Manuk Enggang

Spread the love

Cerkak Yessita Dewi
Katuturake dening Yesita Dewi
Ilustrasi musik: Endah Fitriana

DOWNLOAD

 

Dina iki awak luwih kesel tinimbang dina liyane, embuh ngapa. Rasane lungkrah, apa wae wegah. Jarene kanca raketku, Benik, iki amarga atiku dhewe. Sik, Benik? Iya, iku kancaku raket kawit dadi mahasiswa baru, ndilalah KKN jaman neng Amuntai, Kalimantan, uga sak kelompok. Beda jurusan nanging tetep regeng tekan seprene. Ibu lan bapake krenteg wenehi jeneng Benik amarga pancen bocahe menik-menik lucu lan ayu. Yen aku, Meranti, amarga mbiyen ketok ireng kaya ta kayu meranti. Pandonga samesthine bene bocahe kuwat lan bakoh kaya kayu wesi iku. Kuwi aku. Jarene kuat. Nanging nonton drakor tetep pating dlewer iluhku. Wis, iki kok malah nggagas jeneng.

“ Ranti, sesuk sida ta?,” suarane Benik seka ngarep lawang kamar kosku. Aku nyoba ngeling-eling. Sesuk? Ana apa ya?

“ Halah, lali. Sesuk ana Festival Seni Budaya neng Beteng Vastenberg, nonton ya!,”

“ Oh, kuwi. Jam pira ta?,”

“ Jam setengah wolu bengi sih, nanging yen isa jam pitu awak dhewe wis standby ben isa oleh kursi, nonton karo ngadeg ora penak, kesel,”

“ Oke, sesuk tak mulih rada cepet seka kantor. Eh, golek susu segar yuk,”

Aku karo Benik mlaku nuju dalan Slamet Riyadi. Kosku pindah daerah Kemlayan, karepku ben cedhak kantor rasah numpak pit montor, mlaku ngono kan penak. Wektu kuwi ana kamar siji sing kosong bar ditinggal rabi sing ngekos, aku nawani Benik sing kantore ana Coyudan. Ya uwis, karang jejodhoan iku ora kudu beda jinis kelamin, kaya ta aku karo Benik pancen jodho anggone kekancan. Sak durunge Benik isih ngekos neng Kentingan, nanging rada repot yen pas lembur nganti luwih jam 10 wengi, regole wis dikancing. Mlayune ya neng kamar kosku.

Pluk! Gantungan kunci wujud cucuk manuk enggang sing dadi ganthilan tas ucul.

“ Wah, pedhot. Emane..,” kandhaku karo rada gela. Benik mesem.

“ Dak kira ganthilan iku wis ilang, Ran. Isih ta?,”

“ Isih, mbuh kapan isa oleh ngene iki meneh. Adoh je,”

“ Cieeee.. kelingan karo sing menehi mesthi,”

“ Hish, cah gemblung,”

Aku karo Benik nyusu segar karo crita rena-rena. Cucuk manuk enggang sing dadi hiasan ganthilan kunci iku ukiran seka kayu. Rumbun. Iku jeneng sing gawe ukiran. Jeneng sing pancen ora memper kanggo wong Jawa, nanging kanggo keturunan Dayak iku ngandhut ateges bocah kang amba wawasan lan pikirane. Aku kelingan eseme sing marai ati semuten. Pating sengkring. Ketemu neng acara festival budaya Hulu Sungai Tengah, Kalimantan Selatan. Rumbun, wektu kuwi uga mahasiswa sing KKN seka Universitas Lambung Mangkurat, padha papane ing Amuntai nanging beda desa. Rumbun Jurusane Kehutanan, nanging dheweke ngaku ketarik karo babagan seni lan budaya. Apa maneh saiki seni lan budaya saka sukune wis kudu rikat digarap kanggo ndhedher pemangku seni adat dayak. Sesepuh wis butuh prunan murih lestari. Kuliah karo nyambi sinau budaya adat seka sesepuh sing wis dadi welinge Kepala Suku. Pancen beda adat Banjar karo Dayak, nanging isa nyandhing.

