Anggitan: Endah Fitriana
Katuturake dening Endah Fitrina
Ilustrasi Musik Endah Fitriana
DOWNLOAD
Mbok…
Aku ketemu dheweke
Werkudara saiki pasuryane aclum
Gagah pideksa sing biyen
Tan ana tilase
Babar blassss….
Simbok..
Ana sapletik rasa
Pengin nyaketi
Nanging….
Tatu ati iki
Isih durung kena disayuti
Yung…
Tresnaku
Pangarep-arepku
Wis kebacut tak pupus
Kanggo nebus
Esemmu kang tulus
Lakuku tan kena mandheg tumoleh
Aku kudu mrantansi …!!!
Biyung…
Aku lila
Pangarep-arep lan tresnaku
Kentir ing tengah segara
Mung iku pisungsungku
Kanggomu
Sawiji….!!!
9 Oktober 2010 pukul 16.29