Montor Ethekewer

Cerkak Abednego Afriadi
Katuturake dening Endah Fitriana
Ilustrasi musik Endah Fitriana


DOWNLOAD

 

Olehku tuku montor ethekewer iki amarga antuk arisan kampung, gedhene yo mung sakyuta setengah. Aku rada lega, paling ora aku wis ora mlaku adoh maneh saben mangkat kerja menyang pabrik. Kempolku yo wis ora mlenthung-mlenthung maneh. Semana uga dlamakanku, wis ora mlethek. Anggonku adus esuk-esuk yo ana kaceke amarga kringetku wis ora godres-godres maneh saben tekan kantor. Mbak Sri ora bakal sambat kambonan kringetku sing jarene prengus kaya kandhang wedhus.

Sak elek-eleke montor ethekewer iki, paling ora bisa ngendhani kepinginan kredit montor. Aku dhewe nggumun karo kanca lan tangga teparoku. Blanja sasen namung saukuran Upah Minimum Kabupaten (UMK) bae wis kemlinthi kaya cukup-cukupa anggone ngangsur cicilan montor. Kaya Lik Min kae, amarga ora petungan anggone kredit, ujung-ujunge let nem sasi ora saguh maneh nyicil amarga wektu kuwi wayahe kudu nyepaake wragat sekolah anakke. Entek-entekane nggadheake montor kreditan iku mau. Mula ora nggumun yen saben dina dioprak-oprak debt coletor sing galake kaya asu manak.

***

Supaya ora mocat-macet lan mbrebet-brebet mesine, sadurunge dak enggo wira-wiri ngalor-ngidul ngetan-ngulon, montor weton taun 80-an iki mau dak service-ke dhisik menyang bengkele Lik Mitropedhal. Bengkel sing setiti, lan wangun sak desa iku ora liya maneh yo Bengkel Lik Mitropedhal. Garapane apik, mesin-mesin, kaburasi, kenalpot, kampas rem, kampas perseneleng, lampu ngarep mburi,  riting, postep, sedhel, rante, ban, pelek, ruji, lan kaca spion diupakara kanthi peni yen dienggo. Ya mung rada larang thithik. Nanging kanggoku kuwi ora masalah, wong yo aku bisa mbayar kanthi cara nyicil ping telu saben sasine.

Amarga montor ethekewer iki, anggonku mbribik, alias nyedhaki Mbak Sri iki samsaya kendel. Ndilalah bae saben mulih kerja, mampir toko, salon, nonton basar, njagong, lan pengajian Mbak Sri mesti njaluk dak terake. Aku ya iklas-ilas bae, wong yo katresnan iku butuh pangorbanan, paling ya mung bensin wae ora ana seliter. Rak yo ngono ta?

***

Sing jenenge Retno Sriyatun alias Mbak Sri kuwi umure kacek sepuluh taun, luwih enom saka aku. Nanging, kanca-kanca pabrik kadung nyeluk ¨Mbak¨, semanauga aku. Akeh kanca-kanca sing kenal dheweke amarga wonge kalem, grapyak, pinter masak, lan mungkin bae pinter manak. Hi..hi..hi.. Nanging kurange mung siji. Sssttt….rupane ora patio ayu.

Nanging kanggoku, kuwi ora patio penting. Sing penting saumpamane bae dheweke nampa tembungku, aku gek ndang duwe bojo, ora sida dadi jaka tuwa, beres. Rak ya ngono ta? Apa maneh, umurku iki wis telung puluh lima taun. Pancen wis wayahe aku kudu duwe bojo. Wis wancine ana wanodya sing ngumbahke sandanganku, kayata klambi, kaos, kaos seporot, kathok dowo, kathok cendhak, lan kathok njero. Saben dina dimasakake, digodhogne wedang anget yen wayah mulih kerja, lan sing dak enten-enteni yo kuwi, saben wengi aku wis ora turu dhewekan. Yen ngelingi wektu ngeterake Mbak Sri nonton basar, aku ora kedhep-kedhep anggone nyawang dheweke sing nganggo sandangan sarwo methet, kathok leging methet, lan kaos methet. Apa aku salah yen ora leren-leren anggonku ngelek idu?

