Montor Ethekewer

Cerkak Abednego Afriadi
Katuturake dening Endah Fitriana
Ilustrasi musik Endah Fitriana


DOWNLOAD

 

Olehku tuku montor ethekewer iki amarga antuk arisan kampung, gedhene yo mung sakyuta setengah. Aku rada lega, paling ora aku wis ora mlaku adoh maneh saben mangkat kerja menyang pabrik. Kempolku yo wis ora mlenthung-mlenthung maneh. Semana uga dlamakanku, wis ora mlethek. Anggonku adus esuk-esuk yo ana kaceke amarga kringetku wis ora godres-godres maneh saben tekan kantor. Mbak Sri ora bakal sambat kambonan kringetku sing jarene prengus kaya kandhang wedhus.

Sak elek-eleke montor ethekewer iki, paling ora bisa ngendhani kepinginan kredit montor. Aku dhewe nggumun karo kanca lan tangga teparoku. Blanja sasen namung saukuran Upah Minimum Kabupaten (UMK) bae wis kemlinthi kaya cukup-cukupa anggone ngangsur cicilan montor. Kaya Lik Min kae, amarga ora petungan anggone kredit, ujung-ujunge let nem sasi ora saguh maneh nyicil amarga wektu kuwi wayahe kudu nyepaake wragat sekolah anakke. Entek-entekane nggadheake montor kreditan iku mau. Mula ora nggumun yen saben dina dioprak-oprak debt coletor sing galake kaya asu manak.

***

Supaya ora mocat-macet lan mbrebet-brebet mesine, sadurunge dak enggo wira-wiri ngalor-ngidul ngetan-ngulon, montor weton taun 80-an iki mau dak service-ke dhisik menyang bengkele Lik Mitropedhal. Bengkel sing setiti, lan wangun sak desa iku ora liya maneh yo Bengkel Lik Mitropedhal. Garapane apik, mesin-mesin, kaburasi, kenalpot, kampas rem, kampas perseneleng, lampu ngarep mburi,  riting, postep, sedhel, rante, ban, pelek, ruji, lan kaca spion diupakara kanthi peni yen dienggo. Ya mung rada larang thithik. Nanging kanggoku kuwi ora masalah, wong yo aku bisa mbayar kanthi cara nyicil ping telu saben sasine.

Amarga montor ethekewer iki, anggonku mbribik, alias nyedhaki Mbak Sri iki samsaya kendel. Ndilalah bae saben mulih kerja, mampir toko, salon, nonton basar, njagong, lan pengajian Mbak Sri mesti njaluk dak terake. Aku ya iklas-ilas bae, wong yo katresnan iku butuh pangorbanan, paling ya mung bensin wae ora ana seliter. Rak yo ngono ta?

***

Sing jenenge Retno Sriyatun alias Mbak Sri kuwi umure kacek sepuluh taun, luwih enom saka aku. Nanging, kanca-kanca pabrik kadung nyeluk ¨Mbak¨, semanauga aku. Akeh kanca-kanca sing kenal dheweke amarga wonge kalem, grapyak, pinter masak, lan mungkin bae pinter manak. Hi..hi..hi.. Nanging kurange mung siji. Sssttt….rupane ora patio ayu.

Nanging kanggoku, kuwi ora patio penting. Sing penting saumpamane bae dheweke nampa tembungku, aku gek ndang duwe bojo, ora sida dadi jaka tuwa, beres. Rak ya ngono ta? Apa maneh, umurku iki wis telung puluh lima taun. Pancen wis wayahe aku kudu duwe bojo. Wis wancine ana wanodya sing ngumbahke sandanganku, kayata klambi, kaos, kaos seporot, kathok dowo, kathok cendhak, lan kathok njero. Saben dina dimasakake, digodhogne wedang anget yen wayah mulih kerja, lan sing dak enten-enteni yo kuwi, saben wengi aku wis ora turu dhewekan. Yen ngelingi wektu ngeterake Mbak Sri nonton basar, aku ora kedhep-kedhep anggone nyawang dheweke sing nganggo sandangan sarwo methet, kathok leging methet, lan kaos methet. Apa aku salah yen ora leren-leren anggonku ngelek idu?

***

Ana ing dina Setu, kayata biasane aku dolan menyang omahe Mbak Sri. Karo nyendheake montor iki, aku tansah nggumun amarga ora biasane omah iku akeh reramen para tamu. Rada mindak-mindik, aku nyedhaki omahe. Atiku kaya diiris-iris amarga mangerteni Mbak Sri iku mau lungguh jejer karo wong lanang sing ora dak kenali. Wong lanang iku nyandang jas-jasan lan rambute gundhul plonthos, lan Mbak Sri nyandhang kebaya lan gelungan.

¨Mangga pinarak, Mas!¨ ngono ujare salah sijining nom-noman kang dadi panitia.

¨Wonten acara menapa to Mas?¨

¨Lho, menapa nembe mangertos?¨ ngono wangsulane. ¨Mbak Sri menika nembe tunangan.¨

¨Tunangan? Ngapunten, calone sinten nggih?¨

¨Calone niku naminipun Mas Rangga alias Mas Bethet.¨

¨Sinten niku?¨

¨Wah, niku pun dangu anggene pacaran, Mas! Niku tangga desa sing sak niki sampun dados tentara wonten Papua menika!¨

¨Wo..lha mantenane kapan?¨

¨Krungu-kurungu nggih mboten suwe-suwe malih. Nggih yen mboten klentu sewulan malih.¨

Aku tansah ngunjal ambegan, ngampet rasa cemburu campur nesu. Kupingku dadi krasa kemramyas. Ora krasa mripatku iki yo rada mbrebes mili.

¨Mangga pinarak rumiyin!!¨

¨Ora..ora Mas. Timbang mengko dibedhil sirahku, aku dak lunga bae!¨

Aku langsung mak klepat bali menyang omah, banjur menyang cakruk kumpul karo nom-noman sing lagi ngombe ciu. Sak liyane ngrungoake gitarane para nom-noman sing cemengkring, aku tansah ora mandeg anggonku nyawang lintang-lintang sing sumebar ana ing langit. Naning, wektu iki pancen durung bisa nglaleake Mbak Sri saknalika. Apa maneh yen nyawang montor ethekewer siji iki. Mungkin bae Mbak Sri ora gelem bebojoan karo aku amarga tumpakanku yo mung montor ethekewer iki. Apa maneh aku ya mung buruh kasar ana ing pabrik. Ing atase Mbak Sri sing dadi staff personalia, pancen pantes milih tentara.

¨Man, Giman!¨ si Mbok tansah nyeluki aku. ¨Gelo kae, si Senthot awake adem panas, njur gumoh ora wis-wis. Terna menyang rumah sakit dhisik, Le!¨

¨Waduh, apa demam berdarah yo?¨

Ponakanku Senthot kuwi pancen mesaake tenan. Sibune meteng tuwa, nganggur, bapake ya mung kerja srabutan lan akeh nganggure. Kabeh gumantung marang si Mbok sing dodolan bandeng menyang pasar. Muga-muga anggonku ngedol montor iki cukup kanggo nutup wragat pepriksan sak liyane njagaake kertu Jamkes saka pamarintah. Muga-muga bae ilange montor iki bebarengan karo pangeling-elingku marang Mbak Sri. Muga-muga yen wis nyata bebrayan, Mbak Sri melu bojone menyang Papua, dadi keluarga sakinah, mawaddah, warahmah.

Ngayagjakarta, Malem Jemuah Legi, 29 Oktober 2009

  (Kamuat ing Jurnal Tempe Bosok edisi Kapisanan)

 

Bagikan Postingan ini

Leave a Comment