Sindhen

Spread the love

Cerkak Anggitan: Endah Fitriana
Katuturake dening: Endah Fitriana

 

DOWNLOAD

“Mas, aku nyuwun pangapura ya,” Sriyati mbrabak mripate, mapag banjur  ngrangkul Kris sing lagi bali saka Sala, kuliah dina iku.

“Ana apa Dhik, bocah-bocah ora apa-apa to, kena ngapa kok nangis?”pitakone Kris kaget

 “Dik, nyuwun tulung ya, mengko bengi nyindheni wayangan ringkes kaya biasane. Panjenengan ora ana acara to?”

Suara saka telpon iku cetha keprungu ing pangrungone Sriyati esuk iku nalika dheweke isih ana ing panggonan nyambut gawe. Nyindhen, salah sawijining gaweyan kang dilakoni dening Sriyati, ora dadi penggaotan kang baku nanging mung kala-kala wae panjer nyindhen kaya ngono iku ditampa. Uga ora merga dhuwit bayaran nyindhen kang diarep-arep Sriyati, nanging luwih minangka ngladeni pabrayan ageng. Sriyati nglenggana yen ta penggaotan pokok sing saiki dilakoni minangka ASN ing sawijining dinas kabupaten uga karana biyen dheweke sregep ngewangi nyindhen ana ing kabupaten wusana dheweke diangkat dadi ASN. Dadi yen saiki dheweke kala-kala isih nampa panyuwunan tulung nyindhen ing sawijining acara, sejatine mung amarga dheweke nglenggana yen kuwi minangka sawijining  tugase lan tanggung jawab morale. Mula nyindhen dibayar pira wae ora tau direken Sriyati, kepara kala-kala malah ora dibayar. Apa maneh yen sing dhawuh pejabat kabupaten kaya mengko sore kang bakal dilakoni, wis mesthi dheweke ora bisa nolak lan babar pisan ora ngarep-arep bayaran, sanadyan sing dhawuh ya tetep paring sangu sawise gaweyan nyindhen iku rampung dilakoni.

Sinambi ngrampungke gaweyan kantor, pikirane Sriyati kelingan yen mengko bengi ateges ora ana sing ngeterke mangkat ing panggonan pentas, amarga sisihane lagi ing luar kota, kuliah maneh. Iki ateges mengko kudu nglumpuk dhisik ing daleme Mbah Wirya, panggonan kang ajeg dienggo nglumpuk para kanca-kanca penabuh lan banjur mangkat bareng-bareng ing panggonan pentas.

Saben dina Jumat lan Sabtu sisihane pancen kudu mangkat nyang Sala saperlu kuliah maneh, S2. Satemene pancen Sriyati dhewe kang njurung sisihane supaya kuliah maneh sawise sisihane nampa sertifikasi.

“Mas, miturut kabar taun 2019 kabeh guru kudu nduweni ijasah S2 kang padha jurusane. Saiki luwih becik panjenengan kuliah S2 dhisik wae, mumpung entuk sertifikasi. Suk yen aturan iku wis lumaku, panjenengan ora bingung. Aku ora panjenengan paringi dhuwit sertifikasi ora apa-apa, sing penting panjenengan kuliah dhisik. Miturut etungan suk wisudhane ketoke ora kacek suwe karo aku kok, Mas,”   ature Sriyati kang banjur disarujuki dening sisihane.

Jam  enem sore, Sriyati wis rampung anggone dandan lan meh mangkat tumuju daleme Mbah Wirya. Tan kanyana dumadakan Hpne muni” Dik, meh tindak iki? Ana sing ngeterke apa ora?Aku mengko sing mayang, tak ampiri ya, mesisan mengko mangkat bareng aku wae,” suara kancane saka telpon.

“Inggih, matur nuwun, kula tengga wonten griya,” Sriyati nyauri.

Tiba kebeneran, pas sisihane ora bisa ngeterke, malah ana kancane sing nawani mbarengi, ateges ora perlu nglumpuk na daleme Mbah Wirya, nanging bisa bablas tumuju panggonan pentas.

Setengah jam candhake kancane sing mau telpon meh ngampiri wis teka.

“ Mangga, pinarak rumiyin, Pak,” Sriyati manggakke.

