Ngalah Kanggo Simbah

Spread the love

Cerkak Anggitan: Indah Darmastuti
Kamomot ana ing Solopos -Jagad Jawa, 6 Maret 2014
Katuturake dening: Endah Fitriana


DOWNLOAD

Awan iki hawane panas banget. Abluk lan awu mobal mabul marakake pedhes ing mripat. Abluk lan awu wutahane Gunung Kelud sing njeblug telung minggu kepungkur durung ilang babar blas Nglumpuk ing pinggir dalan. Aku isih gumun, ing atase gunung kuwi manggon ana ing Jawa iring wetan, kok awu lan abluke nganti ngapyuk tekan Solo kene. Wis ngono aku lali ora nggawa kacu. Dadi wola wali aku pijer nutup rai nganggo tangan loro menawa ana kendharaan liwat rada banter.

Wus sak wetara wektu aku ngenteni ing  halte kene, nanging Ganong, kanca raketku sing padha-padha seneng nulis durung njedhul. Aku lan Ganong wes kangsen arep bareng menyang Jogja nekani seminar lan mbeneriing kutha iku lagi ana pameran buku. Umume ing pameran, mestine regane buku luwih murah. Karepku mono sisan arep tuku sing radha akeh. Mulane sapa bae sing titip mesthi tak saguhi. Sisan lakune, ngono penemuku. Wusana patang bis jurusan Jogja kang liwat, nanging Ganong tetep durung njedhul. Aku ngirim sms uga durung diwales. Sajroning atiku nggrundhel, mangkel tekan mbun-mbunan, nganti thukul kekarepan menawa dheweke njedul arep tak ujar-ujarisakenteke.

Pas aku arep ngirim sms sepisan maneh, dheweke njedhul, diboncengake adhine. Dheweke pringas-pringis, kaya ora duwe dosa. Nanging sak banjure aku dadi cubriya, kuwi pringas-pringise jalaran apa? Kok sajak kangelan anggone mudhun saka boncengan.

Owalah…jebul sikile dhingklang. Mlakune pincang

“Yagene sikilmu?” pitakonku sawise dheweke lungguh ing bangku halte njejeri aku.

“Asem tenan, mau kejengklok pas metu saka omah. Dadine iki mau mampir ning Mbah Wir saperlu diurut supaya ora abuh. Mulane suwi. Lan ora kober mbales sms-mu.”

“Oh, ngono?”

“Wes suwe anggonmu ngenteni aku?” aku mung manthuk, lan ora sida nesu sak wuse

ngerti perkarane nganti dheweke ndelak-ndelakne aku ing halte iki.

“Iya, suwi. Nanging ora dadi ngapa. Muga-muga seminare ora telat suwe,” wangsulanku.

“Banjur saiki apa sikilmu wus penak kanggo mlaku?” tutuge pitakonku.

“Iya. Rasane wus ora papa kok.” Semaure Ganong karo ngadeg banjur mlaku-mlaku wira wiri nuduhake marang aku menawa sikile ora papa kanggo mlaku.

“Muga-muga bise ora kebak. Dadi ana lungguhan.” Ujarena sedya nglipur dheweke.

“Iya. Pangarep-arepku uga ngono.”

“Hla kae pa..” Aku ngadeg, amarga saka wetan bus jurusan Jogja wus katon njedhul saka enggok-enggokan. Aku nggandheng Ganong. Aku tetep nyekeli tangane nganti bus mau mandheg ing ngarepku.

Ganong mlebu dhisik, banjur aku lanpenumpang-penumpang liyane nyusul rasa kesusu. Ing kursi sisih kiwa nomer loro katon sela. Aku lan Ganong enggal-enggal nglungguhi. Lega rasane. Aku nyelehake geger lendhetan kanthi mardhika. Awakku pancen ya krasa kesel sawuse kerja bakti resik-resik omah lan pekarangan, nyapu awu lan abluk, pegel kabeh rasane.

“Aku arep turu bae sasuwene bis mlaku.” ngono batinku. Muga-muga Ganong ora crigis kaya biyasane. Ngomong bae ora mandheg-mandheg.

“Mau wus mangan, Nuk?” pitakone Ganong. Aku gedheg.

“Hla kok padha. Mau uga ra kober. Sak jane ngono karepku mangan dhisik ana warung cedhak halte. Nanging kok wuskawanen.”

“Mangan ning kana wae. Aku arep turu,” ujarku. Ganong meneng wae.

Liyep-liyep aku turu, nganti semendhe ning pudhake Ganong, aku ndableg wae. Bise mlaku rada ngebut, nggronjal, menggok ra antan-antan. Malah kepara ana penumpang sing ndremimil sajake ndedonga. Aku melek. Pancen pak sopire rada ugal-ugalan anggone nyopir.

Penumpang-penumpang padha dikir, lan nyebut asmane Pengeran. Aku nggagas, mungkin sopir kuwi kalebu ing swarga ing tembe mburine menawa wus kapundhut. Amarga anggone nyetir kuwi marakake penumpang padha ndedonga, padha eling marang Gusti Allah.

Bis wus kebak. Malah kepara ana sing ngadheg, ngenteni menawa mengko ana  penumpang sing mudhun banjur kursi bisa dilungguhi. Nanging iku ora ndadekake sopir rada ngerim bise. Tetep ngebut wae.

“Astaghfirullahaladzim. Ngatos-atospak sopir…” kandhane kenya ayu sing lungguh ing sisih tengenku.

“Gusti nyuwun slamet, nyuwun slamet.” Ngono swara-swara ana ing sajroning bis kang wus kebak penumpang kuwi.

“Sopire iki urakan tenan,” grenenge Ganong. Aku mung manthuk.

“Edan tenan. Nyalipi pirang biswae…” aku meneng ora nanggapi guneme Ganong.

“Aku isih pingin urip sewu taun maneh.” Ganong celathu nganggo puisi karyane Chairil Anwar kang kawentar. Aku pingin ngguyu ngakak. Apa kaya mengkono menawa penyair ngadhepi kahanan kang  marakake stres.

“Tenan po? Gelem kowe diwenehi urip sewu taun?” ngono pitakonku. Ganong malah ngguyu nyekikik.

“Gelem po piye, yen kanca-kancamu wus pada entek sewune, kowe isih kethap kethip ning ngisor wit semboja nyawang cungkupe kanca-kancamu?” Ganong ngguyu ngakak. Nganging gage-gage cangkeme ditutupi nganggo tangane. Wong lanang sing ngadeg ing cedhakku nganti noleh lan mandeng Ganong kanti sorot mata sing serem. Pandengan kang landhep kaya gunting. Nanging aku ora bisa ngendheg lakune angen-angenku, kaya ngapa si Ganong menawa tenan diwenehi urip sewu tahun engkas.

“Arep maca puisi kanggo cungkup-cungkupe kanca-kancamu penyair, Nong?”

“Hus! Iki ning ndalan. Bise ngebut, aja ngrembug bab wong mati.” Aku mendelik.

“Hla kowe yo gombal tenan. Penumpang liyane padha donga kok kowe maca puisi.” Dheweke mung mesem. Aku lendhetan ing kursi, mbenakake anggonku lungguh, nyoba ora nggagas bis sing ngebut lan sopir ngawut.

Jan jane aku iseh kepingin turu maneh. Awakku iseh krasa pegel tenan. Nanging tetep ora bisa dak eremake mripatku. Aku noleh tengen, bise wus ninggalake Delanggu lan awu saka gunung Kelud uga mabul-mabul tekan kene. Malah kepara tekan Jogja, ngono jare Mas Arie Saptadji kancaku, sastrawan sing lenggah ana ing Jogja.

Aku kober mikir, kok kutha Jogja ki mesakake temen. Rikala Gunung Merapi njeblug, awune nggawe surem kutha iki. Bareng giliran sing Njeblug Gunung Kelud kang panggone adoh saka kene kok ya tetep komanan awu lan abluke. Nasib..!

Cciiitttiitt…..

Bis direm dadakan. Aku kaget tumuli nyengkerem pupune Ganong.

“Biyuhh…remek awakku jejer awakmu, Nuk. Drijimu kuwi kaya cathut.”

“Hla sopire kuwi ngerem ra kira-kira.” Wangsulanku sakpenake.

Ing ngarep ana penumpang. Wadon setengah tuwa nggendong bocah. Aku noleh. Bis wus kebak. Ora ana maneh panggonan longgar. Aku nggagas, menawa wong wadon mau ngadheg, mesthi kemeng pundhake nggendong bocah. Aku ngalah.

“Nong, aku tak ngadeg. Mesakake ibu kuwi. Ben lungguh kene jejer awakmu ya.”

“Who.. banjur apa bakale isi batine priyayi-priyayi kuwi. Kok sing ngalah lan ngadheg awakmu, dudu aku sing lanang. Mesthine sing lanang ngalah.”

“Rasah gagas. Sikilmu ben waras tenan. Mengko isih kanggo mlaku.”

“Bener? Ya wis. Matur nuwun ya.” Aku ngadheg, banjur ngaturi wong wadon mau lungguh njejeri Ganong.

“Matur nuwun, Mbak.” Nono jare ibu kuwi. Aku mesem.

Aku ngadheg sendheran iringan kursi. Tanganku nyengkerem supaya menawa sopire ngerim ndadak maneh, aku ora kejlungup. Bisa kewirangan aku.

Hla rak tenan. Lagi wae tak batin, sopir ngerem bise ndadak maneh. Pancen kampret tenan! Nganti mbak-mbak singngandeg ing mburiku, nubruk aku sinambi nyengkerem lengenku.

“Nyuwun pangapunten,” kandhane semu isin.

Saka lawang ngarep lan mburi akeh penumpang anyar kang mlebu. Kamangka bis wus  kebak.

“Geser-geser,” penjaluke kondhektur.

Ingngarepku, ana wong lanang sepuh wus putih kabeh rambute. Sajake bingung nyawang kiwa lan tengen. Mesthine nggolek lungguhan. Aku njawil Ganong. Jebul Ganong uga tanggap ing sasmita.

“Nuk, gawakne tasku. Aku tak ngadheg rapapa. Kuwi ana simbah kakung kok mesakne temen. Kesel mesthine. Ora sopan menawa sing enom lungguh penak, kok sing sepuh ngadeg. Wus ngono sopir ugal-ugalan pisan. Bisa mawut iki mengko isine bis.”

“Hus! Rasah kakehan swara, gek gage ndang diaturi simbah kae.”

Ganong tumuli ngelungake tas ransele. Banjur njawil wong lanang rambut putih sing ngadeg ada cedhak lawang.

“Pak, mangga katuran pinarak. Ampun wonten ngriku. Kanginan. Sekeca lenggah ngriki.” kandhane Ganong kanthi sopan. Ing jroning atiku, aku seneng amarga Ganong ngugemi tata krama.

Wong lanang sepuh mau manthuk-manthuk. Mesem manis. Nanging aku lan Ganong kaget krungu semaure “simbah” kuwi mau.

“Inggih, nak. Matur nuwun sampun kersa ngalah.” Ujare wong lanang sepuh karo nyedhak lan tangane nggandheng wong wadon ayu, lambene gincunan lan alis dipara kandhel.

“Kursinipun kersane kangge semahkula. Kula ngadeg kemawon.”
Modyarrr…pambengoke atiku. Aku kepingin ngguyu ngakak nyawang praene Ganong kang ndomblong.

Jebul wadon ayu kuwi bojone? Gusti Allah…mugi paring pangapunten. Penumpang-penumpang kang krungu apa kang dingendikakae wong lanang rambut putih mau uga padha pating plenggong. Aku bisa ngira-ira apa swara atine wong-wong kuwi.

Ganong ngadeg mepet nyedhak aku. Rupane elek banget. Sepisan, ngrasakne sikile isih kudu diurut maneh, kapindho mesthine rumangsa dikalahake kok dheweke durung duwe pacar malah iki bangkotan kok nyangking wong wadon ayu sing diakoni bojone.

Nanging aku wani totohan, menawa Ganong luwih lara atine tinimbang ngrsakake larane sikile.

“Nuk, pancen brandhal tenan ya.” Aku ngguyu nyekikik. Banjur watuk-watuk. Awu lan  abluk saka Gunung Kelud kang nrabas kaca candhela bis, bisa dadi pawadan watukku.

Ganong melengos terus, wegah nyawang tengen, ing kursi sing mau tilas dilungguhi dheweke. Wong wadon mau lungguh anteng, madhep ngarep. Tangane nyengkerem tangane wong lanang rambut putih mau.

“Nuk, Jogja isih adoh?”

“Lagi kliwat Prambanan,” kandhaku karo ngguyu.

Ganong noleh maneh, ndeleng njaba nrabas kaca kang burem amarga abluk lan awu saka Gunung Kelud, nanging mesthine isih kalah burem karo atine Ganong mitra raketku. []

 

Sala, 2 Maret 2014

 

 

Temukan kami di sini!

Leave a Comment