critamu, aku wis egois! Ayo ta, senenana aku!,” Lindri ngguguk. Aku ngrungokake Lindri ndremimil akih banget. Njaluk ngapura lan sak panunggale. Banjur Lindri kesel. Aku lingguhan karo Lindri, thenguk-thenguk ngematke iwak koki neng akuarium cilik. Meneng. Kekancan ki pancen kudu nduwe ati sak segara jembare, pisuhan lan rasa anyel cemplungna laut rasah digoleki, ben dipangan iwak teri. Atiku wis krasa entheng. Lucu. Apa lugut iku wis arep gogrog ya? Ah, mengko yen isih ana lugute tak user-userke rambut utawa mbun-mbunanku. Jarene yen diuserke rambut lugut bakal gogrog. Sujokna mung lugut, hla nek pulut apa ora njindhet rambute.

“ Ndri, bab iku wis klewat mangsa. Saiki mangsa rendeng, aja nambahi gendheng. Wis ta, aku ora apa-apa,” aku nyawang Lindri sing isih kemu-kemu teles amarga nangis. Mbuh ngapa kok ujug-ujug banjur ngguyu bareng.

Pangarep atiku bisa uga ana dalan, nanging aku ora wani nandur pangarep dhuwur-dhuwur. Wis ben, ngene wae. Lugut sing ana ing atiku pirang-pirang wektu iki ilang mbaka siji, kanggoku wis cukup. Aku nyawang kebaya putih sing isih neng njero lemari. Aku mesem lega..

                                                                                                           

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *