Iki Bab Emak, Gantine Wong Tuwaku

Cerkak dening Indah Darmastuti
Kawaca dening Endah Fitriana
Ilustrasi musik Endah Fitriana

Wolung puluh yuta rupiyah. Wulan wis nyelengi sakmono akehe wiwit dheweke dagang batik. Kuwi rekening mirunggan, ora didadekake siji karo urusan liya. Ora tau dheweke ngelongi sanajan mung sewu rupiyah, nanging dheweke mestekake sansaya tambah.

Wengi iki saka njero kamare, Wulan ngrungokake waosan ayat-ayat suci Al-Quran. Kumandanging swara sumusup ening ing telenging ati. Wulan ngerti yen kuwi swarane Emak lan ibu-ibu ing Langgar padha sholawatan. Dheweke krasa ayem saben keprungu sholawat. Ora mung ing saben Minggu bengi bareng Ibu-ibu kampung, nanging uga wayah subuh. Karo nyekel tasbih, Emak maos ayat suci kanggo sangu miwiti dina.

Luwih saka telung puluh taun padatan kuwi dilakoni wanita sepuh sing momong Wulan lan kabeh kakang-kakange. Genahe wiwit Emak dadi randha tanpa anak, mara menyang omah kene supaya diparengake ngenger marang Ibu. Mbiyantu karepotane Ibu sing kajejer Nyai, nduweni tekad mulang maca lan nulis marang sak perang wanita wuta aksara ing kampung kana. Uga mulang njait, sak liyane dagang batik.

Tresnane Wulan marang Emak, wus dikaya tresnane marang Ibune dhewe. Apa sing dipangan dheweke, iku uga sing dipangan Emak. Sapa sing dhuwe karep cedhak karo dheweke, kudu gelem uga cedhak karo Emak.

“Kowe iki kajejer “Ning”, wus duweni pangawean apik. Yagene mbok ndhe-ndhe budhal menyang Mekah, dadi dayohe Gusti Allah?” kandhane Gus Suryo setaun kepungkur nalika dheweke ngapeli Wulan.

“Aku ora arep budhal menyang Mekah menawa ora karo Emak, Gus. Aku uga kudu mestekake kabeh urusan ngomah karampungan kalebu toko batik lan pegaweku.”

“Yen dhuwite mung cukup kanggo awakmu dhewe, ya budhal ijen sik. Ngibadah aja dindhe-ndhe.”

“Ora , Gus. Wus dadi nadarku, wus dadi krentek atiku kudu budhal umroh bareng Emak. Emak iku wus ngrumat aku lan kakang-kakangku. Ngrumat Ibu nalika gerah nganti puput yuswa setaun sakwuse Bapak seda. Emak ngabdi ing omah kene wiwit Mas Yus ana TK. Saiki umure Mas Yus patang puluh papat taun, semono dawane Emak ngentekake wektune ana omah iki. Dheweke ora duwe sapa-sapa kajaba brayat kene, Gus. Aku ora bakal ninggalake dheweke.”

“Ya, aku mudheng penggalihmu. Banjur saiki kepriye?”

“Mesthi wae aku kudu nyambut gawe luwih sregep supaya dhuwite sedeng kanggo aku lan Emak budhal menyang Mekah, Insya Allah taun ngarep.”

“Ya wis. Awakmu ki pancen kuwat kekarepane kaya Kiai Murdawa, Ramamu. Panjenengane iku ya kaya mengkono. Yen wus kagungan kekarepan, angel dienggokne. Ya wis muga enggal ana dalane, Ning.” Gus Suryo ngepuk-puk pundak pacangane sing dijodhokake kanggo dheweke. Saumpama ora dijodhokake wae, sakelorone uga ngrumangsani menawa tuwuh rasa tresna ing atine dhewe-dhewe.  Sanajan merlokake wektu kang dawa kanggo Gus Suryo gawe Wulan tresna marang dheweke lan nampa jejodhonan kuwi.

Gus Suryo ngerti Wulan dudu wanita sing manutan, dheweke mandiri lan kritis. Mesthi duwe panemu kangga prakara utawa kedayen apa bae sing kelakon ing sakiwa-tengene. Iku uga kang nggarahi Gus Suryo wuyung wiwit SMA marang Ning Wulan anak ragile Kiai Murdowo.

Kasunyatan pancen ora keliya. Gus Suryo ngerti nalika dheweke kuliyah ing Jakarta lan  Wulan kuliyah ing Malang. Wulan dhuwe gandengan karo sakperang nom-noman sanajan wus dikandani menawa bapak wus dhuwe jodho kanggo dheweke.

Ing sakperang bab, Gus Suryo ora bisa melu cawe-cawe rancangan utawa putusan sing dipilih Wulan. Contone bab budhal menyang Mekah iku. Pepinginane Wulan wiwit mbiyen, yaiku budhal Umroh karo Emak. Umure Emak wis ora enom maneh, dheweke kudu enggal netepi prasetya marang awake sing wus tau kocap ing ngarep pasareane Ibu.

Sesuk dheweke arep kandha marang Emak apa kang wus dadi niate iku. Dheweke mbayangke pasuryane wanita sepuh gantine Ibu iku mesthi bungah. Tau mbiyen sakwijining dina Wulan takon yagene Emak ora omah-omah maneh sanajan ing wektu dadi randha dheweke isih enom banget. Kandhane Emak : dheweke mung tresna karo Abdul sing mati amarga kesetrum listrik ewunan watt rikala nggarap proyek lampu ing dalan. Dadi umure neningkahan pancen mung sedelo.

“Kabar kang sumebar wektu kuwi : Gusti Maha adil iku wus tumindak adil.”

“Apa karepe, Mak?” pitakone Wulan nalika Emak mijeti gegere.

“Amarga jebule ana wanita liya sing ndedonga rina wengi supaya bisa sandingan karo Abdul. Nanging wanita kuwi kudu kapedhot ing katresnan, amarga Abdul pungkasane neningkahan karo Emakmu iki.”

“Emak tepung wanita kuwi?”

“Tepung. Warta sing ora gumathok kuwi nggawe Emak risi, banjur Emak nggoleki sapa wanita sing dikarepke tangga teparo ing wektu kuwi. Hla jebul Maisaroh. Kenya ayu guru TPA. Emak tau nggraita, nanging Emak ki dudu uwong sing seneng duwe panyangka neng liyan banjur ngarani. Emak percaya karo Abdul. Jare dheweke karo Mai mung kekancan. Ya wis!” Emak meneng sawetara. “Wong-wong kampung wus kebacut nduweni panganggep yen Gusti Allah nyembadani dongane Maisaroh sing ngganter. Nanging Gusti Allah uga tresna marang Emak. Mula  Abdul ditimbali kanthi cara memelas supaya wanita sakloron sing padha-padha nresnani Abdul kuwi ngrasakne sedhih sing padha, ngono warta kang kasebar,” Emak ngguyu mungkasi ceritane.

“Banjur kepiye karo Maisaroh kuwi, Mak?” Wulan penasaran.

“Mai lan Emak malah dadi kanca nganti seprene. Ning. Emak lan Mai tetep kekancan. Mai omah-omah rong taun sakwuse matine Abdul. Nanging uga wus dadi randha wiwit nem taun kepungkur. Mai ora gelem diwayuh. Dheweke milih pegatan lan ninggalake omah tilas bojone. Nanging pancen bojone Mai iku ora dhuwe suba suta, dheweke ora ngopeni ibune. Karana ora tega nyawang tilas mertuwane urip ijen kamangka uwis tuwa, Maisaroh ngukup ibu mertuwane banjur dirumat ana omah sewan.”

“Nganti seprene, Mak?”

“Ora. Ibu mertuwane wis seda. Nanging wektu kuwi, mertuwane Maisaroh ora gelem manggon ana omah sewan amarga dheweke rumangsa isih duwe omah. Dadi Mai dijak bali neng omah lawas, bebarengan urip ana omah kuwi. Tilas bojone Mai mung teka kadang kala amarga dheweke uwis pindah njobo kutha. Banjur sakwise seda, omah kuwi di dol, Mai mung diwenehi pirang rupiyah pinangka opah sak suwene ngrumat ibune.”

“Dhuh, kok bisa ya kancane Emak kuwi?”

“Yo kuwilah kang njalari Emak tetep tresna karo Mai, Ning. Sanajan Emak ngerti dheweke mbiyen seneng karo bojone Emak. Dheweke bocah apik, atine lila legawa. Ora ana bathine Emak nggething dheweke. Wong bojone Emak ya wis ora ana.”

“Bali neng wiwitan, Mak. Wulan mau takon, yagene Emak ora gelem omah-omah maneh? Tresnane Emak karo Pak Abdul tenan-tenan ora ana ijole ya, Mak?” Emak mesem.

“Pirang-pirang tembungan wus ditampik Emak. Bu Nyai uga ora kurang-kurang anggone ngojok-ojoki. Nanging Emak wis seneng lan marem momong awakmu, Ning. Uga kadung tresna marang kakang-kakangmu, para Gus sing saiki uwis padha dadi uwong.”

***

Emak. Dheweke isih nyimpen ayune lair lan batin. Eseme lila legawa, ngrampungi kabeh pagaweyan ing omah gede kuwi. Kanthi bungah dheweke nyencem wedang jae kencur kanggo Wulan kaya bengi iki.

“Matur nuwun banget, Mak.”

“Uwis Sholat Isya, Ning?”

“Uwis, Mak.”

“Wah, kadingaren pas wektune.”

“Selak ora sranta pingin rembugan karo Emak.”

“Bab apa?” Emak ngerutne bathuk kisute.

“Mak, lungguh kene karo Ening.” Mak manut, lungguh neng jejere Wulan, banjur nyelehake tangane neng pangkon.

“Mak, sakdurunge Wulan ngaturake panuwun, amarga Emak wis momong Wulan lan kakang-kakang. Ngrumati Rama lan Ibu. Ngrewangi Ibu ngrampungi kabeh pagaweyan omah, luwih-luwih nyuguhi para dayoh lan siswane Ibu. Maturnuwun amarga Emak uwis dadi Ibu kanggo Wulan. Saiki keparengno Wulan matur sakwijine bab.”

 Luh ing mripate Wulan ndlewer ana pipine kang tanpa paesan banjur netes ana pangkone. Praenane Emak ajeg. Dheweke wus sedya menawa Ninge wus ora merlokake awake lan dheweke kudu lunga saka omah kuwi mbuh amarga apa.

“Aja sumelang, Ning. Emak bakal ngrungokake kanthi legawa,”

“Wulan butuh layang tetenger Emak. Taun iki, Wulan kepingin ngejak Emak budhal menyang Mekah. Awake dewe Umroh bareng, Mak. Kuwi prasetyanku marang awakku dhewe lan wus kaaturkae ana ngarep pasareane Ibu. Wulan arep gage ngurus kabeh, Mak. Insya Allah lancar awake dhewe bisa budhal Mekah ing tengahing taun iki.” Kandhane Wulan ngati-ati. Di sawang pasuryan sepuh sing ana ngarepe. Kelingan nalika Emak nggendong, nalika nganthi tangan cilik e menyang Taman Kanak-kanak. Mbayangake Emak ndulang sak sendok mbaka sak sendok bubur nalika Ibu nglegeyeh gerah.

“Piye, Mak?”

“Ning, pancen mulya tenan atimu. Emak nganti ora bisa kandha apa-apa. Bu Nyai lan Pak Kiai tenan jembar kubure, ayem kaswargan. Nanging pangapurane ya, Ning. Emak ora bisa.”

Mendah kaget e Wulan. Deweke ora nyangkani Emak arep ngomong kaya mangkono. Tampikane kuwi nggawe awake gumeter. Esem kasukan sing dibayangne ora dadi kasunyatan.

“Keneng opo kok ora, Mak? Duwit e Wulan sedeng dinggo awake dewe budhal dadi dayohe Allah!” Wulan ngotot.

“Emak mundhi prasetya. Emak ora arep mblenjani. Ora bisa Emak budhal neng Mekah tanpa Maisaroh. Emak lan Mai wis sarujuk menawa iso neng Mekah, kudu budhal bareng wong loro, ndongakne Abdul bebarengan neng ngarep Ka’bah. Nanging menawa ora ono rejeki neng Mekah, ya uwis, arep ndongakake Abdul saka panggonane dewe-dewe. Kui wis dadi nadar antara Emak lan mai, Ning. Emak ora pengen mblenjani. Ning budhal ijen, sokur-sokur bareng Gus Suryo. Emak ndedonga ngibadah lan pandongamu lan Gus kasembadan. Kayekten. Dadi menungsa sing migunani lan….”

“Maaaakkk… mataun-taun Wulan nyelengi, ngenteni wektu kang endah iki. Nanging Emak tampik!” Wulan wiwit mingsek-mingsek. Emak ngadeg lan ngrangkul Ning-e.

“Kekancan e Emak lan mai ora bakal kaukur karo opo wae, Ning. Maisaroh genah sedhih mestine. Mbiyen deweke mesti ndedonga supaya iso urip bareng Abdul, banjur Emak ngremuk kekarepane. Saiki opo ya Emak arep mupus kekarepane pisan maneh karo ninggal deweke budhal neng Mekah? Emak ora tega,Ning.” Wulan nampik tangane Emak, deweke gage-gage lunga, mlebu kamar lan ora metu-metu.

Esuk e, nalika kaya biasane Emak nyepakne sarapan, Wulan lungguh, neng ngarepe sak cangkir teh isih kemebul.

“Mak, tenan Emak ora gelem budhal bareng Wulan?” Emak manthuk tenanan.

“Ya wis, Mak, kaya Emak, Wulan uga ora arep mblenjani. Ora arep ngrusak prasetyane Wulan marang swargi Ibu. Cepakne layang-layang Emak lan mengko bengi tulung terne Wulan neng omahe Bu Maisaroh. Emak lan Bu Maisarohkudu budhal neng Mekah, netepi prasetyane Wulan marang Ibu sisan nglakoni opo sing uwis Emak lan Bu Maisaroh sarujuki.

“Ora, Ning.”

“Wulan ora arep mblenjani, Mak,” ujare karo ringkes-ringkes tas lan ponsel e, banjur ninggalke Emak ngadeg ora obah.

Emak ndangak, mripate teles. Tangan e nangkup, lambene gumeter. Allahhu Akhbar! Allahhu Akhbar!