***

Ana ing dina Setu, kayata biasane aku dolan menyang omahe Mbak Sri. Karo nyendheake montor iki, aku tansah nggumun amarga ora biasane omah iku akeh reramen para tamu. Rada mindak-mindik, aku nyedhaki omahe. Atiku kaya diiris-iris amarga mangerteni Mbak Sri iku mau lungguh jejer karo wong lanang sing ora dak kenali. Wong lanang iku nyandang jas-jasan lan rambute gundhul plonthos, lan Mbak Sri nyandhang kebaya lan gelungan.

¨Mangga pinarak, Mas!¨ ngono ujare salah sijining nom-noman kang dadi panitia.

¨Wonten acara menapa to Mas?¨

¨Lho, menapa nembe mangertos?¨ ngono wangsulane. ¨Mbak Sri menika nembe tunangan.¨

¨Tunangan? Ngapunten, calone sinten nggih?¨

¨Calone niku naminipun Mas Rangga alias Mas Bethet.¨

¨Sinten niku?¨

¨Wah, niku pun dangu anggene pacaran, Mas! Niku tangga desa sing sak niki sampun dados tentara wonten Papua menika!¨

¨Wo..lha mantenane kapan?¨

¨Krungu-kurungu nggih mboten suwe-suwe malih. Nggih yen mboten klentu sewulan malih.¨

Aku tansah ngunjal ambegan, ngampet rasa cemburu campur nesu. Kupingku dadi krasa kemramyas. Ora krasa mripatku iki yo rada mbrebes mili.

¨Mangga pinarak rumiyin!!¨

¨Ora..ora Mas. Timbang mengko dibedhil sirahku, aku dak lunga bae!¨

Aku langsung mak klepat bali menyang omah, banjur menyang cakruk kumpul karo nom-noman sing lagi ngombe ciu. Sak liyane ngrungoake gitarane para nom-noman sing cemengkring, aku tansah ora mandeg anggonku nyawang lintang-lintang sing sumebar ana ing langit. Naning, wektu iki pancen durung bisa nglaleake Mbak Sri saknalika. Apa maneh yen nyawang montor ethekewer siji iki. Mungkin bae Mbak Sri ora gelem bebojoan karo aku amarga tumpakanku yo mung montor ethekewer iki. Apa maneh aku ya mung buruh kasar ana ing pabrik. Ing atase Mbak Sri sing dadi staff personalia, pancen pantes milih tentara.

¨Man, Giman!¨ si Mbok tansah nyeluki aku. ¨Gelo kae, si Senthot awake adem panas, njur gumoh ora wis-wis. Terna menyang rumah sakit dhisik, Le!¨

¨Waduh, apa demam berdarah yo?¨

Ponakanku Senthot kuwi pancen mesaake tenan. Sibune meteng tuwa, nganggur, bapake ya mung kerja srabutan lan akeh nganggure. Kabeh gumantung marang si Mbok sing dodolan bandeng menyang pasar. Muga-muga anggonku ngedol montor iki cukup kanggo nutup wragat pepriksan sak liyane njagaake kertu Jamkes saka pamarintah. Muga-muga bae ilange montor iki bebarengan karo pangeling-elingku marang Mbak Sri. Muga-muga yen wis nyata bebrayan, Mbak Sri melu bojone menyang Papua, dadi keluarga sakinah, mawaddah, warahmah.

Ngayagjakarta, Malem Jemuah Legi, 29 Oktober 2009

  (Kamuat ing Jurnal Tempe Bosok edisi Kapisanan)

 

Prau Dluwang

Indah Darmastuti
Kamomot ana ing Jagad Jawa Solopos, Kemis Legi, 22 Maret 2018
Katuturake dening Endah Fitriana
Ilustrasi musik Endah Fitriana


DOWNLOAD

Wus sewengi muput udan nggrejeh tanpa leren ndadekake hawa adem njekut, njalari awang-awangen menawa arep metu saka omah. Hla begjane iki dina Setu, dadi bojoku prei anggone nyambutgawe. Wiwit esuk mau dheweke mung lungguh ana pojokan maca buku kandel banget. Kayane maca novel, ning ya embuh wong kapan kae dheweke lungguh njenggugut dak kira maca novel jebul maca primbon kok.

Lagi rong sasi aku lan bojoku manggon ana omah kontrakan kene. Tangga teparo akeh lan rena-rena pagaweyane. Komplet, saka sing sugih mblegedhu nganti mlarat korat-korat. Ana sing grapyak semanak, uga ana sing anggak. Hla wong ya ana kampung, dudu perumahan elit dadi ya kaya lenjongan.

“Bulik Retnoooo…aku tak sekolah dhisik yaa…” suara bocah cilik loro kang wus dak apali. Sigun lan Pulung katon bungah budhal sekolah senadyan udan. Aku nglongok cendela banjur ndadah-ndadah tangan.

“Ati-ati sing mlaku, dalane lunyu…” bocah loro ngacungake jempol karo ngguyu. Saklorone brukut nganggo mantol plastik kaya krupuk, sandalan jepit wus gluprut blethok. Dumadakan Pulung ngendekake laku banjur mbengok:

“Oiya Bulik, aku tak njupuk prahu siji ya, mengko bubar sekolah arep dak kelekake kali cedak pasar.” swarane Pulung cemengkling.

“Aku ya siji, Bulik,” bengoke Sigun.

“Yaa.. dak jupukake ya,” wangsulanku tumuli njupuk prahu werno kuning lan jambon.

“Sing kuning gambar gendera Indonesia kuwi duwekku,” tudinge Sigun.

Banjur saklorone kanthen mlaku ngulon alon-alon. Aku nyawang saka kadohan lan kirim donga muga-muga bocah-bocah kuwi cucuk anggone sekolah. Kasil anggone sinau.

“Sapa kuwi mau, Ret?” pitakone bojoku karo nyopot kaca mripate.

“Bocah-bocah kampung kene kok, Mas. Rukun lan gayeng anggone kekancan. Wus kaya sedulur. Yen awan mulih sekolah kerep dolan mrene. Malah ngewangi aku ngumbah motor barang kok. Lha kuwi ta, prahu-prahu dluwang sing ana meja cedak tivi kuwi sing gawe ya bocah-bocah kuwi mau.” Mas Pur noleh meja kang dak tuding, mung manthuk-manthuk banjur nutukake anggone maca.

Aku banjur nyetlika ana ing ngarep tivi. Amarga ya mung kene iki sing waras. Ngendi-ngendi trocoh, ember lan dandang pating crenuk ana jogan sing ora sepiro ambane. Dadi menawa mlaku kudu pener supaya ora mancal abrak kuwi.

Hla wong mau bengi bae aku turu ngeloni baskom karo manci kanggo nadahi tetesing banyu kang ajeg kaya netese banyu infuse. Bojoku ora uman panggonan, mulane dheweke turu ana njaba, ana kursi dawa. Nalika aku metu ngindaki dheweke, aku ngguyu kepingkel-pingkel. Hla piye ora ngguyu wong dheweke turu karo mantolan, wes ngono nggon pener sirahe iseh diwenehi payung megrok.

“Ngguyumu kok sajak bungah, Ret? entuk hiburan ya awakmu?” celathune.

“Hla yen aku apa kelakon raiku tak plastik, Mas? aku turu miring adep-adepan karo baskom. Saben banyu netes, muncrat ana raiku. Apa ora anyel coba?”

“Yen ngono awakmu mapan turu sangu sabun sisan, dadi sesuk ki tangi wes resik wong wus raup banyu udan,” wangsulane enteng, aku ngguyu sangsaya seru.

Aku karo dheweke lagi limang sasi mantenan, kredit omah lagi proses, dadi ya kudu trima ngontrak dhisik ana omah sak anane. Nanging ora ngira menawa omah iki trocohe rata, apa merga udane iki nganggo angin lan ora mandeg-mandeg.

Nalika udan wus dadi gerimis cilik-cilik, Mas Pur ngukuti abrak tadah trocoh banjur njupuk gombal kanggo nggaringake jogan kang kena puncratan banyu. Meja lan kursi dipapanake tumuli diserbeti.

“Iki kabeh sing nggawe bocah-bocah mau ya, Ret? ya gene kok mung prahu, ora gawe origami liyane?” pitakone Mas Pur nalika nata buku ana meja cedak tivi. Aku nyawang prahu dluwang werna abang sing ana ing tangane bojoku.

“Kuwi dudu prahu embyeh-embyeh, Mas. Saben prahu kuwi amot pengarep-arepe Pulung lan Sigun. Menawa prahu kuwi dibukak lempitane, Mas Pur bisa maca apa sing jadi penggayuhe bocah-bocah mau. Prahu-prahu kuwi arep dikelekake ana kali. Kandhane Pulung, banyu karo angin sing arep numpuk pengarep-arepe banjur diaturake marang Gusti Allah. Nanging aku dhewe ora ngerti apa sing ditulis ana prahu-prahu kono. Kuwi rahasia, jare bocah-bocah,” kandhaku. Mas Pur iseh ngiling-ilingi prahu dluwang werno abang mau. Nalika aku nyelehake klambi sing wus setlikan ana meja, prahu kuwi mau wus wedar.

“Waduh! hla kok dirusak ta, Mas? aja gawe nesune bocah-bocah.”

“Mengko tak balekake kaya asale. Aku mung pingin ngerti apa sing tulis.”

Aku pingin numpak sepur sing dawane padha satus jangkahe Wrekudara, Mas Pur maca tulisan kuwi kepara banter banjur ngguyu kekel.

“Uwis, Mas, cukup siji bae,” aku ngalang-alangi nalika Mas Pur njupuk maneh.

“Eh.. eh.. ojo diowah-owah, Mas! kuwi prahune Pulung,” aku gregeten.

“Siji engkas, Ret.” Tanpa ngrewes aku, Mas Pur banjur ndudah prahu biru duweke Pulung. Atiku mangkel. Kuwi tegese Mas Pur wus nabrak paugeman. Nanging aku banjur cubriya nalika ndelok Mas Pur anggone maca miring sitik sirahe lan alise meh gathuk.

“Apa tulisane, Mas?” Mas Pur ora wangsulan, nanging ngelungake prahu bubrah kuwi. Aku maca tulisan sing wujude kaya supermi diremet.

He, banyu segara, ibuku ana ngendi?

Aku nyawang Mas Pur, banjur dak elungake dluwang kuwi supaya dilempit maneh, dibalekake ana wujud asale.

“Bocah kuwi sapa, Ret? ya gene dheweke nulis kaya ngono?”

“Pulung ki putune Mbah Reso sing manggon cedak kebon etan kae. Sak keloron manggon ana omah gedhek tur cilik, ing sisih pojok mburi ki gedheke wus amoh bolong-bolong. Kira-kira kena kanggo mbrobos gogor umur limang sasi. Yen udan kaya ngene apa ora nelangsa.” Mas Pur ngguyu pait krungu critaku.

“Hla bapak-ibune bocah kuwi ana ngendi?”

“Miturut critane Mbak Susi ibune Sigun, jare bocah kuwi ora duwe bapa-biyung. Suti anake Mbah Reso, mbiyen nglembara ana Jakarta banjur mulih amarga ngandut. Hla bocah lanang sing nggarahi dheweke ngandut kuwi ya gelem tanggung jawab ngawini. Nanging sapa nyana menawa telung ndino sakdurunge ijab, bocah lanang kuwi nabrak klungsu banjur mati.”

“Nabrak klungsu? klungsu asem?”

“Iya. Klungsu asem sing umure suwidak tahun.”

“Wohh… wes dadi uwit asem gedhe ya?” Aku manthuk, Mas Pur nyiwel pipiku.

“Hla ya uwis, Mbak Suti ora sida kawin ta? nanging tetep ngopeni bayi sing ana njero weteng. Nah, banjur Mbak Suti kabare kunduran nalika nglairake Pulung,”

“Oh.. ngono.”

“Pulung kuwi ana kampung kene kancane ya mung Sigun kuwi, Mas. Dheweke kerep dipoyoki amarga jare anak haram. Wus mlarat, ora duwe bapa-biyung, rak ya entek-entekan ta? Hla tujune Mbak Susi ki atine apik, ngandani anake menawa Pulung uga butuh kanca, Pulung uga manungsa titahe Gusti Allah yang duwe hak ditresnani sapadhane ora prelu nyawang agama. Mbak Susi lan bojone uga menehi conto becik, seneng paring pambiyantu karo Mbah Reso, uga kulawargane Pak Kadi sing lara kusta. Mbak Susi lan bojone ora nyiriki Pak Kadi kaya tangga teparo kene. Wong lara ki ora dikarepake, semono uga wong lair ora bisa milih, manungsa ki mung sak titah ta, Mas?” Mas Pur meneng, mripate nyawang adoh embuh apa galihe.

“Kabeh kudu dilakoni sak patrape manungsa nglakoni, Ret,” swarane Mas Pur anteb.

“Banjur sepira adohe dalan kudu dilakoni supaya pantes kasebut manungsa ya, Mas? sepira akehe rasa sedih sungkawa, rekasa ati sing kudu diadhepi nganti dheweke pantes kasebut manungsa? coba ta dirasa kaya ngapa sepine kulawargane Pak Kadi, piye nelangsane Mbah Reso lan Pulung,” swaraku lirih, tipis kaya gremis ing njaban cendela.

“Kabeh wus duwe takdire dhewe-dhewe, Ret. Wus duwe jatah manut ukuran siji lan sijine. Tugase manungsa kuwi ya jadi manungsa, dadi tangga lan kanca kang migunani. Coba mengko aku kancanono menyang nggone Mbah Reso ya, Ret. Aku kok dadi mulat sarira, sak jroning manggon ana kene aku durung tepung tenanan karo tangga teparo kajaba bapak-bapak sing akeh-akehe ngrembuk pulitik yen pas ronda utawa jathon ana angkringan cedak lapangan.” Aku nyanggupi apa penjaluke Mas Pur, banjur ngukuti klambi setlikan mbarengi udan dumadakan nyembur maneh saka langit. Udane mudhun kepara deres malah nganggo angin gedhe.

Mas Pur ngadheg saprelu njupuk manci lan ember maneh, nanging jangkahe wurung amarga keprungu swara grubyag kepara banter ana sisih kiwa rada adoh.

“Swara apa ya, Ret. Ora pati cetho amarga udane deres eram,” mung sedelo aku karo Mas Pur meneng ngenerake kuping, saka kadohan akeh bengokan “tulunggg… tulunggg…”

“Apa kae, Ret?”

“Njupuk mantol, Mas. Indhakana sisih wetan.”

Mas Pur kesusu njupuk mantol banjur bablas rada cepet anggone mlaku. Ora sranti aku enggal nutupi lawang banjur njupuk payung nggoleki tuking swara.

Ana gang ngarep omah, wus akeh tangga teparo padha metu pating jredhul, mlayu ngetan. Aku nututi Bu Anik sing cincing daster nggawa payung.

“Ana apa ta, Bu?’

“Omahe Mbah Reso ambruk, Jeng. Mbah Reso ana njero. Embuh putune mau mangkat sekolah apa ora,” aku njenggerat banjur nyepetake laku ndisiki Bu Anik.

“Rasah mlayu ta, Jeng. Lunyu!!” bengoke Bu Anik dak wangsuli “Iya, Bu. Aku ngati-ati kok.”

Ing kana wus akeh tangga teparo padha mantolan, ndudhah omah bubrahe Mbah Reso. Aku nekseni, warga kampung kene lanang-wadon padha tandang gawe. Bu Narso sing jare musuhan karo Mbak Menur gegara utangan koprasi PKK katon rukun ngupakara abrake Mbah Reso. Pak Janu karo Pakdhe Sur sing wingi kerengan rebutan lahan parkir pasar uga katon guyup.

Mas Pur karo Bojone Mbak Susi lan Pak Teguh mbrengkali kayu lan gendheng sing ngantepi Mbah Reso. Hla rak tenan, saka sisih pojok Mas Pur mundhuk banjur ngangkat awake Mbah Reso kang ringkih. Kabeh padha mbengok supaya Mbah Reso digawa ana Puskesmas. Tanpa mikir dawa aku banjur bali mulih njupuk motor saprelu mapag Pulung ana sekolahane.

Nalika tekan omah, Pulung ndeleleg nyawang papan panggonan sing ringsek. Eluhe ndrojos nyawiji karo banyu udan ing wayah esuk mapag awan kuwi. Lambene pucet nyeluki simbahe kang wus kapundhut Gusti amarga sirahe kambrukan blandar.

Tangga teparo enggal ngukuti, ngringkesi bekakrah lan nyiapake upacara pangrukti laya. Aku lagi mikir banjur kepriye nasibe Pulung, apa sing bisa dak urunke kanggo nulungi Pulung. Embuh kapan tekane, ngerti-ngerti Mbak Susi nyekel pundakku banjur kandha:

“Wengi iki, Pulung wes ben ana ngomahku, Jeng. Sesuk yen wus longgar ayo padha dirembug,” aku manthuk tumuli nyawang Pulung sing ndepipis jejer karo Sigun ana ngemperan Langgar.

Dina iku uga, layone Mbah Reso kapethak, disarekake ana sareyan wetan kali jam telu mau. Warga kampung kene tandang gawe cepet sanadyan gremis lan udan teka gentenan.

Bubar Magrib nalika aku leren lungguhan ana ngarep tivi, Mas Pur mlaku nuju ing meja banjur njupuk prahu dluwang werna ungu. Namatake sedelo tumuli takon:

“Iki dhuweke sapa, Ret?”

“Dhuweke Pulung.”

“Apa titenane geneo awakmu langsung ngerti prahu iki duweke sapa?”

“Prahune Pulung kabeh digambari lintang. Dene prahune Sigun gambare werna-werna.”

Mas Pur manthuk-manthuk banjur ndudah lempitan dluwang, nyawang aku rada suwe banjur ngelungake ana tanganku:

He, banyu segara, ngertiya, ya mung kowe sing gelem nampa aku prahu dluwang sing lola ana ing ndonya.

Mas Pur iseh ngadeg nyawang aku. Prahu dluwang rusak mau ngglethek ana pangkonku. Ning njaba swara gludhug kaya njedhug-njedhug dadaku.

“Yen sliramu gelem, Pulung enggal pulungen, Ret. Pethuken, wus ben urip karo awake dhewe sak anane.” Ora krasa, luh netes ing pipiku.

“Aku ngerti rasane urip lola, Ret. Awakmu wus ngerti sapa aku, kabeh wus dak critakake nalika awake dhewe yang-yangan. Aku uga ora duwe bapa-ibu wiwit umur limang taun.” kandhane Mas Pur karo nggegem tanganku. Aku nangis ngguguk karo ngremet prahu dluwang sing ana pangkonku. Arep dak guwang prahu kuwi, lan sedya ati dadi banyu segara kanggo Pulung, uga kanggo bojoku. []

>