“Iya, Dhik, matur nuwun.”

Yen dianggep kanca, tamu iki pancen rada ora pas, amarga priyayi iki nduweni kalungguhan kang lumayan dhuwur ing kabupaten. Nanging amarga padha-padha ambyur ing jagading seni, priyayi iki ora kersa diajeni linuwih-luwih.

“ Biasa wae Dhik, ora usah ewuh ngono kuwi wong awake dhewe padha-padha ambyur ing jagading seni,” ngendikane priyayi kang asmane Bambang iku.

“Tenan, ora ana sing ngeterke iki? Bapake tindak ngendi?”, Bambang takon Sriyati.

“Mboten Pak, Bapake jatah ten Sala Jumat lan Sabtu.”

“Ya wis, ayo gek mangkat, bocah-bocah dipamiti dhisik.”

“ Sampun, Pak, mangga.”

Tas isi buku cathetan cakepan nyindhen tan lali digawa Sriyati. Sepedha motor kang ditumpaki boncengan karo Bambang lumaku alon urut dalan metu saka perumahan panggone Sriyati. Kadingaren bengi iki Bambang nggawa sepedha motor, biasane yen nuju pentas ngene sok nggawa mobil dhines lan didherekke sopire, yen ora ngono ya nggawa mobil pribadi ning tetep didherekke sopir kantore. Nanging bengi iki beda, Bambang nggawa motor. Ah, mbokmenawa Pak Bambang pengin luwih santai wae, lan ben ora ngrepotke sopire, batine Sriyati.

“Dhik, ngancani aku maem sik ya, aku mau durung kober maem,” pangajake Bambang.

“ Nggih, mangga.”

Sriyati ngiyani, nadyan rada ewuh, amarga kudu ngancani Bambang maem bengi kuwi, mung wong loro. Dheweke tetep njaga yen Bambang iku tatarane pimpinane ing kantor panggonane nyambut gawe.

“Nyang warung tendha langgananku wae ya, Dhik.”

“ Nggih, mangga kula ndherekke”.

Lungguh ing pojokan, bebek goreng, ayam goreng lan kepiting asam manis wis diladekake dening bakul ing warung tendha.

“Ayo didhahar, tekan panggonan pentas ben ora usah maem,” Bambang miwiti maem.

Sriyati mesem, ngematke Bambang sing wis miwiti nyuwil bebek goreng lan didulitke sambel. Sejatine dheweke isih wareg, amarga sadurunge mangkat mau wis maem bareng bocah-bocah.

“Kok mung disawang, ora seneng karo menu ngene iki ya?”, Bambang takon karo mandheg sawetara anggone ngrahapi bebek goreng.

Teh panas ing gelas cedhak piring banjur diombe, kanggo nelesi gorokane ben lancar anggone neruske ngomong marang Sriyati.

“Dik, ayo to, didhahar, ngancani aku. Mangertiya Dhik, aku wis suwe nunggu wektu kaya ngene iki. Wis suwe aku nggolek wektu supaya bisa sapejagong wong loro karo panjenengan kaya ngene iki. Sanadyan yen ing gaweyan, aku iki satataran karo pimpinan panjenengan, nanging aku manungsa lumrah, Dhik, kang ora bisa endha saka rasa tresna. Aku rumangsa tentrem yen nyawang panjenengan. Aku dhewe ora ngerti, kena ngapa ana rasa ngono. Saben aku ketemu panjenengan apa maneh panjenengan nyindheni wayanganku, wewayanganmu tansah angel ilang, Dhik. Nanging minangka pimpinan, aku tansah nyoba nyingidke rasaku. Aku ngupaya tetep bisa njaga rasa iki, ben mung panjenengan lan aku wae sing mangerteni. Aku nyuwun lilamu Dhik, aku ora ngarep-arep bisa nduweni panggonan sababag karo sisihanmu ing atimu, nanging nadyan mung sapletik ing pojoking atimu, wenehana panggonan kanggo rasa tresnaku, Dhik.”