“ Ngalamun, mesti kelingan Rumbun! Ngaku..!,” Benik njawil marai ceguken. Ngerti wae hlo. Aku mesem rada kecut, amarga wis ora bakal isa ketemu maneh karo Rumbun. Bar KKN sok isih surat-suratan. Jaman iku henpon isih larang kanggo cah kost kaya aku iki, aja maneh nembung henpon, nembung tumbaske pit anyar wae malah kon mangkat rabi. Ngono banget ya aku, duh. Sasi dadi mataun jeneng lan wayangan Rumbun sansaya blawur, apa maneh saben byar ngadhepi dosen pembimbing sing kanggoku kaya Judge Bao nyandhing Aman Jagau. Lulus golek gaweyan, ketampa neng perusahaan bathik sing wis kondhang. Cedhak karo kanca lanang, nanging ora ana krenteg mbacutake luwih saka kekancan. Benik gumun, mosok golek cah lanang siji wae angel. Hm, padhake golek munthu apa piye?

*****

Wengi ing Beteng Vastenberg. Lampu pating kebyar. Regol gedhe tinggalan walanda iku sansaya katon bakoh. Antri siji-siji. Kutha Sala pancen ora nate sepi kanggo adicara seni lan budaya. Festival tari, gamelan, musik uga kuliner saiki dadi jujugan sapa wae sing tresna adiwisata. Kayata wengi iki. Aku karo Benik mlebu ing latar amba jeron beteng. Kursi ditata kanthi prasaja, lampu, slide lan layar gedhe. Kanggo sing adoh saka panggung ora prelu kuwatir, bakal cetha wela-wela amarga layar gedhe sing wis dicepakake. Kabeh sing ngebyuk ing latar iki ora mung wong sala, nanging uga wong manca. Seniman tari nglumpuk.

Adicara diwiwiti. Ana sing saka Papua lan Sulawesi. Aku dhewe ora ngerti ana pirang daerah sing bakale mbeksan kanggo dina iki.

“ Ran, saiki seka Kalimanta Selatan!,” Benik njawil aku sing semu ngalamun. Keprungu Sape dhayak. Iki Kalimantan Selatan sing dudu suku Banjar. Aku gage ngematke slide wenehi katerangan sapa wae seniman sing ana panggung. Balai Karungun Loksado, Kalimantan Selatan. Sak nalika ana rasa mak dheg ing dhadha. Ana yen wong sepuluh sing munggah panggung. Aku coba ngematake sing nari enggang. Wulu-wulu manuk sing endah lan edipeni iku kayata manuk enggang kang menclok rana rene. Ana siji sing kaya aku plega, nanging dak kipatake sak nalika. Mokal. Sawetara wektu ora krasa wis rampung beksan enggang saka Loksado iku. Aku ngajak Benik metu. Rasane dadi ngelak banget. Karo luwe. Nanging sing marai garing pancen rasa ati.

Lungguh kursi karo nonton koridor Jensud. Teh paling ndemenakake pancen racikan teh saka Sala. Benik antri neng wong dodol bakso bakar, aku ngenteni karo ngematke wong wira-wiri. Ora suwe ana rombongan teka, saka dialeke aku ngira dudu wong jawa. Iku dialek sing wis tahu dak arep-arep. Mbiyen banget. Karang wong penasaran, aku mengo nuju swara rame aba omben karo pacitan. Hm, awak penari dhayak. Bakoh, kokog balunge.

“ Ranti, iki bakso bakare, sing sate apus durung rampung dibakar. Antri,” Benik teka karo nggawa piring cilik isi bakso bakar telung sunduk. Benik nampa telpun seka pacare. Aku ethok-ethok sibuk ngudhak teh. Wis, ngene iki bakal suwe si Benik yen ngganyik karo yange.

“ Meran..ti..?,” ana swara saka klasa samping. Aku noleh. Uhuk! Keselek teh panas.

“ Ah, bener! Meranti kan?!,” eseme wong siji iki sing marai aku kelingan. Nanging kenangapa awakku adem panas, tangane rasane kaya akeh semute. Dumadakan tanganku disalami.

“ Aku Rumbun! Lali ya?,” mripate sing semu sipit, pipine sing semu dekik. Duh, wong bagus, ngertia, awakmu iku wis marai aku kena lesu darah. Lemes. Aku butuh jus jambu!

“ Eh, anu.. iya, aku Meranti. Suwe ora pethuk ya,” iku yen padhang jingglang mesthine ketok yen raiku pucet kaya yangko basah pasar gedhe kae. Pupure luntur sisan. Rumbun ngguyu. Aku rada lega. Benik wis srawung gayeng karo kanca-kancane Rumbun. Ijol crita kahanan neng kana lan kene. Rumbun crita yen kuliahe jurusan kehutanan mbiyen ora tutug amarga wektune entek kanggo ngupaya sanggar budaya karo kanca-kancane sing disengkuyung pamarentah daerah. Banjur tekan  saiki kerep pentas neng festival ngendi wae. Wis tahu neng Ostrali amarga klebu seleksi pertukaran budaya. Tahun iki kira-kira rong sasi engkas dheweke wiwit kuliah neng ISI Solo sinau jurusan etnomusikologi amarga oleh beasiswa. Ana rasa lega. Embuh ngapa aku durung ngerti.

*****

Rumbun saiki sregep ngabari. Wis  telung sasi kliwat anggonku ketemu dheweke neng Beteng Vastenberg. Ora ana ukara apa-apa antarane aku karo Rumbun. Yen chattingan uga crita biyasa kaya kanca. Kaya mbiyen jaman ketemu ing papan KKN. Dheweke crita yen saiki lagi neng Jakarta melu rombongan budaya Kalimantan, kira-kira seminggu engkas rampung. Ya ngono kuwi yen crita, babagan gaweyan, kuliahe dheweke sing wis wiwit nyenengake lan sak panunggale. Liyane kuwi ora.  Aku dhewe rumangsa ora pantes ndhisiki, mbok menawa Rumbun wis nduwe calon dhewe. Biyasane pancen suku dhayak sok dijodhoke karo pilihane sesepuh suku. Mbiyen, mbuh yen saiki. Kok dadi galau ngene ya, ah, sengit aku! Gek lagune Beautiful Goodbye, suarane Chen marai miris pisan.

“ Mbak Rantiiii.. ana sing nggolekiiii..!,” swara putrane sing nduwe kost pancen cemengkling. Aku menyat saka kasur, nyelehake buku lan mateni speaker bluethooth.

Aku metu. Neng teras wis katon Rumbun lungguh ing kursi becak kuno sing kerep tak nggo ngganyik karo cah kost lan Benik yen pas hawane sumuk. Malem minggu ngene iki ana sing nggoleki marai aku rada mbungahi. Hih, isin aku!

“ Eh, Rumbun. Piye kabare? Jarene isih rong dina engkas anggonmu mulih?,”

“ Iya, jadwale wis rampung dadi isa mulih dhisik. Benik kok ora ketok?,”

“ Wis mangkat nonton mau sore,”

“ Hlo, kok ora melu?,”

“ Ora lah, wegah banget dadi obat nyamuk,”

“ Ya wis, yen ngono dadi obatku wae ya. Obat kangen..,”

Byaarrrr..! dumadakan ana kembang api akeh banget neng ngarep kost-kostan. Sapa sing nyumet ya? Langit wengi dadi katon padhang. Sik, tibake dudu kembang api. Ning trafo ngarep kost njeblug! Whaaaa… ketiwasan. Oglangan! Mbangane ngenteni lampu murup, Rumbun ngajak mlaku-mlaku. Aku lagi wegah adoh-adoh. City walk Slamet Riyadi wis nyenengke banget kanggo golek hawa seger. Akeh sawangan lan jajanan. Crita ngalor ngidul karo ngedhep teh nasgitel. Dadi kelingan teh sing ana neng sabrang laut mbiyen, ambune wangi frambosen lan legi tanpa dicolok gula.

“ Wingi neng Jakarta piye, nyenengake mesthine ya,” pitakonku rada lamis. Jane ya wis ngerti amarga dheweke sregep ngabari.

“ Iya. Ketemu karo rombongan Kalbar sing uga mbukak stand kerajinan,”

Rumbung mbukak tas. Ngulungke ganthilan kunci ora beda karo nggonku sing ucul kawate wingi.

“ Iki kanggomu. Ketoke ganthilan enggangmu wis ilang,” Rumbung ngulungake ganthilan kuncine. Dak tampa karo mesem. Banjur aku ngetokake ganthilan enggang sing ucul kawate.

“ Iki isih kok, ora ilang. Lagi wingi ucul kawate,” aku nyelehke jejer neng ngarep gelasku karo gelase Rumbun. Rumbun ngematke.

“ Meranti, kira-kira ngerti ora kenangapa mbiyen aku wenehi ukiran cucuk manuk enggang iki marang awakmu?,” swarane Rumbun rada beda. Katon wigati banget.

“ Ora. Sak ngertiku amarga iki klebu simbol sukumu, Dayak Mayan,” wangsulanku ati-ati.

Rumbun mesem karo ngunjal ambegan. Aku nyedhot es teh.

“ Manuk enggang iku wigati banget kanggo kabeh suku Dayak. Manuk gedhe lan endah,  nduwe sipat kang setya marang sing disandhing. Yen pacangan iku mati, enggang sing isih urip ora bakal golek jodho maneh,”

“ Oh, ngono. Wah, manuk enggang pancen patut dadi tuladha ya. Layak dilestarikan iku!,”

“ Iya, kayata aku. Lestari lan njaga atiku semene suwene kanggo awakmu, Meranti,”

“ Eh..?!,” dunya rasane mandeg. Kabeh sing mlaku lan obah kaya film kae, kaku.

“ Ora percaya ora papa, Ranti. Suwe pedhot kabar dadi urup pepingin kudu isa nyabrang laut nggoleki manuk enggangku. Enggangku sing mabur kadung nggawa rasa lan atiku. Mula aku njaga supaya wewayanganmu iku ora ilang saka pikiranku,”

Aku ora isa obah. Melu kaku. Rumbun nyekel ganthilan enggang.

“ Iki, enggang wis ketemu jodhone. Mabure adoh banget,” Rumbun nyawang aku karo mesem. Aku keselek. Uhuk! Uhuk!

“ Ng, awakmu kok yakin yen aku durung duwe yang?,” aku takon. Yakin, aku ketok bodho wengi iki. Wagu banget.

“ Hahahaha, ngene iki hlo sing marai aku ora isa obah atine. Awakmu ki lucu orisinil. Aku yakin ora ana wong lanang sing bakal nesu aku nyedhaki. Hla wong saben malem minggu  awak dhewe chattingan, responmu ya kilat kok,” Rumbun ngguyu ngakak. Asem tenan. Ketok ya yen ora nduwe yang. Rasane kaya pingin dadi gelas teh gambar bagong. Isin.

“ Meranti. Ora perlu kuwatir karo apa sing dadi latare dhewe. Dayak karo Jawa padha wae. Padha-padha kudu nguri-uri tinggalane para sepuh. Sing penting ana kali diliwati, ana laut disabrangi. Ana lemah ayo dipaculi. Kabeh dilakoni bareng. Piye?,”

“ He?! Apane?,” aku kaya disirep karo carane Rumbun nglumerake atiku wengi iki.

“ Duh Gustii..!! iki mau aku aktinge wis apik banget hlo!,” Rumbun njambaki rambute.

“ Hlo, dadi iki mau akting?! Awakmu ngapusi aku?! ,” aku mlongo genten.

“ He?! Iki mau tenan yaaa, cah ayu Merantiii..,” Rumbun gage nyekeli tanganku. Drijiku lan drijine kaya ora isa owal. Aku mesem. Rumbun mesem lega, dekik pipine karo sipit mripate sansaya ketok nggemeske. Yen ngene iki Park Chanyeol kalah, tenan, ora ngapusi!

Ganthilan manuk enggang sing maune ana siji saiki dadi loro. Pancen ora ana sing gampang ngrumat ati semana suwene. Rumbun lan Meranti, kudu siyap mbabat alas kanggo masang umpak kauripan, mbangun papan antep kanggo mencloke enggang sing ora samubarang.

 

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *