Carita kapethik saka salah sijine fabel relief ing Candi Sojiwan.
Katulis dening : Indah Darmastuti
Swara Bulus dening : Juliana Ira Astuti / Swara Kang Bangau dening : Zukhrufafu Aida
Swara Dhik Bangau dening : Shelvy Eightiarini / Juru Crita dening : Gilang Arietyastanto
Swara warga kang nyoraki Bulus : Rizqi, Astuti, Yessita lan Indah
Kredit musik
1. Ada Apa Anoa? – Sanggar Pedalangan Roso Tunggal Celeban Tahunan Umbulharjo Yogyakarta
2 The Palace Gardens – Asher Fuero
JURU DONGENG
Ing zaman semana, ana sawijining telaga kang kimplah-kimplah banyune. Wit-witan lan sato kewan urip mulya ing kiwa tengen telaga. Ing antarane kewan-kewan mau ana bulus lan bangau cacah loro, kakang adhi.
Bulus lan bangau cacah loro mau kanca raket. Kerep reruntungan bebarengan golek pangan, gegojekan lan andum cerita.
Bulus sing seneng nyaruwe liyan lan gampang merkitik atine ora dadi alangan kekancan karo bangau kakang-adhi. Kekancane kewan telu mau wis mlaku mataon-taon nganti saiki.
Mangsa rendheng wis kliwat, ngerti-ngerti ganti mangsa ketiga. Banyu telaga samsaya susut. Wit-witan padha nyeblokake godhong garing. Pasuketan sing maune ijo royo-royo wis malih soklat garing. Lemah nela ing sapinggiring telaga.
Bulus lan bangau kakang adhi wiwit kangelan golek pangan. Kaya ing wayah esuk iku. Runtang-runtung mlaku ngubengi pinggire telaga nanging ora ana pangan kang seger.
MAS BULUS : Kang Bangau, iki awake dhewe tiwas kesel tekan kene kok ya ora enek panganan. Golek banyu kanggo ngombe apa ya ndadak mlaku adoh tekan tengah telaga.
KANG BANGAU : Lha iya, lha telagane garing. Kae lho banyune muk kari sak uprit ana ing tengahe telaga. Kamangka adate kimplah-kimplah ya.
MAS BULUS : Iya. Wis adoh, panas banget sisan. Mengko tekan kana banjur bali mrene dadi ngelak maneh.
KANG BANGAU : Wis ta, ora usah nggresula. Ora usah akeh ngomong. Yen dingo ngomong terus, samsaya ngelak lho.
MAS BULUS : Lha kowe penak, isa mabur teka ngendi-ngendi. Ndeleng saka nduwur ketok banyu bisa mudhun banjur ngombe.
KANG BANGAU : Lha iya wingi rak wis tak oleh-olehi banyu ta. Saiki ayo tak kancani golek banyu. Supaya bisa ngombe nganti marem.
JURU DONGENG
Banjur sakelorone mau nutukake anggone mlaku saperlu nyucup banyu sing ana ing tengahe telaga. Kang Bangau sabar ngancani Mas Bulus mlaku timik-timik. Alon-alon pungakase ya kelakon.
MAS BULUS : Duh, segere. Sik aku arep ngombe nganti katog.
KANG BANGU : Iya, aku ya tak ngombe.
JURU DONGENG
Sawise Mas Bulus karo Kang Bangau marem lan katog anggone ngombe, banjur sakelorone bali menyang papan panggonan sing biyasane kanggo ngeyup. Yaiku wit Ketapang sing godhonge uga wiwit pada garing. Sakelorone mlaku karo jagongan.
MAS BULUS : Kang Bangau, lha adhimu menyang ngendi?
KANG BANGAU : Mau esuk pamitan, jare arep nonton kahanan. Golek-golek panggonan sing sekirane ana banyu lan isih akeh wit-witan.
MAS BULUS : Wooo.. Survei panggonan?
KANG BANAGU : Iya, jare arep niliki sisih kidul. Kapan kae niliki sisih etan lan kulon, uga pada garing
MAS BULUS : Lha iya ta, jane iki piye ya, kok ndonyane bisa dadi kaya ngene. Udan sedhela banjir. Ngendi-ngendi kebanjiran, bareng panas sedhela ngendi-ngendi lemahe pada nela. Alas kobongan. Jiaannn… jiaannn…
KANG BANGAU : Ha ha ha ha… pancen awakmu ora malih. Kawit aku kekancan karo kowe nganti saiki ya tetep wae. Kabeh-kabeh dikomentari.
MAS BULUS : Lho, aku kan cerdas. Bulus kritis.
KANG BANGAU : Yaa.. wes. Percaya. Lha kowe duwe panemu apa bab kahanan iki?
MAS BULUS : Iya mesthi wae amarga alas dibabati. Wit-witan ditegor kanggo gawe tetek bengek. Sawah diurug kanggo gawe omah. Ya akibate mangsane mawut. Iki sing diarani perubahan iklim, krisis iklim.
KANG BANGAU : Wah, keren tenan kancaku iki.
MAS BULUS : Lho, sapa sik. Aku kok (nada sombong)
KANG BANGAU : Wes, mantap tenan.
MAS BULUS : lha ya coba digagas. Yen miturut itungan, iki iseh mangsa rendheng nanging kok mangsa ketiga kesusu teka. Kecepeten tekane. Nganyelake tenan.
JURU DONGENG
Nalika Mas Bulus lan Kang Bangau lagi jagongan, Dhik Bangau mabur mudhun saka sisih kidul. Yen disawang saka prahenane sing katon sumringah, sajake nemu panggonan kang endah lan nggenah.
DHIK BANGAU : Halo.. haloooo. Halo, Gaesss..
KANG BANGAU : Saka ngendi wae kowe kowe ki, Dhik Bangau?
DHIK BANGAU : Saka ngendi-ngendi, Kang Bangau. Aku mau nemu panggoanan sing akeh iwak cilik-cilik. Keong lan anakan kodok. Wareg tenan aku. Entuk pangan enak kebak gizi. Ndang, goleko pangan ana kana, Kang.
KANG BANGAU : Wah, sip. Aku tak mrana Dhik Bangau. Kancanano Mas Bulus dhisik ya. Aku tak golek iwak. Sik yaaaa….
DHIK BANGAU : Ya, ati-ati Kang Bangau.
MAS BULUS : Dhik Bangau, aku critanono. Saka ngendi wae kowe ki?
DHIK BANGAU : Oh, aku bubar nonton kahanan papan liya, Mas Bulus.
MAS BULUS : Banjur piye kahanan njaba?
DHIK BANGAU : Ngene, Mas Bulus. Aku wis nemu papan sing cocok. Rada adoh, nanging isih akeh wit-witan ngrembuyung. Ana kali ya rada gedhe. Karepku mengko yen Kang Bangau mulih saka golek pangan, lagi arep tak jak rembugan.
MAS BULUS : Kowe sakeloron bisa mabur pindah kana. Lha aku njur kepriye? Mosok ya tega aku mbok tinggal dhewe? Mbok dipikir bareng, piye carane supaya aku bisa melu pindah.
DHIK BANGAU : Wooo, ngono? Ya coba mengko tak rembugan karo Kang Bangau.
JURU DONGENG
Nalika krungu panggresulane Mas Bulus, Dhik Bangau judheg. Lha apa tumon mindah Bulus sing bathoke atos. Mesthi awake abot.
Dhik Bangau nunggu Kang Bangau bali saka golek iwak, banjur pradul karo kangmase, bab panjaluke Mas Bulus.
DHIK BANGAU : Kang, kancamu kuwi aneh. Kan awake dhewe arep pindah papan anyar sing rada adem. Lha kok arep melu. Ya angel.
KANG BANGAU : Jane ya mesakake yen ditinggal dewe ana kene.
DHIK BANGAU : Njur arep mbok gendong mbok gawa mabur? Ha ha ha.
KANG BANGAU : Paling ora yen kudu ninggal dheweke, ya ngomong sing penak. Ben ora rumangsa disingkur. Wong awake dhewe kekancan wis suwe.
DHIK BANGAU : Yowis, ayo neknu saiki nemoni dheweke.
JURU DONGENG
Sawise Kakang Adhi mau rembugan, sakelorone menomi Mas Bulus sing lagi leyeh-leyeh ana ngisor wit Ketapang.
MAS BULUS : Kang Bangau, jare adhimu kowe sakeloron arep pindah saka kene ya?
KANG BANGAU : Iya, karepe pancen mengkono, Mas Bulus.
MAS BULUS : Yagene kowe tega, Kang? Mbok aku ya digawa pindah.
KANG BANGAU : Jane ya ora negakake, nanging kudu kepriye, Mas
Bulus? Eh, Yen miturut kowe piye, Dhik Bangau?
DHIK BANGAU : Piye, ya… sik coba saiki awake dhewe golek cara. Sapa ngerti bisa nggawa Mas Bulus pindah uga, saka kene.
MAS BULUS : Ngene wae, Dhik Bangau. Coba kowe goleko pang sing rada dawa tur kuat. Banjur mengko kowe sakeloron nyengkerem pucuk pang kiwa lan tengen. Aku tak nyokot pang pener tengah. Lha bubar kuwi aku bisa mbok gawa mabur.
DHIK BANGAU : Wuiihhh. Keren. Idemu pancen oye! Sajake sing mengkono iku isa ditindakake ya, Kang?
KANG BANGAU : Bisa wae. Nanging ana syarate. Yen wis digawa mabur Mas Bulus aja nganti…
MAS BULUS : Guneman. Iya ta? Aku aja nganti guneman.
KANG BANGAU : Nah, kuwi. Amarga Mas Bulus ki sitik-sitik komentar. Sitik-sithik maido. Ana barang kemliwer wae tetep disaruwe.
MAS BULUS : Iya iyaaa. Aku tak meneng wae nalika mbok gawa mabur.
DHIK BANGAU : Yowes.. yowes.. aku tak mabur golek pang saiki.
JURU DONGENG
Dhik Bangau banjur mabur ninggalake kangmase karo Mas Bulus sing katon gumbregah, sumringah amarga sedhela meneh bakal duwe pengalaman nyawang papan panggoanan saka nduwur. Dheweke wis nyicil bungah.
Ora suwe, Dhik Bangau teka nggawa pang kepara dawa.
DHIK BANGAU : Nyoh, tak gawakne pang dawa lan bakoh. Ayo gage!
JURU DONGENG
Pang wis cumepak. Kang Bangau nyengkerem pucuk pang sisih kiwa. Dhik Bangau nyengkerem pang sisih tengen. Mas Bulus banjur nyokot pang pener tengah.
DHIK BANGAU : Dieling-eling welinge kakangku ya, Mas Bulus. Pokoke, apa wae sing mbok delok utawa mbok rungokne, rasah gagas. Kudu ngenerake pikiran lan nahan ora guneman nganti teka ing papan panggonan.
JURU DONGENG
Mas Bulus manthuk amarga wes kenceng anggone nyokot pang.
DHIK BANGAU : Siji… loro… telu! Gas!
JURU DONGENG
Whuzzz… whuzzz.. whuzzz…
Kang Bangau lan Dhik Bangau kenceng anggone nyengkerem pucukan pang kiwa lan tengen. Mas Bulus uga kenceng anggone nyokot tengahe pang. Mas Bulus mripate merem amarga wedi, sebab dheweke samar yen hayub-hayuben. Samsaya dhuwur, samsaya adoh. Nanging ora let suwe, Mas Bulus pingin ngerti kaya ngapa rasane ana angkasa. Mripate Mas Bulus mbukak alon-alon. Banjur dheweke bisa nglirik ngisor sanadyan mung sitik.
Jebul papan panggonan disawang saja nduwur kok ya apik eram. Kali, alas, sawah lan kebon katon endah. Kurang sitik, Mas Bulus meh komentar amarga, gumun nyawang kaendahan. Nanging dheweke bisa nahan. Bejane Mas Bulus kelingan menawa dheweke guneman, mesthi bakal tiba.
Kang Bangau lan Dhik Bangau nggawa mabur samsaya adoh. Banjur nalika ana ing sak nduwure sawah lan pategalan, para tani lan sato kewan sing weruh pada gumun. Kabeh ndangkak ndeleng nduwur.
TUKANG SORAK : Horok! Delengen nduwur, apa kae?
TUKANG SORAK : Lhadalah! kae ana bulus kok bisa mabur.
TUKANG SORAK : Mabur piye ta, genah kewer-kewer ngunu kok.
TUKANG SORAK : Arep piknik yakne.
TUKANG SORAK : Wah, akale sip tenan.
TUKANG SORAK : Iya lho… bangau loro kae joz banget, kreatif.
TUKANG SORAK : Kok ya akale mlaku. Bisa nggawa bulus mabur dhuwur. Keren tenan.
TUKANG SORAK : Wagu waguuu.. bulus kok pingin mabur. Wagu. Khayal tenan.
JURU DONGENG
Bulus mabur iku mau ndadekake tontonan wong sak desa. Kabeh padha gumun lan nyubya-nyubya bangau cacah loro, sing jare kreatif lan idene apik.
Nalika Mas Bulus krungu wong sak desa padha nyubya bangau, dheweke ora trima. Amarga, dheweke rumangsa yen nganggo pang iku panemune dheweke, dudu panemune bangau.
Lha kok malah sing disubya bangau sak kelorone.
Mas Bulus rada anyel amarga dadi tontonan wong sakdesa. Nyaruwe sakarepe dewe, malah ana sing nyuraki wagu.
Atine Mas Bulus panas. Dheweke ora trima yen sing ngaburake dheweke kuwi diarani akale bangau. Kamangka iku akale dheweke.
Mas Bulus ora tahan pingin njlentrehake. Banjur dheweke mbengok.
MAS BULUS : Heee…. Kuwi akalkuuuu….
KANG BANGAU : Wooo lha… diweling kok mbrengkele.
DHIK BANGAU : Lhayo. Kon meneng malah mbengok.
JURU DONGENG
Cilaka nasibe Mas Bulus amarga ora waspada. Ya ngunu pungkasane Mas Bulus sing ora kasil njaga ati, pikiran lan tutuke.
CERITA RAMPUNG
Pamungkas
Drama cekak bab Bangau lan Bulus iki, wujud pambiyantu saka dana Fasilitasi Pemajuan Kebudayaan Jawa Tengah 2026.