Ndlidir kaya semut baris, Bambang nelakake rasane bengi kuwi. Bebek goreng kang lagi dipangan sacuwil ora diteruske. Tangane diwisuhi, dilapi nganggo tissue ing cedhake banjur panyawange mandeng kenceng marang praene Sriyati. Rumangsa disawang kaya mangkono Sriyati dadi kecipuhan. Bingung kepriye anggone arep mangsuli Bambang kang sasuwene iki banget diurmati amarga pancen satataran karo pimpinane. Teh anget ing cedhake banjur disruput.

”Mangga Pak, sampun jam wolu, selak ditengga kanca-kanca”, pangajake marang Bambang. “Iya, ayo, iki sing ora dimaem diwungkus wae ya, mengko ben dimaem bocah-bocah,” wangsulane Bambang sinambi ngadeg lan mbayar maem wengi iku.

Motor  distater lan dilakokke tumuju panggonan pentas. Rasane Sriyati ora jenjem. Durung percaya lamun tembung-tembung mau sing ngucapke Bambang. Laku tumuju panggonan pentas, kang biasane yen bareng karo kanca-kanca penabuh padha rame gojegan, wengi iki dari tintrim. Mung swara gerenge mesin motor kang krungu lan nambah ndadekke rasane Sriyati lakune motor rendhet banget.

“Dhik, tak tunggu wangsulanmu ya”, Bambang menehi wektu marang Sriyati kanggo atur wangsulan.

“Pak, umpami pancen panjenengan ngersakaken ngaten, rak mboten kedah kalih kula to? Kathah priyantun ingkang sababag kaliyan panjenengan, linangkung sedayanipun. Kula namung staf, sindhen, mangke malah namung ndadosaken panjenengan asor lan lingsem.” Tembung kang angel banget kaucapake, pepuntone bisa kawetu sawise Sriyati rada bisa nata atine. Pangarepe, kanthi atur mau Bambang wurung anggone nduweni karep marang dheweke.

“Ora, Dhik, aku wis mikir mateng, aku ngerti sapa lan kepriye panjenengan.”

Wis ora ana wektu maneh kanggo Sriyati mangsuli amarga lakune motor wis tekan panggonan pentas.

“Mengko lungguhe pas maem sadurunge pentas cedhak aku wae ya, Dhik, kancani aku maem”, panjaluke Bambang rikala Sriyati mudhun saka boncengan.

Sriyati ora mangsuli nanging nggelak lakune selak kepengin uwal saka Bambang lan kumpul karo kanca-kanca penabuh liyane. Nanging ndilalah Bambang isih bisa nututi lan lungguh sesandingan karo Sriyati maneh. Untunge kahanan nylametke, amarga wis jam wolu bengi ,luwih, kanca-kanca penabuh ngajak enggal munggah panggung. Klenengan sadurunge talu kawiwitan.

Pakeliran ringkes, biasane mung 2 jam, nanging ngenteni ayak pamungkas  minangka tandha pagelaran kapungkasi rasa atine Sriyati kaya sewengi natas suwene. Sasuwuke ayak pamungkas Sriyati enggal mudhun nututi Mbah Yatmin, tukang Slenthem.

“Mbah, kula bareng rombongan nggih.”

“Lho, ora diterke Pak Bambang?”

“Mboten, Mbah, kula pengin gojeg sareng kanca-kanca penabuh.”

“Ya wis, ayo, mengko sisan ben diterke tekan omahmu.”

 

“Ya wis, ora usah nangis, ya ngono iku dadi wong panggung. Aku nglenggana kok, biyen sadurunge sliramu dadi sisihanku, aku ya wis ngerti yen sliramu wong panggung. Wong entuk SK PNS rak amarga dadi sindhen pendhapa, to? Ya ngono iku salah sijine godhane, sing penting sliramu tetep nglungguhi jejermu, momong kanca-kanca seniman lan tetep ngrembakakake seni kang wis dadi dalan SK mu.   Wis, aku gek dingetke banyu Dhik, tak adus, aja lali uyah grosok dicepakke ya.”

Kris ngaras bathuk lan ngelapi luh ing pipine Sriyati banjur ngombe teh anget kang wis dicepakke wiwit dheweke durung tekan ngomah. Pangkrangkule marang sisihane diuwali. Sriyati mesem, nadyan mripate isih abang, Sriyati menyat, ngaras pipine Kris banjur tumuju pawon, nggodhog banyu  kanggo adus Kris.

1 thought on “Sindhen

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *