Nguntapke Lakumu

Spread the love

Cerkak anggitan Endah Fitriana
Ilustrasi Musik Endah Fitriana

Kabar  lelayu…

Tanto, kancane dhewe kelas 3A, tilar donya, lagi wae, ing RSU. Layon bakal dikubur ing omahe ndesa. Swarga langgeng, Tanto…

Awan iku rikala mbuka WA ing sasela-selane nandangi gaweyan kantor, ing WA group kanca-kanca SMP rame kabar ngenani Tanto, kanca saangkatanku SMP sing tilar donya lagi wae. Kabeh anggota group banjur padha asung bela sungkawa, ing group.

Tanto…, pawongan kang melu ngrenggani crita ing lakune uripku. Rikala aku kelas 2 SMA dheweke nelakake rasa tresnane marang aku lumantar layang. Wektu kuwi pancen durung jaman HP android kaya saiki. Aja maneh kok HP android, telpon ngomah wae ora saben uwong nduwe. Dadi yen ana perlu, ya layang lumantar pos kang setya ngabarke. Kalebu  Tanto kang setya ngabarke kahananku lumantar layang. Awit aku lan dheweke pancen manggon beda kutha, aku lulus saka SMP neruske SMA ing Sala, dene Tanto neruske sekolah SMA tetep ing Purwodadi. LDR ngono yen istilahe bocah saiki, sesambungan kang adoh jarake. Wiwitane aku ora yakin yen dheweke tresna aku, dheweke bocah bagus lan akeh wanita kang nggadhang dadi pacare. Lha aku…? aku bocah wadon sing biasa-biasa wae, ora ayu, oran seneng dandan lan saka kulawarga sing kocar-kacir, amarga kahanan, bapak lan ibuku kudu pisahan. Pepuntone, tak tampa panembunge Tanto sing pengin dadi pacarku, kanthi nata ati, njagani mbokmenawa sawanci-wanci Tanto malih pikirane merga meruhi kahananku, aku ben ora nemen lara ati, nadyan saka wiwitan aku wis nyritakke apa anane ngenani kulawargaku.

Wektu lumaku, sesambunganku karo Tanto nganti tumeka aku lulus SMA lan nyambutgawe  ing kutha kang padha. Aku dadi buruh swasta dene Tanto dadi tenaga honor ing kantor pemerintah. Sesambunganku karo dheweke wis ora LDR maneh. Nganti sawijining awan, dheweke ngajak bareng maem awan.

“Tanti, tak blakani ya, sejatine sasuwene awake dhewe sesambungan watara 7 tahun iki, aku wis kober gonta-ganti pacar, merga kowe adoh, kadhang aku butuh ana sing tak jak crita,” Tanto crita sinambi ndulitke timun , lalap ayam bakar ing sambel trasi lombok mentah, kang ana ana ing cowek sandhuwure meja. Aku rada kaget, nanging untung aku enggal isa nguwasani rasa kagetku.

“Kowe nesu, Tik? Aku blaka apa anane.”

“Ora,Mas, aku nglenggana, aku ora bisa ngancani panjenengan sawayah-wayah merga panggonku adoh.”

Aku nyoba teteg lan biasa wae, sanadyan satemene atiku rada ora jenjem. Tumindak serong, nadyan blaka, kanthi alesan panggonanku adoh saka dheweke. Apa ana ing ati kang wis prasetya bebarengan ngrajut tresna ora ana rasa setya? Amarga kahanan panggon kang adoh ora merga dolan nanging merga ngrampungke sekolah. Ah…puntone atiku dadi goreh, nanging untung dislametke pangajake Tanto enggal bali menyang panggonanku lan kantore nyambutgawe amarga jam ngaso wis entek.

Bali saka panggonan nyambutgawe, aku isih kepikiran apa sing diomongke Tanto awan mau, aku dadi sansaya kepikiran ngenani sesambunganku karo dheweke. Yen lagi ing tataran pacaran wis kaya ngono, kepiye mengko yen wis dadi bojoku? Mokal dheweke ora bakan mbaleni tumindak iku.

Pikiranku tak wolak-walik. Sawise rada bisa sareh aku mutuske yen sesambungan iki kudu tak pungkasi. Gela ati saiki ora apa-apa, tinimbang lara ati mengko sawise dadi bojoku, bakal luwih akeh kang dadi korban.

Iku kedadeyan telulikur taun kepungkur. Saiki, Tanto dikabarke tilar donya. Durung percaya karo apa sing dikabarke kanca-kanca ing WA Group SMP, aku nyoba takon tanggaku, Mas Susilo, lumantar WA. Ndilalah WA ya centhang loro nanging durung werna biru centhange, ateges WA durung diwaca. Hmmm…

Tak sambi ngrampungke gaweyan, karo ngenteni WA dijawab Mas Sus. Klunthing….WA ku muni. Gageyan tak candhak lan tak buka. Bener, ana wangsulan chating saka Mas Sus.

“Mau ki ana kabar saka kanca-kanca sing tilik na rumah sakit, Tik. Kulawargane crita yen pihak rumah sakit wis nyatakke ora sanggup nambani lan kulawargane dijaluk tandha tangan banjur piranti perawatan sing dipasang ing awake Tanto dicopot kabeh. Nanging dhokter durung nyatakke yen Tanto tilar donya. Isih ana ruang ICU.” Mas Sus mangsuli WA ku kanthi cetha. Wangsulan WA iku banjur tak poto lan tak kirim ing group WA SMP. Karepku, ben ora kebacut-bacut warta lelayu sing durung bisa dipesthekke benere iku disebarke.

Mas Adi, bojoku, bali saka nyambutgawe jam telu sore. Sadurunge dheweke tekan ngomah, aku kober mulih saperlu nyepakke lawuh kanggo dhahare. Sinambi nyepakke ubarampe dhahare bojoku, atiku kaya krasa yen Tanto ngenteni tekaku. Pancen sasuwene iki aku arang sesambungan karo dheweke, njagani bab-bab sing ora kepenak. Sawijining wektu aku tau ketemu dheweke lan bojone ana ing sawijing bank pemerintah, bojone tak sapa lan tak salami, semono uga Tanto. Tangkepe bojone marang aku ora patiya kepenak. Wiwit saka iku aku rumangsa butuh njagani ben ora kedadeyan kabar sing ora nyenengke bab sesambunganku karo Tanto, biyen, utamane kanggo bojone, ben rasa cubriya ora thukul ngrembuyung.

Swara mobile bojoku dak rungu cetha ing ngarep omah. Lawang tak bukak, mobil bablas mlebu garasi. Mudhun saka mobil, tas isi laptop, kamera lan ubarampe nyambutgawene bojoku didhunke, dideleh ing panggonan biasane, cedhak meja. Sawise salin clana cekak lan kaos oblong, Mas Adi gageyan nyedhak meja mangan, ketok banget yen keluwen. Brambang asem karemane lan krupuk sing tak cepakke kanggo dhahar Mas Adi. Sinambi nunngoni Mas Adi dhahar, aku miwiti rembug.

“Mas…”

“Hmm….”

“Sinambi panjenengan dhahar, tak critani ya.”

“Hu um”.

“Nanging panjenengan aja duka,ya.”

Bojoku wurung anggone arep nutugke muluk sega, banjur mangsuli aku.

“Lha meh crita apa kok ndadak aku ra oleh nesu?”

“Aja duka ya, Mas.”

“Ora…ora, wis gek crita”, Mas Adi mangsuli sinambi neruske muluk sega.

“ Tanto, mantan pacarku biyen, kritis, Mas, na RSU. Malah iki mau kanca-kanca SMP wis ngabarke yen Tanto tilar donya. Nanging sawise tak takokke na Mas Sus sing sakantor karo Tanto, jare durung, saiki kritis, kabeh alat sing dipasang ing awake wis dicopot dening pihak rumah sakit. Rasaku dheweke ngenteni tekaku, Mas. Miturut panjenengan apike aku kudu piye?”

“ Ya…tiliki wae.”

Wangsulan iku entheng diucapke Mas Adi. Tanpa ana rasa cubriya ing praene.

“Tenan, Mas?”

“Iya, tenan. Wis kana, gek bali kantor. Mengko bar kantor tak terke tilik dheweke na rumah sakit.” Bojoku tak pandeng karo mripatku sing mbrabak. Dheweke pancen kalah bagus tinimbang Tanto, nanging jembare atine adoh banget yen ditandhingke Tanto. Salah siji sing dadi tetimbanganku sesambunganku karo Tanto tak pungkasi, merga dheweke ora gelem yen aku  dadi “publik figur” merga gaweyanku. Dheweke kuwatir aku dimeliki wong akeh. Beda karo Mas Adi, dheweke bisa nampa aku apa anane. Malah yen ana gaweyan kang kudu tak tandangi sawise jam kantor, kerep dheweke ngeterke, ngancani lan nunggoni.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *