Kathok

Cerkak : Abednego Afriadi
Kawaca dening Endah Fitriana
Ilustrasi musik Endah Fitriana

“Yen ora gelem nyawang ya wis ta, ora usah nyawang? Lha wong perkara kathok wae ndadak digedhek-gedhekne, kaya ora ana gawean liyane?” ujare Yu Kambil karo malangkerik, sengol lan mencab-menceb.

“Yen panggonmu nyandhang kaya ngono kuwi ana pawon, senthong utawa kolah ora papa. Lha iki kan ana warung sak pinggire ndalan, ana sekolahan. Rak ya ora pantes disawang. Lha wong liyan-liyane nyandhang gruput kok kono dhewe sing nyeleneh,” ujare Dedi karo cengar-cengir kukur-kukur githoke dhewe.

“Ya ben ta? Wong ya kathok-kathokku dhewe, olehku tuku ya tuku dhewe, dhuitku dhewe. Huh…padhakne kene ngemis wae..”

“Halah..Iya ya, kuwi kathokmu, sing tuku kowe..Nanging panggonanmu nyandhang kathok iki kan panggonane wong sak kabehe. Aja ngeyel kaya ngono kuwi ta?”

“Aku sak jane mudheng kok, sapa sing sejatine ora betah nyawang aku kathokan cendhak, sapa sing kepingin aku lunga saka kampung kene! Dupeh aku randha banjur dianggep benalu!”

“Asss. embuh Yu..Karepku iki ya ming ngandhani apik-apik. Wangsulanmu malah mbetotong kaya bangkong.”

“Uwiss..uwis..ora usah diterusakue!! Sing waras ngalah!!! Ngalah!!!”

“Kaya putih-putiha!! Kaya mulus-mulusa!! Lha wong sikil sak gebug maling kebak varises ngono kok ya dipamerke!!”

“Ya ben ta!! Sing penting kan wis payu, wis tau payu..Ora kaya kowe…Ooo eling-eling yen jaka tuwa….Huhh..Gayamu kuliah dhuwur-dhuwur, wacananmu koran, buku filsafat lan pulitik, ujung-ujunge ming ameh nembung wong wadon wae ora wani, wanine ming SMS. Apa kuwi??? Luput-lupute yen duwe pacar wanine apel yen wayah awan. Apa kuwi??? Ora jantan!!!”

“Halah….wis tau payuuuu….kuwi beda yen wis payuu…Tak kandani ya…anane aku isih dadi jaka tuwa iki amarga pancen aku kudu selektif milih wanodya, apa maneh zaman saiki. Ora kaya kowe kuwi…grusa-grusu rabi amarga ora bisa ngampet nepsu…Ujung-ujunge LKMD, lamar keri meteng dhisik, MBA, merried by accident.”

“Ooo……njaluk tak bialang kambil tenan kowe?????”

***

Ya wis kaya ngono kuwi. Ora esuk, ora awan, ora sore, ora wengi, kakang-adhi iku ora tau rukun. Sajak ora eling nalika padha tangisan lan rangkul-rangkulan sak durunge Yu Kambil pamit merantau ana Jakarta. Gandheng saiki manggon sak omah maneh sak wise Yu Kambil pegatan, saben dina grombyangan wiwit perkara sepele nganti tekan perkara sing paling nggegirisi, yaiku padha ngajak paten-patenan.

Pekara anyar kang dadi udreg-udreg’an krompyangan iku perkara kathok. Sak jane sepele. Kayata kedaden sesai kepungkur. Yu Kambil dilabrak Yu Gemi jalaran bojone nyimpen fotone Yu Kambil nalika nyandhang kathok cendhak lan singletan ana ing handphone.

“Yen ameh golek bojo anyar kuwi mbok ya dhudha wae, sukur-sukur isih jaka. Rak ya bisa dienggo jamu, ngen bisa awet enom…”

“Sik..sik..sik sing arep ngrebut bojone wong liya ya sapa??”

“Ya kowe kuwi…senengane ngirim foto ora nggenah!!”

“Sing ngirim ki ya sapa???”

“Ya awakmu kuwi?? Mongsok, fotone bojone dhewe ora tau disimpen nanging fotone tanggane disimpen nganti ngebak-ngebaki memori…”

“Eh yu..yen ngomong ati-ati lho…Bisa tak tuntut kowe..Perkataanmu sungguh tidak menyenangkan!!!” ujare kanthi logat kayadene pengacara-pengacara ana tivi kae.

“Ya sak lumrahe..Sapa sing lila bojone direbut wong liya???”

“Bojomu kuwi sing gatelen. Indak indik Facebook, banjur fotone dikopi!!!!”

“Halahh!!! Apus-apus!!”

Yu Kambil samsaya muntab. Ora bisa nahan gregeting ati, sanadyan wis bolak-balik ngunjal ambegan. Tangane sing krempyangan gelang maneka warna iku banjur nyandhak rambute Yu Gemi sing kriting kemriwil, banjur mithing gulu nganti Yu Gemi keselak-selak. Sikile tengen dipalangake ana ing sikil kiwane Yu Gemi kanggo mbanting. Nanging amarga padha lemune, banjur loro-lorone jiblok glasaran ana pingir dalan.

“Wis gek ndang dipisahh..Ora ilok..Wong wadon kok gelut pethakilan pating pethothok ora nggenah!!!” ujare Lik Warin.

“Ora usah dipisah…idhep-idhep nonton MMA gratis lan siaran langsung!!” semaure nom-noman sing lagi thenguk-thenguk ana warung dhawet ngisor ringin.

“Huss!! Lambemu!!!”

“Malah bisa diunggahne ana Youtube, bisa entuk dolar,” ujare liyane.

“Ngawurr!!! Mengko bisa kena undang-undang IT kapok kowe!!”

***

Ming perkata kathok wae malah dadi ngambra-ambra tekan ngendi-endi. Loro-lorone padha menyang kantor pulisi, padha-padha lapurane. Sijine lapur amarga tumindak penganiayaan, sejene lapur amarga perbuatan tidak menyenangkan.

Sawijining petugas ana Polsek nganti bingung dhewe amarga wektune lapur bareng breng, kemriyek, lan malah krompyangan cecet cowet ora karuan. Warga liyane kang lapur golek SKCK milih minggir timbang melu-melu kesampluk wanodya kang awake bisa diarani kuru semangka iku.

Sawijining petugas mau gage ngurupke HT, ngujar nganggo basa sandhi kanggo Pak Kapolsek.

Ora perlu kesuwen anggone nunggu, Kapolsek banjur markirke mobil patroli sing ngangkut para warga sing kejaring razia.

“Eneng apa?” ujare Kapolsek.

Para warga, Yu Gemi lan Yu Kambil langsung meneng nggejejet. Mak klakep mingkem jalaran ngampet ngguyu nalika nyawang Pak Kapolsek nyandhang kaos ketat kathok leging macan tutul. Lambene abang amarga bengesan lan rambute dicet abang kaya landa keblasuk.

“Saking pundi Pak?Prrttt..Brrrttt?” pitakone sawijining petugas abang ireng sajak ngampet ngguyu, semana uga Yu Kambil, Yu Gemi lan para warga kang ngantri njaluk SKCK.

“Iki mau aku nyamar dadi bencong,” ujare Pak Kapolsek agawe petugas, Yu Gemi, lan Yu Kambil ngguyu kepingkel-pingkal ora sida nesu.

Nanging, sak tengahe guyune, Yu Kambil nguceg-uceg mripate. Sajak setengah percaya, nalika nyawang Dedi, adine lanang gandheng marang wong wadon kanti ndhungkluk kisinan, jumejer bareng para warga kang kena razia.  

“Di, kowe karo pacarmu kok kecekel ki bubar seka ngendi?”

“Bar tak cekel ana kamar hotel….” semaure Pak Kapolsek.

Mojosongo, November 2017

Bagikan Postingan ini

Leave a Comment